Pacé

Saka Wikipédia, Bauwarna Mardika abasa Jawa / Saking Wikipédia, Bauwarna Mardika abasa Jawi
Langsung menyang: pandhu arah, golèk
Pace
godhong lan wohing PaceMorinda citrifolia
Klasifikasi èlmiah
krajan: Plantae
(unranked): Angiosperms
(unranked): Eudicots
(unranked): Asterids
ordo: Gentianales
kulawarga: Rubiaceae
Genus: Morinda
Species: M. citrifolia
Jeneng binomial
Morinda citrifolia
L.
Noni, Morinda citrifolia

Pacé kang ndhuweni jeneng latin Morinda citrifolia, uga asring kasebat Indian mulberry utawa awl tree.[1].(Basa Aceh: keumeudee, Jawa: pace, kemudu, kudu); cangkudu (Sunda), kodhuk (Madura), tibah (Bali) kanthi asal saka dhaerah Asia Kidul-wétan, kagolong jroning famili Rubiaceae. Jeneng manca Pacé ing kulawarga tandhuran yaiku Noni (basa Hawaii), Nono (basa Tahiti), Nonu (basa Tonga), ungcoikan (basa Myanmar) lan Ach (basa Hindi). Wit pace bisa urip nganti 4-8 meter.[1] Pang pace yaiku kayune duweni bentuk bunder, lan kulit kasar.[1] Godhonge, kang disebut basa Latin Morindae citrifolia Follium, duweni werna ijo, tunggal, bunder endhog , pucuk lan bongkote lincip, pinggir rata, dawa 10-40 cm, amba 5-17 cm, balung godhong menyirip, lan pang godhongé cilik.[1] Kembangé werna putih, diarani Morindae citrifolia Radix, majemuk, wujud bongkol, nduweni pang, panggonane ing ketiak godhong, benangsari lima.[1] Woh pace kulite ora rata, basa latiné Morindae citrifolia Fructus, ing wanci isih nom, wohe wernané ijo, sansaya tuwa sansaya kuning, lan sawise mateng wernane putih transparan, ambune ora enak, daginge putih, rasané pedhes, la ana wijine.[1] Wiji pace kaya wajik, wernané soklat abang.[1] Dene oyoté Morindae citrifolia Radix, wernané soklat abang, oyot tunggang.[1]

Bab lan Paragraf

[sunting] Penyakit kang nyerang wit pace

BECAK GODHONG.[2] Ditemokake dening Koorders (1907) ing wit pace ing Purworejo.[2] Becak godhong gedhe, garis tengahe 1-1,5 cm, akeh, wernané awu layan.[2] Becak sing wis tuwa pecah saengga ndadekake bolong.[2] Panyakit iki amarga Jamur Physalospora morindae Koord.[2]

[sunting] Basa liyané pacé ing wewengkon liya sajroning dhaérah Indonésia

  1. Mengkudu (Nasional.[1]
  2. Kemudu (Acèh).[1]
  3. Leodu (Enggano).[1]
  4. Bakudu (Batak).[1]
  5. Bangkudu (Batak Toba, Angkola, dan Melayu).[1]
  6. Paramai (Mandailing).[1]
  7. Makudu (Nias).[1]
  8. Nateu (Mentawai).[1]
  9. Bingkudu (Minangkabau).[1]
  10. Mekudu (Lampung).[1]
  11. Cangkudu (Sunda).[1]
  12. Kuduk (Madura).[1]
  13. Wungkudu (Bali).[1]
  14. Aikombo (Nusa Tenggara, Sumba).[1]
  15. Manakudu (Roté).[1]
  16. Bakulu (Timor).[1]
  17. Mangkudu (Dayak Ngaju, Kalimantan).[1]

Tanduran kuwi duwéni zat-zat : metil, asetilester lan kapron danasam-kapril, morindadiol lan soranyidiol[3].Metil asetil ester ing pacé kanggo matèni kuman.[3]senyawa moridoné duwéni khasiat minangka obat pencahar dene senyawa soranyidiol kanggo nglancaraké nguyuh. [3] Pacé uga duwéni khasiat minangka obat cacing[3].

[sunting] Nguatake Daya Tahan Awak

Penelitian kang dilakokaké déning Dr. Schechter (Institut Pengobatan Alami di California) nuduhaké data-data kang wigati babagan kabisan sari woh Mengkudu, antarané yaiku :

  1. Ngrangsang produksi sel T ing sistem kekebalan awak (sel T duwéni peranan kang wigati kanggo nglawan penyakit) [3].
  2. Nguwataké sistem kekebalan awak, mliginé makrofaset lan limfosit saka sèl darah putih [3].
  3. Nuduhaké èfèk anti baktèri [3].
  4. Duwéni èfèk anti rasa lara/nyeri (analgesik)[3].
  5. Mampetaké gedhéné sel-sel pra kanker/tumor yaiku kanthi normalaké fungsi sel-sel kang abnormal [3].

Mona Harrison, MD saka Boston University School of Medicine lan direktur medis ing D.C. General Hospital,USA nerangaké yèn pacé nambah fungsi kelenjar tiroid lan kelenjar timus, kang dipercaya nglawan infeksi lan masalah-masalah kang ana hubungané marang sistem kekebalan awak.[3]

[sunting] Normalake Tekanan Darah

Miturut Neil Solomon, MD.PhD, woh pace nduweni zat fitonutrien, yaiku scopoletin kanggo nggedhekake saluran pembuluh darah sing nyiut.[3] Mangkene iki ndadekake jantung ora perlu kerja luwih abot kanggo mompa getih, saengga tekanan darah dadi normal.[3] Uji coba marang kewan nuduhake yen scopoletin bisa ngudhunake tekanan darah tinggi lan normal dadi rendah (hipotensi sing abnormal).[3] Nanging, scopoletin singa ana ing woh pace bisa interaksi sinergis karo nutraceuticals (panganan sing kanggo pangobatan) liyane kanggo njaga tekanan darah tinggi dadi normal, nanging ora ngudhunake tekanan darah sing wis normal.[3] Durung nate ditemokake kasus tekanan darah normal mudhun nganti ndadadekake tekanan darah rendah (hipotensi).[3] Para ahli saka Universitas Stanford, Universitas Hawaii, University of California (UCLA), Union College of London, Universitas of Meets ing Perancis sing wis nyinaoni pace sarujuk yen tanduran iki nduweni peran ngudhunake tekanan darah ing akeh kasus.[3]

[sunting] Obat herbal :

  1. Hipertensi : 2 woh pace dibuang isine banjur diparut.[4] 1 timun diparut lan diperes, campur parutan pace lan banyu timun, tambahi gula aren lan 2 gelas banyu panas, disaring.[4] Diombe sedina kaping telu.[4]
  2. Cacing Gelang : 2 woh pace digodhog banjur diparut, diwenehi sesendok uyah.[4] Peres nganggo kain.[4] Diombe sedina kaping telu.[4]
  3. Nglanjarake nguyuh : padha karo resep cacing gelang.[4]
  4. Watuk : 2 woh pace digodhog banjur diparut, diwenehi gula batu sacukupe lan banyu peresan jeruk nipis sithik wae.[4] Diombe sedina kaping telu.[4]
  5. Diabetes : godhong pace dikumbah banjur digodhog nganti mateng, bisa uga godhong dipangan nganggo lalapan.[4]
  6. Radang usus : 2 godhong pace dikumbah, banjur dibebeg, peres wenehi madu secukupe.[4] Diombe sedina kaping pindho.[4]
  7. Diare anak : 2 godhong pace dikumbah, banjur diolesi minyak goreng, lan angetke ing ndhuwur geni nganti alum.[4] Tempelake godhong ing weteng lan geger, blebet ganggo gurita.[4]
  8. Kulit mbesisik : 1 woh pace diremet, banjur digosokake ing kulit sing mbesisik.[4] Enengke udakara 15 menit, banjur kumbah nganggo banyu anget.[4]
  9. Hepatitis : 2 woh pace mateng banjur diparut.[4] Campur gula batu sacukupe.[4] Diombe sedina kaping pindho.[4]
  10. Eksem : kumbah 1 woh pace, tambah kulit wit pace sithik wae, oyod pace, banjur digodhog.[4] sawise adhem dienggo ngumbah eksem.[4]
  11. Ketombe : 2 utawa 3 woh pace mateng diremet tambahi banyu sithik wae.[4] Peres.[4] Banyune dienggo keramas.[4] enengke udakara 5 menit, bilas nganggo banyu resik, bisa nganggo sampo kanggo ngilangi ambune.[4]
  12. Encok, pegel linu : Kumbahen 5 lembar godhong pace sing rada gedhe, olesi minyak klapa lan angetke ing ndhuwur geni nganti alum.[4] Panas-panas tempelake ing panggonan sing krasa lara.[4]
  13. Difteri : Pace mateng 4 woh dikumbah, banjur diparut, peres nganggo kain.[5]. Banyu peresan dienggo kemuing tenggorok (gargle) udakara 2 - 3 menit banjur di leg (diombe).[5] Sedina 3 x 3 sendok mangan.[5]
  14. idu getih: Mangan woh pace mateng.[5]

[sunting] Gallery

[sunting] Cathetan Suku

  1. a b c d e f g h i j k l m n o p q r s t u v w x y (id) Sjabana, Dripa dan Ramadhani R B. 2002.Seri Referensi Herbal, Pesona Tradisional & Ilmiah, Mengkudu. Hal 4-7. Jakarta: Salemba Medika
  2. a b c d e (id) Semangun, Haryono. 1989. Penyakit-Penyakit Tanaman Hortikultura Hal 626. Yogjakarta: UGM Press
  3. a b c d e f g h i j k l m n o p (id).anneahira.:Tanaman Obat Mengkudu(dipunundhuh tanggal 2 Maret 2011)
  4. a b c d e f g h i j k l m n o p q r s t u v w x y z aa (id)jamu-herbal.com:mengkudu Morinda citrifolia(dipunundhuh tanggal 2 Maret 2011)
  5. a b c d (id).tanaman-obat.com.:Tanaman Obat Mengkudu(dipunundhuh tanggal 2 Maret 2011)
Sumber artikel punika saking kaca situs web: "http://jv.wikipedia.org/w/index.php?title=Pacé&oldid=681375"
Piranti pribadi
Ruang jeneng

Varian
Tindakan
Pandhu Arah
kothak piranti
Basa sanès