Monumèn Nasional

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna bébas abasa Jawa
Monumen Nasional
Merdeka Square Monas 02.jpg
Monumen Nasional
Tetélan pokok
Pernah Jakarta Pusat, Indonésia
Alamat Jalan Lapangan Monas
Diyasa kawit 17 Agustus 1961
Rampung 12 Juli 1975
Inaugurated 12 Juli 1975
Height 132 mèter
Rancangan lan yasan
Arsitèk Frederich Silaban,
R.M. Soedarsono
Main contractor P.N. Adhi Karya
(tiang fondasi)

Monumèn Nasional utawa dicekak dadi Monas iku tugu ing punjer kutha Jakarta ing Lapangan Merdéka. Tugu iki nglambangaké perjuangan kamardhikan Républik Indonésia. Monas dhuwuré 132 mèter lan wiwit diyasa ing taun 1961. Pambangunan Monas diprakarsani déning Présidhèn Soekarno. Monas lagi rampung lan dibukak kanggo umum ing taun 1975. Pucuking Monas iku ana reca sing nglambangaké geni lan dilapisi déning emas tipis. Monas lan musèum iku bukak saben dina saka tabuh 08.00-15.00 WIB, kajaba dina Senèn pungkasan sajeroning saben sasi.

Sajarah[besut | besut sumber]

Sawisé punjer pamaréntahan Republik Indonèsia bali menyang Jakarta sawisé sadurungé manggon ing Yogyakarta ing taun 1950 disusul pengakuan kedaulatan Republik Indonesia déning pamaréntah Walanda ing taun 1949, Présidhèn Sukarno wiwit mikiraké pambangunan monumèn nasional kang arep padha karo Menara Eiffel ing lapangan sangarepé Istana Merdeka. Pambangunan tugu Monas duwé ancas kanggo ngenang lan nglestarikaké perjuangan bangsa Indonésia nalika jaman révolusi kamardhikan taun 1945, supaya bisa mènèhi inspirasi lan semangat patriotisme génerasi saiki lan suk mbèn.

Ing tanggal 17 Agustus 1954 komité nasional diwangun lan sayembara perancangan monumèn nasional diwiwiti ing taun 1955. Ana 51 karya kang mlebu, nanging mung 1 karya kang digawé déning Frederich Silaban kang mathuk karo kriteria kang ditemtokaké komité, antarané nggambaraké karakter bangsa Indonésia lan bisa awèt nganti pirang-pirang abad. Sayembara kapindho dianakaké ing taun 1960 nanging ora siji-sijia saka 136 peserta kang mathuk karo kriteria. Ketua juri banjur njaluk Silaban supaya nguduhaké rancangané marang Sukarno. Nanging Sukarno kurang seneng karo rancangan iku lan péngin monumèn iku awujud lingga yoni. Silaban banjur dijaluk supaya ngrancang monumèn kanthi téma iku, nanging rancangan kang diajukaké Silaban iku kapiken mulané prabéya kang kagedhèn ora mampu ditanggung karo anggaran nagara, apa manèh nalika iku ékonomi nagara isih durung apik. Silaban ora gelem ngrancang wangunan kang luwih cilik, lan mènèhi panyarué supaya pambangunan diundur ngentèni nganti tekan ékonomi Indonèsia dadi apik. Sukarno banjur njaluk arsitèk R.M. Soedarsono supaya nerusaké rancangan iku. Soedarsono mènèhi angka 17, 8 lan 45, kang nglambangaké 17 Agustus 1945 miwiti Proklamasi Kamardhikan Indonèsia, ing sajeroning rancangan monumèn iku. Tugu Peringatan Nasional iki banjur diyasa ing panggonan kang ambané 80 héktar. Tugu iki diarsitèki déning Friedrich Silaban lan R. M. Soedarsono, diyasa wiwit tanggal 17 Agustus 1961.

Pambangunan[besut | besut sumber]

Pembetonan tugu Monas kang rampung tanggal 17 Agustus 1963 kang dhuwuré kurang luwih 105.00 mèter

Pambangunan kapérang saka telung tahap. Tahap kang pisanan, suwéné 1961/1962-1964/1965 diwiwiti kanthi resmi pambangunan ing tanggal 17 Agustus 1961 déning Sukarno kanthi cara seremonial nunclepake pasak beton kang pisanan. Total cacahé 284 pasak beton kanggo nggawé fondasi wangunan. Cacah 360 pasak bumi ditunclepaké kanggo fondasi musèum sajarah nasional. Pemancangan sakabéhing fondasi rampung ing sasi Maret 1962. Témbok musèum ing ngisor wangunan rampung diyasa ing sasi Oktober. Pambangunan obèlisk banjur diwiwiti lan rerampungan ing sasi Agustus 1963. Pambangunan tahap kapindho suwéné wiwit taun 1966 nganti tekan taun 1968 amarga anané Gerakan 30 September 1965 (G-30-S/PKI) lan upaya kudéta. Tahap kang pungkasan dianakaké ing taun 1969-1976 kanthi nambahaké diorama ing musèum sajarah. Sanajan pambangunan wis rampung, isih waé ana perkakarané, antarané bocoring banyu kang mbanjiri musèum. Musèum resmi dibuka kanggo umum lan diresmikaké ing tanggal 12 Juli 1975 déning Prèsiden Rèpublik Indonèsia Soeharto. Panggonan pambangunan monumèn iki kaloka kanthi sesebutan Medan Merdeka. Lapangan Monas wis ngalami ganti jeneng kaping lima, ya iku Lapangan Gambir, Lapangan Ikada, Lapangan Merdeka, Lapangan Monas, lan Taman Monas. Ing saubengé tugu ana tamané, rong kolam lan pirang-pirang lapangan kang kabuka kanggo panggonan ulah raga. Ing dina prèinan, Medan Merdeka dikebaki wong-wong kang plesiran kanggo rékréasi ndelok pasawangan Tugu Monas lan nglakoni aktivitas ing sajeroning taman.

Rancang Bangun Monumèn[besut | besut sumber]

Rancang bangun Tugu Monas adhedhasar konsèp pasangan universal kang abadi; Lingga lan Yoni. Tugu obèlisk kang mandhuwur iku lingga kang nglambangaké wong lanang, elemén maskulin kang asipat aktip lan positip, sarta nglambangaké wektu awan. Déné pelataran cawan landhesan obelisk iku minangka Yoni kang nglambangaké wong wadon, elemén fèminin kang pasip lan négatip sarta nglambangaké wektu wengi. Lingga Yoni minangka lambang kasuburan lan kasatuan kang harmonis kang njangkepi siji maring liyané wiwit jaman prasajarah Indonèsia. Saliyané iku, wujud Tugu Monas uga bisa ditegesaké minangka sapasang alu lan lesung, piranti numbuk pari kang disa tinemu ing saben omah para tani Indonésia. Mula saka iku, rancang wangunan Monas kebak dimènsi kas budaya bangsa Inonesia. Monumèn kapérang saka 117,7 méter obèlisk ing sadhuwuring landhesan segipapat kang dhuwuré 17 méter, pelataran cawan. Monumèn iki linapis marmer Italia.

Kolam ing Taman Merdeka Lor ambané 25 x 25 méter digawé minangka péranganing sistem kanggo ngadhemaké udara uga supaya ndadékaké Taman Monas katon luwih apik. Ing cedhaké ana kolam banyu mancur lan patung Pangéran Dipanegara kang lagi numpak jaran digawé saka perunggu aboté 8 ton. Patung iku digawé déning pemahat saka Italia, Prof. Coberlato, minangka sumbangan saka Konsulat Jéndral Honores, Dr. Mario Bross ing Indonésia. Lawang mlebu Monas ana ing Taman Merdeka Lor cedhaké patung Pangéran Dipanegara. Lawang mlebu ngliwati trowongan kang ana ing 3 méter sangisoré taman. Lokèt tikèt ana ing pojokan trowongan. Nalika para wong kang plesir munggah manèh menyang mandhuwur ing sisih lor Monas, bisa nerusaké ngupengi kanggo ndelok-ndelok rèlief sajarah Indonèsia. Mlebuné bisa maring njero musèum sajarah nasional saka lawang ing pojok lor, utawa langsung munggah menyang tengah tumuju ruwang kamardhikan utawa numpak lift tumuju pelataran pucuk monumèn.

Rèlièf Sajarah Indonèsia[besut | besut sumber]

Ing latar njaba kang ngubengi monumèn, saben pojoké ana rèlièf timbul kang nggambaraké sajarah Indonèsia. Rèlièf iki diwiti saka pojok lor laut kang nggambaraké pengabdian kejayaan nuswantara nalika biyén, ya iku nyritakaké sajarah Singhasari lan Majapahit. Rèlièf iki kanthi kronologis urut karo saarah ngubengé jam tumuju pérangan tenggara, barat daya, lan barat laut. Kanthi cara kronologis nggambaraké kahanan nalika jaman penjajahan Walanda, perlawanan rakyat Indonèsia lan para pahlawan nasional Indonèsia. Saliyané iku, uga nggambaraké dumadiné organisasi modhèren kang merjuwangaké kamardhikan Indonèsia ing awal abad kaping 20, Sumpah Pemuda, Penjajahan Jepang lan Perang Dunia II, proklamasi kamardhikan Indonèsia disusul karo Révolusi lan Perang kamardhikan Républik Indonèsia, nganti tekan ing jaman pangyasa Indonèsia modhèren. Rèlièf lan patung-patung iki digawé saka bahan semèn kanthi warangka saka pipa utawa logam, nanging ana patung-patung lan reca kang wiwit rusak amarga udan lan cuaca tropis.

Musèum Sajarah Nasional[besut | besut sumber]

Ing pérangan ngisor monumèn kang jeroné 3 méter sangisoré lemah, ana Musèum Sajarah Nasional Indonèsia. Ruang gedhé musèum sajarah perjuangan nasional ambané 80 x 80 méter, bisa momot wong kira-kira 500 wong. Ruangan gedhé linapis marmer iki duwé 48 diorama ing patang sisihé lan 3 diorama ing tengah, cacah totalé dadi 51 diorama. Diorama iki isiné babagan sajarah bangsa Indonèsia wiwit jaman prasajarah nganti tekan jaman orde anyar. Diorama iki diwiwiti saka pojok lor laut lumaku saarah ngubengé jam nyritakaké sajarah Indonèsia wiwit jaman prasajarah, jaman kemaharajaan kuna kaya ta jaman kraton Sriwijaya lan Majapait, banjur jaman penjajahan saka bangsa Éropah. Diorama iku uga nyritakaké jaman owahan nasional Indonèsia ing awal abad kaping 20, jaman penjajahan Jepang, perang kamardhikan lan jaman révolusi, nganti tekan jaman Orde Anyar ing jaman pamaréntahan Suharto.

Ruang Kamardhikan[besut | besut sumber]

Ing sajeroning cawan monumèn ana Ruang Kamardhikan kang awujud amphitheater. Ruangan iki bisa ditekani kanthi liwat andha kang muter saka lawang sisih lor lan sisih kidul. Ruangan iki isiné simbul kenagaraan lan kamardhikan Républik Indonèsia, ya iku naskah asli Proklamasi Kamardhikan Indonèsia kang disimpen ing sajeroning kothak kaca ing sajeroning gerbang kang linapis emas, lambang nagara Indonèsia, péta kepulauan Nagara Kesatuan Républik Indonèsia kang linapis emas, lan gendéra abang putih, sarta témboké kang tinulis naskah Proklamasi Kamardhikan Républik Indonèsia. Ing sajeroning ruwang Kamardhikan Monumèn Nasional iki uga kanggo ruwang tenang kanggo mengheningkan cipta lan mèditasi ngenang kahékat kamardhikan lan perjuwangan bangsa Indonèsia. Lawang mékanis digawé saka perunggu kang aboté 4 ton linapis emas diwènèhi rerenggan ukiran kembang Wijaya Kusuma kang nglambangaké keabadian, sarta kembang Teratai kang nglambangaké kesucian. Lawang iki ana ing témbok sisih kulon ing satengahé ruangan lan linapis marmer ireng. Lawang iki kaloka kanthi sesebutan Gerbang Kamardhikan kang kanthi cara mékanis bakal mbuka kanthi nyuwarakaké lelagon "Padamu Negeri" banjur diterusaké suwarané Soekarno kang lagi macakaké naskah prokalamasi 17 Agustus 1945. Ing sisih kidul ana patung Garuda Pancasila, lambang nagara Indonèsia digawé saka perunggu kang aboté 3,5 ton lan linapis emas. Ing sisih wétan ana tulisan naskah proklamasi kang aksarané digawé saka perunggu, kuduné ing sisih iki ngatonaké gendéra abang putih. Nanging amarga kahanané kang sansaya tuwa lan rapuh, gendéra abang putih ora dipameraké. Ing sisih lor témbok marmer ireng ana gambar kepulauan Nuswantara kang linapis emas, nglambangaké manggoné Nagara Kesatuan Républik Indonèsia.

Pelataran Pucuk lan Geni Kamardhikan[besut | besut sumber]

Naskah asli Proklamasi Kamardhikan Republik Indonesia

Ana elevator (lift) ing lawang sisih kidul sing bakaln ngeterake wong-wong kang plesiran menyang pelataran pucuk kang ambané 11 x 11 mèter lan dhuwuré 115 mèter saka lemah. Lift iki cukup kanggo momot 11 wong. Pelataran pucuk iki momot 50 orang, uga ana teropong kanggo ndelok sesawangan kutha Jakarta saka cedhak. Ing sakupenge elevator ana andha dadurat kang digawe saka wesi. Saka plataran pucuk tugu Monas, wong-wong sing plesir bisa nyawang kutha Jakarta. Yèn kahanane isih crah tanpa ana keluk, ing sisih kidul bisa katon ana Gunung Salak kang dumunung ing Kabupatèn Bogor, Jawa Kulon, ing sisih lor bisa katon segara kanthi pulo-pulo kang cilik.

Ing pucuk Monumen Nasional ana cawan kang dadi wadhahing obor perunggu kang abote nganti tekan 14,5 ton lan dilapisi emas 35 kilogram. Ilat geni utawa obor iki dhuwuré 14 mèter lan duwé diameter 6 mèter kapérang saka 77 pérangan kang didadèkaké siji. Ilat geni iki minangka simbul semangat perjuwangan rakyat Indonésia kang pengen merdhika. Ing pisanan geni obor perunggu iki dilapisi lembaran emas kang abote 35 kilogram, nanging kanggo mengeti karaméan 50 taun kamardhikan Indonésia ing taun 1995, lembaran emas iki dilapisi manèh lan boboté dadi 50 kilogram lembaran emas. Pucuk tugu arupa "Api Nan Tak Kunjung Padam" kang tegesé supaya bangsa Indonésia duwé semangat kang ora tau mati sasuwene jaman. Pelataran cawan mènèhi sesaswangan kang dhuwuré 17 mèter ing sadhuwuring lemah. Plataran cawan bisa dituju kanthi numpak lift nalika mudhun saka pelataran pucuk, utawa liwat andha tumuju ngisore cawan. Dhuwure pelataran cawan saka ngisor ya iku 17 mèter, déné rentang dhuwur antara ruwang musiyum sajarah menyang ngisor cawan ya iku 8 mèter (3 mèter ing ngisor lemah ditambah 5 mèter andha kang tumuju ngisor cawan). Ambane pelataran kang awujud kothak ya iku 45 x 45 mèter, kabèh iku minangka angka keramat Proklamasi Kamardhikan RI (17-8-1945).

Emas kang boboté 38 kilogram ing obor Monas iku sumbangan saka Teuku Markam, wong Acèh kang tau dadi salah siji wong paling sugih ing Indonésia.

Cathetan suku[besut | besut sumber]