Topèng

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa
Loncat ke navigasi Loncat ke pencarian
Manéka warni topèng

Topeng inggih punika salah satunggaling asil cipta kriya kang saged kita prangguli ing jaman samangkin.

Nanging wonten ing kapitadosan jaman kina ugi saged kanggé nyekapi kabetahan ingkang gegayutan kalihan alam akérat ingkang kaanggep suci utawi sakral. Tuladha topèng ingkang kanggé nyekapi kabetahan, sipatipun sakral, wontenipun upacara-upacara pèngétan leluhur ingkang sampun séda. Topeng ugi saged dipun damel wontén panggénan kothak sela kubur wadhah jisim, déné prenahipun sisih pucuk lan bongkoting kothak séla wujud topèng pengéntha-énthanipun leluhur utawi nenek moyang ingkang sampun seda.

Séla kubur wadhah jisim kathah dipun panggihi minangka barang kina utawi purbakala wonten ing Indonesia, contonipun ingkang  dipun panggih ing Bandhawasa, prenahipun ing Jawi  Wétan ugi wonten ing Gilimanuk, Bali. Salajengipun topèng ugi dipun anggé jogèd, contonipun rikala jaman Majapahit, sang Prabu Hayam Wuruk piyambak ngersakaken beksa topèng ingkang kawastanan “matafel”.

Wondéné ingkang asipat kanggé padintenan, topèng ingkang kanggé remen-remen, tetingalan, kanggé dolanan, lan ugi kanggé pajangan, contonipun ingkang kanggé ringgit topèng, beksan-beksan topèng, lan ugi topèng dhagelan lan sapanunggalanipun.

Topèng ngaten damelanipun tiyang prigel ing babagan kriya, ukir, tatah, sungging. Punika gambaraken pasuryanipun utawi rai muka, titahipun Pangéran ingkang warni-warni. Topèng ugi mujudaken gambaran paraga titah ingkang wonten ing jagad, ingkang wonten gadhah sipat-sipating manungsa limrahipun. Wonten sipat awon, nesu, kasar, brangasan, saé, wicaksana, lembah manah, sabar, sumarah, lan sapanunggalanipun. Mila topèng pancèn gambaraken pribadining paraga utawi tokoh ingkang dipun kersakaken, dados sok sintena ingkang nganggé topèng saupami bènten utawi cengkah kalihan pribadinipun, ingkang dipun ketingalaken inggih sipat kapribadèn utawi karakter ingkang wonten ing topeng kala wau.