Manuk cendrawasih

Saka Wikipédia, Bauwarna Mardika abasa Jawa / Saking Wikipédia, Bauwarna Mardika abasa Jawi
Langsung menyang: pandhu arah, pados
Manuk Cendrawasih
Jantan diwasa Cendrawasih Kuning-cilik,
Paradisaea minor
Klasifikasi èlmiah
krajan: Animalia
filum: Chordata
kelas: Aves
ordo: Passeriformes
kulawarga: Paradisaeidae
Genera

13, pirsani dhaptar ing ngisor

manuk cendrawasih

Manuk Cendrawasih uga diarani Bird of Paradise.[1] Manuk iki kalebu manuk khas saka Papua.[1] Saka 43 spesies kang kalebu manuk kang nduwèni elar éndah, 35 spesiés ditemokaké ing Papua.[1]

Wulu kang apik utamané ditemokaké ing cendrawasih lanang.[2] Wuluné cerah banget lan ana kombinasi werna ireng, coklat rada abang, oranye, kuning, putih, biru, ijo lan ungu.[1] Spesiés cendrawasih kang paling ditepungi yaiku Paradisaea apoda, Paradisaea minor, Cicinnurus regius, lan Seleucidis melanoleuca.[1]

Manuk cendrawasih biyasané urip ing alas kang akèh wit-witané lan ing dhataran asor.[1] Manuk cendrawasih biyasané wiwit ngocèh lan dolanan nalika srengéngé njedhul ing wayah ésuk.[1] Cendrawsih lanang nduwèni wulu kang apik lan éndah ing guluné. [1]Tujuwané wulu kang éndah iki supaya bisa narik kawigatèn kanggo cendrawasih wadon.[1] Jogètan cendrawasih lanang élok banget.[1] Karo nyanyi ing ndhuwur wit, cendrawasih lanang biyasané karo goyang-goyang malah nganti malik gemantung ing pang.[1] Ananging saben spesiés cendrawasih nduwèni jogètan kang khas dhéwé-dhéwé.[1]

Jinis[sunting | sunting sumber]

Rata-rata satwa ing Papua nduwèni kaunikan kang khas.[1] Manuk cendrawasih kalebu salah siji manuk kang nduwèni jeneng èlmiah kang tegesé swarga, agung, éndah lan apik.[1] Robby Sawaki, salah sawijiné seniman tradhisional Papua, nerangaké yèn manuk cendrawasih kaya widodari kang ora nduwé sikil utawa diarani Apoda.[1] Ing basa Latin manuk iki kena diarani paradisaea apoda.[1] Manuk kang éndah lan ora nduwé sikil dipercaya asalé ora saka ndonya awit manuk iki mlaku lan mangkring ing wit.[1]

Ana telung puluh jinis manuk cendrawasih ing Indonésia, 28 saka iku ditemokaké ing Papua kang dadi habitat saka cendrawasih paradigalla carunculata, cendrawasih kang buntuté dawa diarani astrapia nigra, cendrawasih paratia parotia sefilata, cendrawasih Wilson cicinnurus respublica, lan cendrawasih abang paradiasea rubra.[1]

Jinis-jinis saka Parasaeidae[sunting | sunting sumber]

Genus Lycocorax

Genus Manucodia

Genus Paradigalla

Genus Astrapia

Genus Parotia

Genus Pteridophora

Genus Lophorina

Genus Ptiloris

Genus Epimachus

  • Epimachus fastuosus
  • Epimachus meyeri
  • Epimachus albertisi
  • Epimachus bruijnii

Genus Cicinnurus

  • Cicinnurus magnificus
  • Cicinnurus respublica
  • Cicinnurus regius

Genus Semioptera

  • Semioptera wallacii

Genus Seleucidis

  • Seleucidis melanoleuca

Genus Paradisaea

  • Paradisaea minor
  • Paradisaea apoda
  • Paradisaea raggiana
  • Paradisaea decora
  • Paradisaea rubra
  • Paradisaea guilielmi
  • Paradisaea rudolphi


"Melampitta" Gedhé

  • Melampitta Gedhé, "Melampitta" gigantea - diklompokaké ing kéné kanggo sauntara

Sadurungé diklompokaké ing kéné

Punah[sunting | sunting sumber]

Manuk cendrawsih diarani manuk swarga. [1]Biyèn manuk iki nduwèni populasi kang akèh banget ing Papua, nanging merga terus diburu saéngga populasiné suda akèh. [1]Saliyané iku, alas kang kanggo urip cendrawasih uga sangsaya kurang amarga alas kang ditegori.[1] Saéngga habitaté cendrawasih saya kurang.[1] Andreas Lameki, Kepala Dinas Kahutanan Biak Numfor nerangaké yèn paburon manuk cendrawasih sabeneré wis dilarang kanthi anané surat kaputusan Mentri Kahutanan, nanging merga regané larang banget ing pasar saéngga manuk iki terus dicekel.[1]

Habitat[sunting | sunting sumber]

Manuk cendrawasih akèh ditemokaké ing Papua, Papua Nugini nganti tekan Australia Wétan.[3] Cendrawasih raja, cendrawasih botak, cendrawasih abang, toowa, lan cendrawasih cilik buntut kuning, kalebu kéwan kang kacathet ing dhaftar satwa kang direksa miturut UU No 5 Taun 1990 lan PP RI No 7 Taun 1999.[1]

Ing pasar-pasar manuk ing Jakarta, akèh manuk cendrawasih padha didol kanthi ilégal.[1] Saben sakmanuk didol kanthi rega 1,2 yuta.[1] Para kolèktor uga wani tuku manuk cendrawasih lan diawètké.[1] Saliyané iku manuk cendrawasih kang wis diawètake uga didol kanthi rega 750 éwu nganti sayuta rupiah.[1]

Langka[sunting | sunting sumber]

Status cendrawasih saiki kalebu kéwan kang langka.[4] Cendrawasih direksa kanthi UU No 5 Taun 1990 lan Peraturan Pamaréntah RI No 7 Taun 1999.[4] Iku tegesé, cendrawasih raja, cendrawasih botak, cendrawasih abang, toowa, lan cendrawasih cilik buntut kuning ora éntuk diburu lan didol.[4] Wiwit jaman Walanda, kolonialis Walanda wis nglarang paburon manuk cendrawasih ing Pulo Yos Sudarso.[4] Sawisé kawin, manuk cedrawasih wadon mung ngasilaké endhog kang cacahé siji nganti telu glundhung.[4] Kahanan iki kang ndadèkaké manuk cendrawasih sangsaya sithik cacahé, apa manèh padha diburu kanggo didol.[4]

Wulu[sunting | sunting sumber]

Wulu ing bagéyan dhadhané manuk cendrawasih lanang bisa malih.[5] Manuk rajawali kang bisa nglakoni iki yaiku saka spesiés Parotia lawesii, salah sawijiné manuk cendrawasih kang habitaté ing Papua Nugini.[5]

Kanyatan iki diungkap ing asil panalitèn Daniel Osorio, professor èlmu saraf saka Universitas Sussex, karo kancané kang dipublikasikaké ing jurnal Proceeding of the Royal Society B.[5]

Werna wulu kang malèh iki sabeneré mung apusan mata.[5] Saka ngarep wulu ing bagéyan dhadha kétok rada kuning oranyé. Yèn didelok saka iringan werna manuk cendrawasih bakal kétok rada ijo campur biru.[5] Pangamatan mikroskop cahya lan èlèktron ndungkap yèn werna wulu kang bisa malih ing manuk cendrawasih lanang iku disebabaké amerga struktur mikro kang diarani barbules, utawa bisa diarani bagéyan wulu kang paling cilik saka struktur wulu.[5]

Èlmuwan nerangaké, struktur barbules ora silindris kaya pang wit kang paling cilik, ananging bentuké kaya bumerang, tegesé struktur iku ora bisa dadi kaya telung kaca ing ruwang ganti ing toko klambi.[5] Kayadené kaca kang tengah bisa mantulaké werna kuning oranyé.[5] Déné kaca liyané mantulaké werna ijo rada biru.[5] Kadadéyan iki nyebabaké werna kang malih kanthi cepet.[5]

Kawin[sunting | sunting sumber]

Wulu dhadha kang kaya-kaya bisa malih wernané miturut para èlmuwan kadadéyan saka prosès evolusioner kanggo mbantu manuk cendrawasih lanang supaya bisa narik kawigatèn manuk cendrawasih wadon.[5] Sadurungé kawin manuk cendrawasih lanang ngresiki awaké ing suket lan ing tanduran kang nganggu nganggu cucuké.[5] Sawisé iku manuk cendrawasih lanang banjur dansa lan ngetokaké swara. Sawisé iku, manuk iki kaya-kaya ngadeg jejeg lan ngembangaké elaré kanthi amba saéngga katon kaya bocah cilik lagi nganggo rok.[5] Tujuwané kanggo narik kawigatèn manuk cendrawasih wadon.[5]

Galeri[sunting | sunting sumber]

Chatetan sikil[sunting | sunting sumber]

  1. ^ a b c d e f g h i j k l m n o p q r s t u v w x y z aa ab (id)burung.org(diundhuh tanggal 22 Mei 2011)
  2. ^ (id)burungkicauan.net(diundhuh tanggal 22 Mei 2011)
  3. ^ (id)artikelhot.com(diundhuh tanggal 22 Mei 2011)
  4. ^ a b c d e f (id)bataviase.co.id(diundhuh tanggal 22 Mei 2011]
  5. ^ a b c d e f g h i j k l m n (id)forum.vivanews.com(diundhuh tanggal 22 Mei 2011)

Pranala njaba[sunting | sunting sumber]

Logo Wikimedia Commons
Pirsani galeri bab Manuk cendrawasih ing Wikimedia Commons.
Sumber artikel punika saking kaca situs web: "http://jv.wikipedia.org/w/index.php?title=Manuk_cendrawasih&oldid=830356"