Pura Penataran Sasih

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa
Pura Penataran Sasih ᬧᬸᬭᬧᭂᬦᬢᬃᬭᬦ᭄ᬲᬲᬶᬄ
Gapura lumebu ing Pura Penataran Sasih
Tetélan pokok
Cakrik yasanpura lan candhi
KuthaGianyar, Bali
NagaraIndonésia
Rampungudakara 1266 M

Pura Penataran Sasih (basa Bali: ᬧᬸᬭᬧᭂᬦᬢᬃᬭᬦ᭄ᬲᬲᬶᬄ) ya iku sawijining pura utawa candhi Hindhu kang mapan ing Banjar Intaran, Désa Pejeng, Kacamatan Tampaksiring, Kabupatèn Gianyar, Bali.[1] Pura iki diyasa taun 1266 M kang kapacak mawa kronogram modhéren ing gapura ngarep. Saliyané iku pura iki uga minangka pura Karajan Pejeng ya iku antarané taun 1293-1343 M.

Wastana[besut | besut sumber]

Pura iki kawastanan minangka Pura Sasih jalaran awit anané tinggalan purbakala aran Nekara Pejeng. Miturut dongèng kang sumebar ing masarakat, nekara pejeng karan minangka rembulan kang tumiba menyang bumi banjur madhangi laladan sakiwa-tengené ing wayah awan apadéné wengi. Para maling rumangsa kèwuhan anggoné arep nindakaké niyat alané jalaran swasana ing laladan iku tansah padhang. Awit saka iku, maling-maling padha nguyuhi rembulan iku mau. Pungkasané rembulan iku wus ora bisa cumlorot manèh nganti saiki. Nekara pejeng kang uga misuwur minangka Bulan Pejeng (basa Bali: sasih = rembulan) iku nuli dianggo minangka aran utawa wastanané Pura Penataran Sasih. Déné ana dongèng liya ngandharaké manawa Bulan Pejeng iku Subang Kebo Iwa. Paraga iki misuwur jalaran kasektèné lan lumantar kasektèné dhèwèké wis kasil bisa mbangun sawenèh papan suci, kaya ta Candhi Gunung Kawi lan Guwa Gajah.[2]

Cagar Budaya[besut | besut sumber]

Kronogram kang ana ing Pura Penataran Sasih

Pura Penataran Sasih iku wus antuk SK panetepan saka pamaréntah minangka situs warisan purbakala ya iku lumantar SK No. 260/SK/UPT.BD/22.VII/2003 lan pamarsudi kanggo nguri-uri. Wujud anggoné nguri-uri kang wus dileksanakaké ya iku invèntarisasi, panetepan, jupel, zonasi, papan nama, lan balé pangreksa. Minangka cagar budaya, pura iki uga dikembangaké minangka papan wisata lan dirumat kanthi sistem kontrak. Nuli asiling anggoné ngrumat iku mau digunakaké kanggo béya reresik pura sarta kabutuhan liyané.[2]

Banjur nalika wulan Oktober 2019, tim juru cagar budaya nasional anggelar pasamuwan ing Tasikmalaya kanggo netepaké cagar budaya lan Pamaréntah Kabupatèn Gianyar nuli ngajokaké pitung usulan papan amrih katetepaké minangka cagar budaya. Wondéné salah siji papan kang diusulaké déning Pamaréntah Kabupatèn Gianyar ya iku Pura Penataran Sasih bebarengan karo papan-papan liyané, ing antarané ya iku Pura Penglingan, Pura Mengening, Istana Tampaksiring, Pura Pusering Jagat, Pura Pengukur-ukuran lan Puri Agung Gianyar.[3][4]

Pungkasané ya iku ing wulan Novèmber 2019, Bupati Gianyar I Made Mahayastra netepaké patang situs purbakala dadi cagar budaya, kalebu Pura Penataran Sasih. Panetepan iki dikukuhaké lumantar SK Bupati Gianyar No: 1345/E-01/HK/2019 babagan Panetepan Barang Cagar Budaya, kang salah siji barang kang katetepaké minangka barang cagar budaya ya iku Nekara Pejeng Pura Penataran Sasih.[5]

Pérangan utama[besut | besut sumber]

Plataran Pura Penataran Sasih

Pura Penataran Sasih dumadi saka limang pérangan utama utawa limang palebaan[1], ing antarané ya iku:

  • Pura Penataran Sasih; minangka pura babon
  • Pura Taman Sari,
  • Pura Ratu Pasek, lan
  • Pura Bale Agung; sawenèh pura kang prenahé ana sisih lor
  • Pura Ibu; prenahé ana sisih kidul

Ing wewengkon sajroning Pura Penataran Sasih ana sawenèh pelinggih. Ing gapura lumebu sisih jaba tengah ana wangunan Padma Kuning minangka papan sumimpené Sang Hyang Jaran. Jinèjèran ing isih wétan ya iku wangunan pengaruman kang adaté digunakaké minangka papan kanggo nyèlèhaké simbul-simbul Ida Batara saka Pura Kahyangan Tiga. Déné ing saloré balé pengaruman kaprenah Pelinggih Ratu Sasih. Ana ing sisih kidul kaprenah pasimpangan Ida Batara Gana lan gedhong pasimpangan Ida Batara Brahma, banjur gedhong pasimpangan Batara Wisnu mapan ing sisih lor lan gedhong pasimpangan Batara Mahadewa ing sisih kulon.

Pérangan wigati[besut | besut sumber]

Pérangan wigati pura[6], ing antarané ya iku:

  • Gerbang lumebu
  • Kronogram modhéren ing gapura ngarep
  • Tatahan ukiran Hindhu abad ka-10 nganti 12
  • Kursi Ganesa ing satengahing plataran utama
  • Rembulan Pejeng kang misuwur, drum prunggu kolosal gagrag lawas lan diwingitaké

Warisan Arkéologi[besut | besut sumber]

Ing plataran jero (basa Bali: jeroan) ana sawenèh tinggalan arkéologi[2], ing antarané ya iku:

Nekara Pejeng[besut | besut sumber]

Wangunan papan prenahé Rembulan Pejeng

Nekara Pejeng iku minangka salah sawijining barang cagar budaya kang narik kawigatèné para juru purbakala awit jaman biyèn. Nekara Pejeng iku nekara kang wujudé saèmper kaya kendhang utawa bedhug, sisih tengahé rada legok, nduwèni rong sisih kang bisa ditabuh, lan salah siji sisihé iku binuka. Ukuran dhuwuré 1,86 m lan garis tengah sisih kang ditabuh ya iku 1,60 m. Déné ing pérangané nekara ana renggan kang wujud corak lintang, wulu manuk, tumpal, wujud huruf f, lan topèng sepasang. Rerenggan iku minangka simbul religius magis lan uga minangka pawujuding karya kagunan masarakat Bali nalika jaman undhagi.[2][7]

Nekara Pejeng nduwèni aji lan wigati banget ana sajroning masarakat ing jaman biyèn apadéné nganti jaman saiki. Nalika jaman biyèn, nekara prunggu nduwèni piguna kang manéka warna, ing antarané ya iku:

  • Minangka kendhang kang ditabuh nalika perangan
  • Minangka piranti upacara kang nekakaké udan kanggo tetanèn
  • Minangka simbul pawujudaning leluhur
  • Minangka kakuwatan kang bisa ngreksa masarakat

Banjur ing jaman saiki Nekara Pejeng dikramataké lan digunakaké minangka sarana puja déning masarakat. Nekara Pejeng digunakaké kanggo sarana nyenyuwun kaslametan lan karaharjan, saéngga dipapanaké ing panggonan kang mirunggan aran Pelinggih Ratu Bhetara Sasih. Nuli ing dina-dina tartamtu nekara prunggu iku diupacarani lan diciprati tirtha utawa banyu suci, lan awit saka iku nekara prunggu iki malih cepet korosi lan dithukuli jamur.[2]

Upacara[besut | besut sumber]

Upacara piodalan ing Pura Penataran Sasih kapérang dadi loro, ya iku upacara panyelah lan upacara karya agung. Upacara panyelah digelar saben 210 dina, ya iku nalika dina Radité Umanis wuku Langkir lan kagelar sasuwéné telung dina. Déné upacara karya agung kagelar nalika purnama kasanga nemu pasah.[1]

Beksan Sang Hyang Jaran[besut | besut sumber]

Pura Panataran Sasih uga misuwur awit jogèd utawa beksan sakral aran beksa Sang Hyang Jaran. Beksan iki wis katetepaké minangka Warisan Budaya Donya Dudu Barang déning UNESCO.[8] Beksan iki digelar nalikané Pura Penataran Sasih kagungan damel ageng, kaya ta upacara ngenteg linggih lan caru balik sumpah. Beksan iki dilakokaké déning patang pambeksa kang pambeksa iku dudu wong sembarangan. Pambeksa adaté bakal teka sawenèh wektu sadurungé pagelaran. Tekané pambeksa kang dadakan iku manut karo arahané sesepuh.[1]

Rujukan[besut | besut sumber]

  1. a b c d "Babad Bali - Pura Penataran Sasih". www.babadbali.com. Dibukak ing 2020-01-04.
  2. a b c d e artanegara (2019-02-18). "Pura Penataran Sasih". Balai Pelestarian Cagar Budaya Bali (ing basa Inggris Amérika Sarékat). Diarsip saka sing asli ing 2023-05-30. Dibukak ing 2020-01-05.
  3. JawaPos.com (2019-10-31). "Tahun 2019, Gianyar Prioritaskan Penobatan Tiga Cagar Budaya". baliexpress.jawapos.com (ing basa Indonesia). Dibukak ing 2020-01-05.
  4. JawaPos.com (2019-10-31). "Tahun 2019, Gianyar Prioritaskan Penobatan Tiga Cagar Budaya". baliexpress.jawapos.com (ing basa Indonesia). Dibukak ing 2020-01-05.
  5. Bali, Nusa. "4 Situs Ditetapkan Jadi Cagar Budaya". www.nusabali.com (ing basa Inggris). Dibukak ing 2020-01-05.
  6. "Bali - Indonesia". www.art-and-archaeology.com. Dibukak ing 2020-01-04.
  7. "Meski Berusia Ratusan Tahun Pura Penataran Sasih Pejeng Tetap Tegak Berdiri, Begini Kisah Sejarahnya". Tribun Bali (ing basa Indonesia). Dibukak ing 2020-01-05.
  8. ANTARA. "Membentengi Kelestarian Alam di Bali dengan Ritual Sakral". gaya hidup (ing basa Inggris). Dibukak ing 2020-01-05.