Kabupatèn Purbalingga
|
|
|
![]() Koordinat : 101°11’ – 109°35’ BW, 7°10’ – 7°29’ LK |
|
|
|
|
| Provinsi | Jawa Tengah |
| Ibukutha | Purbalingga |
| Jembar | 777.764,122 ha (2,39% luas Jawa Tengah) |
| Pedunung | |
| · Cacahé | 890.779 (2007) |
| · Kapadhetan | 1.343,19 jiwa/km² |
| Pamérangan administratif | |
| · Kecamatan | 18 |
| · Désa/kelurahan | 239 |
| Dhasar hukum | UU No. 13/1950 |
| Tanggal | - |
| Dina dadi | {{{hari jadi}}} |
| Bupati | Drs. H. Heru Sudjatmoko, M.Si |
| Kodhe area telepon | 0281 |
| APBD | {{{apbd}}} |
| DAU | Rp. 263.393.000.000 |
| Suku bangsa | Wong Jawa |
| Basa | Basa Jawa lan Basa Indonesia |
| Agama | Islam, Protestan, Katulik, Hindhu lan Buddha |
| Flora resmi | {{{flora}}} |
| Fauna resmi | {{{fauna}}} |
| Zona wektu | {{{zona waktu}}} |
| Bandhar udhara | {{{bandar udhara}}} |
|
Situs web resmi: http://www.purbalinggakab.go.id/ |
|
Kabupatèn Purbalingga iku salah siji kabupatèn ing Jawa Tengah, lokasiné ing sisih kulon, kutha Purbalingga iku ibukutha kabupatèné, kutha-kutha liyané : ---, lan liya-liyané. Luas wilayah Kabupatèn iki ± 777,65 km² utawa --- hèktar.
Bab lan Paragraf |
Sajarah[sunting]
Kyai Arsantaka sing nalika isih timur asesilih Kyai Arsakusuma iku putra Bupati Onje II. Sakwisé dngancik diwasa kyai Arsakusuma ninggalaké Kadipaten Onje nglakoni lelana menyang wétan lan saktekané désa Masaran (Saiki ing Kecamatan Bawang, Kabupaten Banjarnegara) diangkat anak déning Kyai Wanakusuma sing isih anak keturunan Kyai Ageng Giring saka Mataram. Ing taun 1740 – 1760, Kyai Arsantaka dadi demang ing Kademangan Pagendolan (saiki klebu wilayah desa Masaran), sawijining wilayah sing isih ana ing sangisoring pamaréntahan Karanglewas (saiki klebu kecamatan Kutasari, Purbalingga) sing dipimpin déning Tumenggung Dipayuda I. Amarga jasa Kyai Arsantaka marang Kadipaten Banyumas jroning perang Jenar, mula Adipati banyumas R. Tumenggung Yudanegara ngangkat putra Kyai Arsantaka sing aran Kyai Arsayuda dadi mantu. Sabanjuré Kyai Arsayuda dadi Tumenggung Karangwelas kanthi gelar Raden Tumenggung Dipayuda III. Sabanjuré, pusat pamaréntahan dipiindah saka Karanglewas menyang desa Purbalingga kanthi mbangun pendhapa Kabupaten lan alun-alun. Jeneng Purbalingga iki bisa dideleng ing crita-crita babad, yakuwi Babad Onje, Babad Purbalingga, Babad Banyumas lan Babad Jambukarang. Saliyané papat babad kasebut, bisa diurut saka arsip-arsip paninggalan Pamaréntah Hindia Walanda sing kasimpen ing koleksi Aarsip Nasional Republik Indonesia. Miturut sumber-sumber kasebut, mula liwat Peraturan daerah (perda) No. 15 Taun 1996 tanggal 19 Nopember 1996, ditetepaké dina dadi Kabupaten Purbalingga yakuwi 18 Desember 1830 utawa 3 Rajab 1246 Hijriah utawa 3 Rajab 1758 Je.[1]
Geografis[sunting]
Kabupaten Purbalingga dumunung ing posisi 101°11’ – 109°35’ Bujur Wetan, lan 7°10’ – 7°29’ Lintang Kidul.[2] Wates administratipe yaiku :
- Sisih Lor : Kabupaten Pemalang;
- Sisih Kidul : Kabupaten Banyumas lan Banjarnegara;
- Sisih Wetan : Kabupaten Banjarnegara.
- Sisih Kulon : Kabupaten Banyumas;
Purbalingga dumunung ing cekungan sing diapit sawetara rangkaian pagunungan. Ing sisih lor minangka rangkaian pagunungan (Gunung Slamet lan Dataran Tinggi Dieng). Sisih kidul arupa Depresi Serayu, sing diilèni loro kali gedhé yakuwi Kali Serayu lan anak kaliné, Kali Pekacangan. Ibukutha Kabupaten Purbalingga dumunung ing sisih kulon wilayah kabupaten, watara 21 km sisih wétan Purwakerta.
Pemerentahan[sunting]
Kabupatèn Purbalingga katata jroning 18 kecamatan, --- kelurahan lan --- desa.
Kecamatan-Kecamatan ing Kabupatèn Purbalingga yaiku: , Kecamatan Bobotsari, Kecamatan Bojongsari, Kecamatan Bukateja, Kecamatan Kaligondang, Kecamatan Kalimanah, Kecamatan Karanganyar, Kecamatan Karangjambu, Kecamatan Karangmoncol, Kecamatan Karangreja, Kecamatan Kejobong, Kecamatan Kemangkon, Kecamatan Kertanegara, Kecamatan Kutasari, Kecamatan Mrebet, Kecamatan Padamara, Kecamatan Pengadegan, Kecamatan Purbalingga, Kecamatan Rembang
Referensi[sunting]
- ^ Situs web Pemkab Purbalingga
- ^ (id)[1](diundhuh tanggal 22 Maret 2011)
Mangga Kapurih Ugi Mriksani[sunting]
Pranala Jaba[sunting]
|
|||||||
|
||||||||||||||||||
