Jaétun

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa
(Kaelih saka Zaitun)
Jump to navigation Jump to search

Jaétun
Olivesfromjordan.jpg
Olea europaea
Klasifikasi ngèlmiah e
Karajan: Plantae
Klad: Angiosperms
Klad: Eudicots
Klad: Asterids
Ordho: Lamiales
Famili: Oleaceae
Tribe: Oleeae
Génus: Olea
Spésies: O. europaea
Jeneng binomial
Olea europaea
L.
Olea europaea range.svg
Gambar sebarané Jaétun, kanthi subspésies Olea europaea awerna ijo.

Jaétun (Olea europaea) ya iku wit cilik taunan lan wernané ijo, ora ana owah-owahane, utawa sinebut ijo abadi. Wohé yèn isih enom bisa dipangan mentah utawa sawisé diawètaké bisa dadi panyeger. Tuwuhan iki isih sakulawarga karo tuwuhan kembang mlathi. Jaétun wiwit woh nalika umuré wis limang taunan lan umuré wit bisa nganti éwonan taun. Wité dhuwuré undakara 8-15 mèter. Déné ambané godhong wataran 4–19 cm, lan duwé kembang rupané putih sarta woh kang ukurané kira-kira 1-2,5 cm. Panyebarané jaétun ana ing laladan-laladan iklim panas nganti iklim sedheng. Pang jaétun kang ana godhongé wis suwé dianggo simbul katentreman.

Paédah[besut | besut sumber]

Paedahé jaétun antarané:

  • Woh jaétun kena kanggo panganan, uga bisa kanggo panyedhep masakan.
  • Kulit pérangan njaba saka wohé ngandhut 60-70% lenga.
  • Lenga jaétun ngandhut asem lemak jenuh (asem palmitat, asem stéarat, asem arachidat, asem miristat lan lignoserat kanthi gunggung sing sithik), asem lemak ora jenuh mono, asem lemak ora jenuh poli, vitamin E, lan vitamin K.
  • Asem lemak ora jenuh iku migunani kanggo nyuda cacahé kolèsterol èlèk kang ana ing awak. Saliyané iku kandhutan kang ana ing lenga jaétun bisa njaga kuwarasan pambuluh getih ing jantung, saéngga ngédhunaké résiko lelara koronèr.
  • Nggosokaké lenga jaétun kanthi ajeg ing kulit bisa marakaké kulit alus lan nglembabaké kulit.
  • Manawa dienggo ing rambut bisa ngetelaké rambut uga bisa kanggo laksatif utawa mbiyantu bebuwang. Nyuda angka pati.
  • Risèt nuduhaké manawa warga Albania kang ngonsumsi jaétun duwé angka pati kang paling sithik ing Éropah.
  • Nyuda panganggoné usada panyuda tekanan getih dhuwur amarga jaétun duwé andhil ngontrol tekanan getih, sarta bisa nyuda serangan kangker.
  • Lenga jaétun duwé paédah kaya banyu susu ibu amarga lemak kang ana ing banyu susu ibu uga ana ing lenga jaétun, lan bisa nyuda lara sendhi. Sarta bisa matèni tuma (kutu ing sirah), nyegah ketombé/ sindap, lan gatel ing kulit sirah.
  • Bisa kanggo bahan kosmètik, lan bisa njaga wangun sarta kencengé payudara.

Subspesies[besut | besut sumber]

Ana enem subspesies alamiah sing sumebar ing donya:[1]

  • Olea europaea subsp. europaea (Mediterranean Basin)
  • Olea europaea subsp. cuspidata (saka Afrika Kidul, Afrika Wétan, Arabia nganti South West Cina)
  • Olea europaea subsp. guanchica (Canaries)
  • Olea europaea subsp. cerasiformis (Madeira)
  • Olea europaea subsp. maroccana Maroko
  • Olea europaea subsp. laperrinei (Algeria, Sudan, Niger)

Prodhuksi[besut | besut sumber]

Nagara pengasil utama Zaitun (Taun 2009 per FAOSTAT)
Ranking Nagara/Region Prodhuksi
(sajeroning ton)
Jembar kebon
(sajeroning hèktar)
Asil
(q/Ha)
Donya 18,241,809 9,922,836 18.383
1  Spain 6,204,700 2,500,000 24.818
2  Italy 3,600,500 1,159,000 31.065
3  Greece 2,444,230 (2007) 765,000 31.4
4  Turkey 1,290,654 727,513 17.740
5  Syria 885,942 635,691 13.936
6  Morocco 770,000 550,000 14.000
7  Tunisia 750,000 2,300,000 3.260
8  Egypt 500,000 110,000 45.454
9  Algeria 475,182 288,442 16.474
10  Portugal 362,600 380,700 9.524
11  Libya 180,000
12  Argentina 160,000 52,000 30.769

Gladri[besut | besut sumber]

Rujukan[besut | besut sumber]

  1. Green PS (2002) A revision of Olea L. Kew Bulletin 57:91–140; Besnard G, Rubio de Casas R, Christin PA, Vargas P (2009) Phylogenetics of Olea (Oleaceae) based on plastid and nuclear ribosomal DNA sequences: Tertiary climatic shifts and lineage differentiation times. Annals of Botany 104, 143-160

Pranala njaba[besut | besut sumber]

Wiktionary-logo.svg
Pirsani informasi ngenani Jaétun ing KamusWiki.