Jakat

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa
(Kaelih saka Zakat)
Artikel iki bagéyan saka sèri
Islam
Rukun Islam
Sahadat · Salat · Pasa
Jakat · Kaji
Rukun Iman
Allah · Kuran · Malaékat
Nabi · Dina Akhir
Qada & Qadar
Tokoh Islam
Mukamad
Nabi & Rasul · Sakabat
Ahlul Bait
Kutha suci
Mekkah ·Madinah · Yérusalem
Najaf · Karbala · Kufah
Kazimain · Mashhad ·Istanbul
Riyaya
Éjrah · Idul Fitri · Idul Adha
· Asyura · Ghadir Khum
Arsitèktur
Mesjid ·Menara ·Mihrab
Ka'bah · Arsitèktur Islam
Jabatan Fungsional
Khalifah ·Ulama ·
Imam·Mullah·Ayatullah · Mufti
Tèks & Ukum
Kuran ·Kadis · Sunah
Fiqih · Fatwa · Saréngat
Madahab
Sunni
Kanapi ·Kambali
Maliki ·Sapingi
Singah
Rolas Imam
Ismailiyah·Zaidiyah
Liyané
Ibadi · Khawarij
Murji'ah·Mu'taziliyah
Delengen uga
Gapura Islam
Indeks perkara Islam

Jakat utawa zakat mungguh basa artiné susuci, barokah, katut pujian. Lan utawi mungguh istilah "syara" ya iku aran ka dué barang kang dén petokaken saking barang atawa badan ing atasé dadakan kang dén tangtokaken.[1] ku pajeg tumrap barang darbé utawa pametu kanggo kang nggilut agama Islam. Jakat dadi rukun angka papat ing rukun Islam.

Sacara barès jakat tegesé "tuwuh", "ngrembaka", "nucèkaké" utawa "ngresiki". Déné kanthi terminologi saréngat, jakat tegesé awèh sapérangan raja-kaya kanthi cacah lan pétungan tinamtu marang wong kang kasrakat lan miturut tata carané.

Ukum[besut | besut sumber]

Jakat minangka salah siji rukun Islam lan dadi salah siji anasir pokok mungguh saréngat Islam.[2] Mula, ukum jakat iku wajib (fardhu) kanggo saben wong muslim kang wis nyukupi syarat-syarat tartamtu.[2] Jakat kalebu kategori ngibadah (kaya salat, kaji, lan pasa) kang wis ditata kanthi rinci lan patèn sajeroning Kuran lan As Sunat, sisan minangka amal sosial kamasyarakatan lan kamanungsan kang bisa tuwuh ngrembaka miturut tuwuhing manungsa.

Banda kang wajib dizakati[besut | besut sumber]

  • Emas, pérak , lan piranti liyané kang saemper karo iku, banda tambang, banda kapendhem kang saemper karo iku, sarta dhuwit.[2]
  • Rajakaya kaya onta lan wedhus.[2]

Werna-warna Jakat[besut | besut sumber]

Jakat kapérang dadi rong jinis yaiku

  • Jakat pitrah, jakat kang wajib ditokaké wong Muslim ngadhepi tekaning Idul Fitri ing sasi Ramelan. Gedhéné Jakat iki watara 2,5 kilogram panganan pokok kang ana ing panggonan iku.
  • Jakat Maal (Jakat Rajakaya), kalebu kasil dagangan, tetanèn, tambang, kasil sagara, kasil miara kéwan, harta temon, emas lan pérak sarta kasil makarya (profesi). Saben jinis nduwé pétungané dhéwé-dhéwé.

Kang hak nampa[besut | besut sumber]

  • Fakir-yaiku wong kang mèh ora duwé apa-apa saéngga ora kuwawa nyukupi kabutuhan pokok uripé.
  • Miskin-yaiku wong kang duwé kaya nanging ora cukup kanggo nyukupi kabutuhan dhasar uripé.
  • Amil-yaiku wong kang ngumpulaké lan mbagèkaké jakat.
  • Muallaf-yaiku wong kang lagi waé lumebu Islam lan mbutuhaké bantuan kanggo nyocogaké karo kaanan anyar
  • Hamba Sahaya-yaiku wong kang kepéngin mardhika
  • Gharimin-yaiku wong kang duwé utang kanggo kaperluan kang halal lan ora sanggup nyaur
  • Fisabilillah-yaiku wong kang berjuang ing dalan Allah (umpamané: dakwah, perang lll)
  • Ibnus Sabil-yaiku wong kang kentèkan biaya sajeroning lelungan.

Faédah Jakat[besut | besut sumber]

Sawetara faédah Jakat yaiku:

Faédah diniyah (segi agama) [3][besut | besut sumber]

  1. Kanthi bayar jakat tegesé wis nglakoni salah siji saka rukun Islam kang bisa nglantari marang kabagjan lan kaslametan donya lan akhirat.
  2. Minangka sarana tumraping manungsa kanggo taqarrub (nyedhakaké dhiri) marang Rabb-é, bakal nambah kaimanan amarga tambahing kataatan.
  3. Bakal nampa pahala gedhé kang tikel tekuk, kaya mau sajeroning firman Allah Subhaanahu wa Ta'ala, kang tegesé: "Allah musnahaké riba lan nyuburaké sedekah" (QS: Al Baqarah: 276). Sajeroning sawiji kadis kang muttafaq 'alaih, Nabi Shallallaahu 'alaihi wa Sallam uga njlèntrèhaké yèn shadaqah saka rajakaya kang apik bakal dituwuhaké déning Allah Subhaanahu wa Ta'ala tikel tekuk.
  4. Jakat minangka sarana pambusak dosa, kaya kang naté disabdakaké déning Rasulullah Shallallaahu 'alaihi wa Sallam.

Faedah Khuluqiyah (Segi Akhlak)[4][besut | besut sumber]

  1. Nuwuhaké sipat mulya, rasa tolèran lan jembaring dhadha marang pribadi kang bayar jakat.
  2. Wong kang bayar jakat lumrahé idèntik karo sipat rahmah (welas asih) lan lembut marang seduleré kang mlarat.
  3. Wis nyata yèn nyumbangaké barang kang manfaat, bandha utawa raga, kanggoné wong muslimin bakal njembaraké dhadha lan jiwa. Sebab wis mesthi dhèwèké bakal dadi wong kang ditresnani lan dikurmati.
  4. Sajeroning jakat ana makna ngresiki akhlak.

Faédah Ijtimaiyyah (Segi Sosial Kamasyarakatan)[3][besut | besut sumber]

  1. Jakat minangka sarana kanggo mbiyantu sajeroning nyukupi hajat urip para fakir miskin kang dadi golongan mayoritas sapérangan nagara ing jagat.
  2. Mènèhi kakuatan kanggo kaum muslimin lan ngangkat eksistensiné. Bab iki bisa dideleng saka golongan panampa jakat, salah sijiné yaiku fi sabilillah.
  3. Jakat bisa ngurangi rasa éwa, dendham lan rasa benci kang ana ing batiné kaum fakir miskin.
  4. Jakat bakal nyepetaké tuwuhing ékonomi.
  5. Mbayar jakat bisa njembaraké parédaran rajakaya utawa dhuwit


Jakat sajeroning Kuran[besut | besut sumber]

  • QS (2:43) (Lan degaké salat, bayar-a jakat lan rukuk-a bareng wong-wong kang ruku.)
  • QS (9:35) (ana ing dina dipanaské emas pérak iku sajeroning neraka jahannam, nuli diobong bathuké, lambung lan gegeré (nuli dikandhani): "Iki rajakayamu kang mbok simpen kanggo awakmu dhéwé, mula rasakna saiki (akibat saka) apa kang mbok simpen mau.")
  • QS (6: 141) (Lan Dhèwèké kang ndadèkaké kebun-kebun kang berjunjung lan ora berjunjung, wit korma, wit-witan kang manéka warna wohé, zaitun lan delima kang mèmper (wujud lan rupané) lan ora padha (rasané). Pangan-a saka wohé (kang warna-warna iku) yèn wis awoh, lan bayar-a hak-é ing dina panèn (kanthi disedekahaké marang fakir miskin); lan aja ngluwih-luwihi. Sabeneré Allah ora seneng marang wong kang berlebih-lebihan utawa ngluwih-luwihi).

Hukum wong kang Nulak mbayar Jakat[besut | besut sumber]

Soksapa bae kang nulak ora gelem mbayar jakat kanthi ora ngakoni wajibe mbayar jakat bisa diukumi kafir.[2] Lan sapa bae kang nulak mbayar amarga pelit nanging esih ngakoni wajibe mbayar jakat, dhèwèké diukumi dosa.[2]

Réferènsi[besut | besut sumber]

  1. الزهري الغمراوي, محمد (٢٠١٦). انوار المسالك. اندونيسيا: الحرمين. kc. ١٠٥. {{cite book}}: Check date values in: |year= (pitulung)
  2. a b c d e f Abu Bakar Jabir AlJazairi. (2000). Ensiklopedi Muslim. Jakarta: Darul Falah (kaca: 395)
  3. a b Tuntunan Zakat Mal ing MediaMuslim.Info
  4. Tuntunan Zakat Mal ing MediaMuslim.Info

Cithakan:Jakat