Virus

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa
Virus
Virus influenza, dideleng nganggo mikroskop èlèktron
Virus classification
Group: I–VII
Kelas


I: Virus dsDNA
II: Virus ssDNA
III: Virus dsRNA
IV: Virus (+)ssRNA
V: Virus (−)ssRNA
VI: Virus ssRNA-RT
VII: Virus dsDNA-RT

Virus iku parasit kanthi ukuran mikroskopik kang nginfèksi sèl organisme biologis. Virus mung bisa reproduksi ing sajeroning material urip kanthi nginvasi lan ngendhalèkaké sèl makluk urip amarga virus ora duwé kalengkapan selular kanggo reproduksi dhéwé. Istilah virus racaké ngrujuk marang partikel-partikel kang nginfèksi sèl-sèl eukariota (organisme multisel lan akèh jinis organisme sèl tunggal), sauntara istilah bakteriofage utawa fage dipigunakaké kanggo jinis kang nyerang jinis-jinis sèl prokariota (bakteri lan organisme liya kang ora duwé inti sèl). Lumrahé virus ngandhut sethithik asem nukleat (DNA utawa RNA, nanging dudu kombinasi kaloroné) kang disingkupi siji bahan panglindhung kang kasusun saka protéin, lipid, glikoprotein, utawa kombinasi kateluné. Genom virus nyandi protéinprotéin kang dipigunakaké kanggo ngamot bahan genetikgenetik uga protéinprotéin kang dibutuhaké sajeroning daur uripé.

Virus asring didhebataké statusé minangka makluk urip amarga virus ora bisa nglakokaké fungsi biologisé kanthi bébas. Amarga karakteristik khasé iki virus mesthi kaasosiasi karo lelara tinentu, ing manungsa (upamané virus influensa lan HIV), kéwan (upamané virus flu burung), utawa ing tetuwuhan (upamané virus mosaik mbako/TMV).

Sajarah penemuan[besut | besut sumber]

  • Virus njebar saka sadurungé masehi, kathi dijelasake ing jinis-jinis panemuan salah sijiné kabukti ngenani virus sajeroning hieroglyph ing Memphis, kutha krajan Mesir kuna (1400SM) kang nemu lelara poliomyelitis, babagan liya virus ngenani panjenengané kasimpul minangka virus ngenani Raja Pirngon Ramses V banjr tilar donya taun 1196 SM lan dipercaya tilar donya amarga serangan virus Smallpox
  • Ing sadurugé masehi, virus endemik kang misuwur salah sijiné virus Smallpox kang nyerang masarakat cina ing taun 1000. Ing taun 1798 , Edward Jenner nemu ing kampung masarakat kang duwé pangawean meres susu duwé kekebalan ing virus pox. Kaanan mangkono dinuga amarga Virus Pox kang ana ing sapi, ngelindungi manungsa saka Pox. Panemuan mau uga dipahami lan banjur dadi pelopor panggunaan vaksin.

Covid-19[besut | besut sumber]

Molekul sing nduwe sesambungan kanggo enzim ACE 2 manungsa sing disimulasikake ing paku corona.Mulam palsu sesambungan karo reseptor ACE 2 sing ana ing membran sel. Sawise iku, koronavirus Cina "nyurung" reseptor kasebut menyang sel kasebut lan nyuntik RNA sawise ana.[1]

Pirsanana uga[besut | besut sumber]

Cathetan[besut | besut sumber]

  1. "Kepiye proses koronavirus?".