Menyang kontèn

Ula bajing

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa
Ular Bajing
Gonyosoma oxycephalum
Klasifikasi ngèlmiah
Karajan: Animalia
Filum: Chordata
Subfilum: Vertebrata
Klas: Reptilia
Ordho: Squamata
Subordho: Serpentes
Famili: Colubridae
Génus: Gonyosoma
Spésies: G. oxycephalum
Jeneng binomial
Gonyosoma oxycephalum
(Boie, 1827)

Ula bajing (Gonyosoma oxycephalum) utawa ula bamban ya iku sajinis ula kang wernané ijo kang gedhé lan lincah, mènèk wit saka suku Colubridae. Dijenengi kaya mangkono amarga ula iki racaké memangan bajing, saliyané kéwan-kéwan liyané. Ula iki kerep uga sinebut Ula ijo, Ula bangkai laut lan Ula gadung, jeneng-jeneng kang uga minangka nyebut jinis ula liyané kang wernané ijo.[1]

Sajeroning basa Inggris ula iki dijenengi Red-tailed Green Ratsnake utawa Red-tailed Racer, amarga warna buntuté kang kadang-kadang rodok abang. Nanging ula iki béda karo ula bangkai laut kang warna buntuté uga (mesti) rodok abang. Jenneg liyané ya iku Grey-tailed Racer. Jeneng ngèlmiahé nunjukaké awaké kang dhapuré menyudut (gonio, sudut; soma, awak) lan ndasé kang rodok gèpèng lancip (oxy, tajam; cephalum, ndas).[2]

Pengenalan

[besut | besut sumber]

Ula kang awaké sedengan, dawa lan ramping. dawa ndas lan awak nganti 1.820 mm, lan bututé 480 mm.[1] Sanajan ing lumrahé dawa sekabèhané amung sakiwa-tengené 160–180 cm.[3] Ndas rodok gèpèng lan lancip.

Dominan warna ijo utawa ijo padhang ing sakdawané gegeré, lan kuning ing sak dawané wetengé. Ndas ijo kekuningan, ijo zaitun utawa kecoklatan ing pérangan nduuwr, kanti garis ireng ing mata, sarta lambé kang wernané kekuningan. Buntut rodok abang utawa coklat mudha rodok klawu; kadang-kadang kanti garis mbunder kuning utawa abang padang ing sak cepaké silété. Sisik-sisék pojok kuning utawa ireng.[1][2]

Sisik-sisik dorsal (geger) sajeroning 23, 25, utawa 27 deret ing tengah awak; alus utawa berlunas kalem. Sisik-sisik ventral (weteng) 236–262 iji (ing Borneo, 229–255 iji); nyudut ing pérangan njaba sarta berlunas lan bertakik cithèk, mupangaté kanggo mènèk wit. Sisik anal kapérang, sisik-sisik subkaudal (ngisir buntut) 130–149 (126–149) iji. Perisai labial nduwur (sisik-sisik gedhé ing lambè) 7–10 iji, kang kaping-5 lan -6, utawa kaping-6 lan -7, ngemèk mata.[2][4]

Kebiasaan

[besut | besut sumber]

Kaya ngendi jenengé, ula iki dingertèni racaké mangan bajing ing wit-witan. Dèwèké uga mangan tikus, kamprèt lan manuk. Ula bajing obah kanti lincah lan tangkas ing pang-pang wit (arboreal), lan kadang mudun ana ing lemah. Yèn jèngèl amarga ngrasa kaganggu, gulu ula iki bakal gèpèng ngadeg lan ilaté kang nggaris biru diobahaké mentu lumebu kanti rikat. Cokotané ngloroni, sanajan ora mbebayani tumprapé manungsa amarga ula iki upas-é endèk.[2][3]

Ula bajing tinemu wiwit saka dataran endèk nganti wewengkon pagunungan; ing Sumatra nganti laladan Berastagi ing ketinggian sakiwa-tengené 1.300 m dpl. Kéwan melata iki dingertèni manggoni wewengkon rawa-rawa, alas bakau, alas dataran endèk, alas pagunungan, belukar, laladan pertanian lan perkebunan, nganti marang lingkungan pekarangan omah di pedésaan. Ula kang aktif ing wayah awan (diurnal) iki ora jarang ditemoni ing tutupan vegetasi ing kiwa-tengené kali lan blumbang.[3]

Ula bajing ngendog antarané 5–12 iji sabené ngendig.[2]

Panyebaran

[besut | besut sumber]

Lokasi tipe: Indonesia: Jawa.[5]

Cathetan sikil

[besut | besut sumber]
  1. a b c Rooij, N. de. 1917. The Reptiles of Indo Australian Archipelago. II. Ophidia. E.J. Brill, Leiden. pp. 104-105
  2. a b c d e Stuebing, R.B. & R.F. Inger. 1999. A Field Guide to The Snakes of Borneo. Natural History Publications (Borneo). Kota Kinabalu. p. 152-154. ISBN 983-812-031-6
  3. a b c David, P and G. Vogel. 1996. The Snakes of Sumatra. An annotated checklist and key with natural history. Edition Chimaira. Frankfurt. p.91-92. ISBN 3-930612-08-9
  4. Tweedie, M.W.F. 1983. The Snakes of Malaya. The Singapore National Printers. Singapore. p.44-46.
  5. Boie, F. 1827 Bemerkungen über Merrem's Versuch eines Systems der Amphibien, 1. Lieferung: Ophidier. Isis van Oken, Jena, 20: 508-566.