Hepatitis
Hépatitis yaiku aran kang dienggo kanggo kabèh penyakit peradangan ati utawa liver.[1] Peradangan kuwi istilah kanggo rusaké jaringan kanthi tanda saya aboh ing salah sijining pérangan awak.[2] Penyakit hepatitis kuwi ana rong tipe, yaiku hepatitis akut sing suwene kurang saka 6 sasi lan hepatitis kronis sing suwene luwih saka 6 sasi.[3]
Bab lan Paragraf |
Sebab-sebab [sunting]
Bab-bab kang marakaké penyakit hèpatitis kuwi dipérang dadi loro, yaiku virus lan nonvirus.[3] Virus utama kang marakaké hépatitis yaiku virus hépatitis A, B, C, D, lan E.[3] Saliyané virus utama kuwi mau ana virus liya kang uga bisa marakaké hepatitis.[3] Virus-virus liyané kuwi yaiku mononukleusis infeksiosa, demam kuning, lan sitomegalovirus.[3] Dene sebab nonvirus kuwi bisa saka alkohol lan obat-obatan.[3]
Jinis Hepatitis lan Cara Nimbalé [sunting]
Saben jinis penyakit hépatitis duwé cara nimbal déwé-déwé kaya kang dijlèntrèhaké ing ngisor iki.[4]
- Hepatitis A kuwi salah siji penyakit hépatitis kang paling kerep kedadèn merga cara nimbalé kang gampang, yaiku liwat fésés.[4] fésés kuwi gampang banget ngrusuhi pakanan lan banyu kanthi sarana kewan kayata laler.[4]
- Hepatitis B cara nimbalé ora segampang hépatitis A. Virus Hepatitis B nimbal liwat getih lan produk getih.[3]. Saliyané saka getih, Hepatitis B uga ditimbalaké liwat banyu mani, regetan vagina, ASI, lan iler.[5]
- Hepatitis C rata-rata ditimbalaké liwat transfusi getih lan dom suntik. Akeh-akehé sing ketimbalan hepatitis C kuwi pecandu narkoba.[4]
- Hepatitis D nimbal maring wong sing wis kecanduan obat-obatan.[4] Biyasané nimbal bebarengan karo Hépatitis B lan ndadékaké Hepatitis B saya nemen larané.[4]
- Hepatitis E duwé cara kang pada karo cara nimbalé hépatitis A, yaiku nimbal liwat panganan lan ombénan kang ora resik.[4] Umume nimbal ing negara-negara kawuri.[4]
- Hepatitis F durung ana katrangan kang gamblang ngenani hépatitis F iki merga kasus sing ana mung sithik.[6]
- Hepatitis G iki diidentifikasi jinis anyar saka virus hépatitis . Katrangan ngenani virus hepatitis G iki uga durung akèh.[6]
Tanda-tanda penyakit Hépatitis [sunting]
Tanda-tanda umum yen wong kena hepatitis yaiku.[7]
- Lemes lan cepet kesel.
- Metu werna kuning ing membran / selaput permukaan organ nganti selaput kulit.
Tanda-tanda sing luwih khusus manut jinis hépatitis yaiku kaya sing dijléntréhaké ing ngisor iki.[8]
- Hépatitis A :Minggu sepisan, pasièn ngalami lara kaya lara kuning, lemes, panas terus-terusan, ilang rasa kepengin mangan, mutah-mutah, ngelu, lan uyuh sing wernane ireng.[8]
- Hépatitis B :Khusus tanda hépatitis B akut yakuwi panas, lara weteng, lan kulit katon luwih kuning. Paling ketok yen werna awak malih bisa dingeti saka dhaérah mata bagian putih (sklera). Nanging kanggo hépatitis B kronik, tanda-tandané ora katon.[8]
- Hépatitis C :Luwih kerep ora ngatonaké tanda apa-apa. Nanging sama-samar tanda hepatitis C iki yaiku cepet kesel, nafsu mangan ilang, lara weteng, urine katon peteng, kulit lan mata katon kuning (jaundice).[8]
- Hépatitis D :Biyasané tanda-tanda hepatitis D iki metu ujug-ujug kayata flu, panas, penyakit kuning, uyuh warna ireng lan feses warna ireng semu abang.[9]
- Hépatitis E :Ora ana tanda sing katon nalika virus hépatitis E iki nyerang bocah cilik, nanging yen nyerang wong tuwa, tanda-tandané yaiku flu,lara weteng, penyakit kuning, uyuh warna ireng.[10]
- Hepatitis F :
- Hepatitis G :Ora ana tanda khusus ing penyakit hepatitis G iki.[6]