Keboan Aliyan Osing
Keboan Aliyan Osing inggih punika tradhisi unik ingkang dipun wontenaken minangka srana kanggé kawilujengan désa lan wujud sukur atas panèn ingkang sampun dipun paringaken déning Gusti tumrap bebrayan Osing wonten ing Kabupatèn Banyuwangi, Propinsi Jawi Wétan.[1] Ritual puniki rutin katindakaken saben taun sepisan saben wulan Muharram utawi Sura ing pananggalan Jawi, ingkang dipun cariyosaken wiwit abad kaping 18.[2] Bebrayan Osing pitaya yèn ritual kasebat boten dipun tindakaken, bakal wonten pageblug ing désanipun.[3] Wiwit taun 2016 saking Direktorat Jenderal Kebudayaan Bidang Warisan Budaya Takbenda Kementerian Pendidikan lan Kebudayaan Républik Indhonésia sampun netepaken tradhisi Keboan Aliyan Osing dados WBTB.
Cikal-bakal
[besut | besut sumber]Keboan Aliyan Osing dipun lampahaken déning tiyang jaler lema ingkang macak kados kebo, nganggé tudhung awujud sungu damelan lan nganggé kalung klinthing supados katingal kados kebo.[4] Dhèwèkipun ugi blonyo awak kanthi cairan cemeng ingkang limrahipun kadamel saking lisah lan areng.[5] Lajeng mlampah-mlampah kanthi narik luku ing pinggir margi désa kanthi kairing musik tradhisional Banyuwangi. Tampilan ritual kebo-keboan wonten ing kalurahan Aliyan, kapanéwon Ragajampi dipun wiwiti saking pageblug (epidemi). Inggih punika jinis sesakit ingkang gegirisi lan awrat pados jampinipun, amargi ingkang kénging énjing bakal pejah ing wanci siyang, yèn ketaman dalu bakal pejah ing wanci énjing lan sapiturutipun.[6] Kawontenan ingkang nemen, sesepuh désa ingkang asmanipun Mbah Karti semèdi wonten ing punthuk. Salebeting semedi, tokoh ingkang dipepundhi puniki pikantuk ilham, wosipun warga dipun dhawuhi nindakaken ritual kebo-keboan lan ngluhuraken Dèwi Sri utawi tiyang ingkang kapitaya minangka simbul kamakmuran.[7]
Lelampahan
[besut | besut sumber]Sadèrèngipun Acara
[besut | besut sumber]Sewulan sadèrèngipun upacara adat kebo-keboan dipun wontenaken pamilihan ketua panitia déning sedaya warga dhusun satemah para anggota ugi saking warga dhusun. Sasampunipun ketua panitia kapilih, ketua panitia milih anggota miterat kaprigelanipun. Panitia anggagdhahi jejibahan kanggé nyawisaken sedaya kabutuhan upacara, nata upacara saking wiwitan ngantos pungkasan upacara. Kagiyatan salajengipun inggih punika damel gapura saking palawija. Padamelan gapura punika dipuntindakaken kanthi gugur gunung antawisipun warga désa. Saasanèsipun damel gapura saking palawija, ugi damel kréta Dewi Sri lan panggung. Gapura palawija mengku tegesi kasil panen ing bebrayan Osing saé. Sedaya jinis palawija saénipun kapendhet minangka rerenggan ing gapura palawija. Gapura palawija kadamel saben RT, mila kados-kados wonten sayembara damel gapura palawija paling saé.[8]
Acara Inti
[besut | besut sumber]Tanem palawija minangka babak wiwitan ing acara panggih upacara adat Kebo-keboan. Warga sami grejegan tanpa pandeng-pandengan laré enèm lan sepuh nanem jinis palawija ing pinggir margi kanthi pangajeng-ajeng ngenjang saged suksès lan ngasilaken woh ingkang migunani kanggé nyengkuyung ékonomi kulawarganipun piyambak-piyambak. Palawija ingkang dipun tanem masyarakat ing saben margi dhusun wiwit saking Kilèn, Wétan, Kidul lan Lèr kanthi jejeg ing salah satunggal titik tengah ngantos sekawan pojok.[9] Ing sapanjang margi panggénan taneman kasebat dipun umpamakaken kalihan lahan tetanèn masyarakat ing dhusun ingkang salajengipun wonten gegayutanipun kalihan prosèsi ngleksanakake acara. Sasampunipun rerangkèning kagiyatan nanem palawija lan nyawisaken donga kawilujengan, salajengipun kirab kawilujengan désa utawi bersih désa.[10] Rikala dinten kaleksanan sedaya warga dhusun sami nglempak ing margi bekta piranti upacara ingkang limrah dipun wastani ancak utawi sekul tumpeng, saben ancak nganggé klasa. Ingkang unik inggih punika tiyang-tiyang ingkang tumut prosès kawilujengan ngutamakaken tiyang ingkang rawuh utawi penonton saking njawi désa.[11] Rerangkèning arak-arakan salajengipun inggih punika arak-arakan ider bumi ingkang ngubengi dhusun lumantar sekawan pancer inggih punika Wétan, Kilèn, Lèr, saha Kidul, ingkang dipun wiwiti saking sisih Kilén minangka titik kumpul tengah. Arak-arakan punika gadhah ancas kanggé ngiringi pralambang Dèwi Sri.[12] Sasanèsipun kebo-keboan, ugi wonten paguyuban tani jaler lan èstri ugi pawang kebo.[13] Arak-arakan Dèwi Sri mlampah sinambi nembangaken tembang Dèwi Sri. Kebo dipun paragani déning manungsa, arak-arakan Ider Bumi dipun pandhégani déning Buldrah, tokoh ingkang katingal anggadhahi kaprigellan ing babagan tetanèn. Arak-arakan ider bumi sengaja nyakup maneka warni kagunan rakyat Osing. Kagunan puniku kalebèt ing upacara adat Kebo-keboan sasanèsipun kanggé narik kawigatèn para rawuh ugi kanggé narik wulu pamedal ingkang tumanja. Kagunan utami inggih punika kesenian tradhisional, kalebet Barong ider bumi, tari Gandrung, Angklung Paglak, Damarwulan utawa Jinggoan, Kuntul, Buta Jaranan. Sedaya jinis kagunan tumut pawai Ider Bumi. Sadèrèngipun dipun lampahi slulupan, jangkah ingkang sepisanan inggih punika nyempit kebo utawi nyekar kebo.[14] Remet puniki ugi kapitaya saged nambani sesakit napa kémawon lan saged nambani tiyang ingkang kangslupan roh.[15] Kathah warga ingkang sami rebutan nyuwun remet kanggé dipun gosok ing saranduning badan, utaminipun ing pasuryan.
Rujukan
[besut | besut sumber]- ↑ Dinas Pariwisata. Calendar of Events 2006 Let’s Go Banyuwangi Next To Bali. Banyuwangi: Dinas Kebudayaan dan Pariwisata Kabupaten Banyuwangi. 2006
- ↑ Tim Penerbitan Buku BSP. Blambangan Selayang Pandang. Banyuwangi: Pemda Tingkat II Kabupaten Banyuwangi. 2000
- ↑ Kusumo, Rizky (2021-06-28). "Kebo-keboan Tradhisi 300 taun Bebrayan Banyuwangi kanggé Nggusah Pageblug (saking basa Indhonésia)". Good News From Indonesia. Dibukak ing 2023-02-26.
- ↑ Arifianto, Hermawan (2022-05-11). "Kebo-keboan Miwiti Acara Tradhisis Puter Kayun wonten ing Banyuwangi (saking basa Indhonésia)". Liputan 6. Dibukak ing 2023-02-26.
- ↑ Fanani, Ardian (2022-07-03). "Keboan Aliyan Banyuwangi Tradhisi Rikala Warga Malih Dados Kebo (saking basa Indhonésia)". Detik Jatim. Dibukak ing 2023-02-26.
- ↑ Suukarelawati, Endang (2011-12-04). "Warga Osing Bayuwangi Gelar Ritual Kebo-keboan". Antara. Dibukak ing 2023-02-26.
- ↑ WBTB, Admin (2016-01-01). "Warisan Budaya Keboan-Aliyan Osing". Kementrian Pendidikan dan Kebudayaan. Dibukak ing 2023-02-26.
- ↑ Graha Lestari, Dina Eka (2020-02-02). "Upacara Adat Kebo-Keboan Desa Alas Malang". An-Nas Jurnal Humaniora. 4: 30–45.
- ↑ Kompas, Tim (2022-03-01). "Upacara Adat Kebo-keboan Banyuwangi, Sujarah, Ancas, lan Kaleksananipun (saking basa Indhonésia)". Kompas.com. Dibukak ing 2023-02-26.
- ↑ Keboan Aliyan Banyuwangi, Tradisi Agraria saat Warga Berubah Menjadi “Kerbau” | Berita Banyuwangi (banyuwangikab.go.id)
- ↑ Suprapti. (1995). Nilai - Nilai Kemasyarakatan. Jakarta: Departemen Pendidikan Dan Kebudayaan.
- ↑ Eva Damayanti, Aulia Mika (2018). Mitos dalam Upacara Adat Kebo-keboan Masyarakat Osing di Desa Alasmalang Kabupaten Banyuwangi: Kajian Etnografi. Jember: Universitas Negeri Jember.
- ↑ Tradisi Kebo-Keboan Suku Osing Banyuwangi (banyuwangibagus.com)
- ↑ Kumparan, Travel (2018-01-10). "Mirsani Kridhaning Manungsa Kebo ing Tradhisi Kebo-keboan Banyuwangi (saking basa Indhonésia)". Kumparan. Dibukak ing 2023-02-26.
- ↑ Arifin, Syamsul (2022-07-31). "Tradhisi Mistis Keboan Aliyan Banyuwangi Puluhan Warga Kangslupan Siluman Kebo (saking basa Indhonésia)". Times Indonesia. Dibukak ing 2023-02-26.