Prokariota

Saka Wikipédia, Bauwarna Mardika abasa Jawa / Saking Wikipédia, Bauwarna Mardika abasa Jawi
Langsung menyang: pandhu arah, pados

Prokariota iku organisme sing ora nduwèni nuklei lan membran kanggo nyimpen bahan-bahan genetika (béda banget karo organisme Eukariota sing nduwèni nuklei lan membran jroning inti sèlé, saéngga bahan-bahan genetikané kakumpul ing nuklei kasebut) lan umumé minangka organisme uniselular (nanging jroning sawetara kasus, ana uga organisme prokariota sing multiselular).

Akèh-akèhé prokariota iku baktèri. Carl Woese, sawijining ahli mikrobiologi saka Amèrika Sarékat, mbagi prokariota dadi baktèri lan archaea (disebut uga eubacteria lan archaebacteria) amarga ana prabédan gedhé ing susunan genetik saka kaloroné. Pambagéan dadi eukariota, baktèri, lan archaea disebut uga sistem telung domain.

Sumber artikel punika saking kaca situs web: "http://jv.wikipedia.org/w/index.php?title=Prokariota&oldid=535193"