Menyang kontèn

Pandhita

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa

Pandhita (Dewanagari: पण्डित, paṇḍit) iku sebutan kanggo pamimpin agama. Tembung pandhita asalé saka tembung Pandita (basa Sansekerta), sing tegesé brahmana utawa guru agama Hindhu utawa Buda.

Sajeroning agama Kristen, pandhita iku pamulang umum kanggo jemaat.[1] Panjenengané duwé kewajiban kanggo nemtokaké swasana sajeroning jemaat saéngga jemaat bisa luwih giyat nindakaké panggilané minangka siji persekuthuan sing sinau-mulang.[1] Saliyané iku, pandhita uga wujud siji pamulang mirunggan, ing ngendi panjenengané kudu nglibataké dhiri kanthi langsung minangka siji pamulang.[1] Ana telung wadhah ing ngendi pandhita bisa kanthi langsung mulang, ya iku ing kelas Katekhisasi, kelas pendhidhikan téologi jemaat, lan mimbar.[1]

Ing Indonésia, saiki istilah pandhita kanthi mirunggan dipigunakaké kanggo sebutan pamimpin agama-agama Kristen Protèstan, Hindhu utawa Buda. Lumrahé, istilah iki sok-sok uga bisa dipigunakaké kanggo Konghucu.

Ing Minangkabau, ulama Islam tau diarani pandhita, kaya déné sing karekam sajeroning novèl Marah Roesli, Siti Noerbaja :”tatkala dilihat olèh pendeta itu akan hal…..”[2]

Padhanan istilah pandhita kanggo agama Islam iku ustadz, kanggo Kristen Katulik iku pastor, éwadéné kanggo Buda iku biksu (basa Hokkian: "boksu").

Réferènsi lan pranala njaba

[besut | besut sumber]
  1. a b c d S. Wismoady Wahono, P.D. Latuihamalo, F. Ukur. 1984. Tabah Melangkah STT ke 50. Jakarta: STT Jakarta. Hlm.148-149.
  2. Pendeta Boksu Domine

Uga delengen

[besut | besut sumber]