Gemak
Gemak | |
---|---|
Manuk Gemak | |
Klasifikasi ngèlmiah | |
Karajan: | Animalia |
Filum: | Chordata |
Klas: | Aves |
Ordho: | Galliformes |
Famili: | Phasianidae |
Genera | |
Gemak ya iku salah siji jinis manuk saka kulawarga familia Phasianidae.[1] Saka wujudé, manuk puyuh wujudé cilik rupa ireng semu putih ing lar-e.[1] Gemak kagolong kulawarga unggas darat kang cilik lan lemu. Gemak duwé pakulinan mangan wiji-wijian lan asring uga mangan kéwan kaya ta kalamangga lan kéwan kang cilik. Gemak duwé susuh ana ing lemah, ya iku ana ing ngisor suket utawa grumbul ing sawah utawa tegalan. Gemak bisa lumayu lan mabur kathi rikat lan dhuwur nanging ora bisa adoh. Aneka warna jinis manuk puyuh kaya ta puyuh jepang ya iku migratori uga bisa miber kanthi jarak kang aduh. Manuk puyuh Jepang uga diternakake minangka ngasilaké endhog.
Spesies
[besut | besut sumber]- Genus Coturnix
- Gemak biyasa, Coturnix coturnix
- Gemak Jepang, Coturnix japonica
- Gemak Stubble, Coturnix pectoralis
- Gemak Selandia Baru, Coturnix novaezelandiae--cures
- Gemak Hujan, Coturnix coromandelica
- Gemak Harlequin, Coturnix delegorguei
- Gemak Coklat, Coturnix ypsilophora
- Gemak Biru, Coturnix adansonii
- Gemak Biru Asia, Coturnix chinensis
- Genus Anurophasis
- Gemak Pegunungan Salju, Anurophasis monorthonyx
- Genus Perdicula
- Gemak Semak Hutan, Perdicula asiatica
- Gemak Semak Bebatuan, Perdicula argoondah
- Gemak Semak Bermotif, Perdicula erythrorhyncha
- Gemak Semak Manipur, Perdicula manipurensis
- Genus Ophrysia
- Gemak Himalaya, Ophrysia superciliosa--kritis/cures
Sajarah
[besut | besut sumber]Puyuh kalebu salah siji jinis manuk kang ora bisa mabur saka spésies utawa subspesies génus Coturnix.[2][3][4] Ing Jawa, ana uga kang nyebut Gemak.[2][3][4] Saka basa asing Quail, utawa manuk alasan kang sapisan diternaake déning bangsa Amérikah Sarékat, taun 1870.[2][3][4] Ing Indonésia, puyuh wiwit dikenal lan diternak nalika pungkasane taun 1979.[2][3][4]
Mupangat
[besut | besut sumber]Manuk puyuh duwé manfaat kaya ta:[2]
- Endhog lan daginge duwé gizi gedhé lan rasa kang énak
- Wulu utawa lar bisa kanggo bahan kerajinan
- Tembelek utawa kotoran bisa kanggo pupuk kandhang utawa kompos kang apik kanggo tuwuhan
Kandungan Gizi Endhog Puyuh
[besut | besut sumber]Endhog puyuh duwé ukuran cilik.[3] Sanajan cilik kandhutan gizine gedhé.[3] Biasane endhog puyuh dimasak kanthi digodhog utawa dicampur karo sayuran kaya ta campuran sambel kenthang, isi bakso, tahu lan somay.[3] Endhog puyuh uga bisa kanggo diet amarga bisa ngurangi prosès penimbunan lemak.[5]
Zat Gizi | Endhog Puyuh |
---|---|
Energi (kkal) | 158 |
Protein (g) | 13,05 |
Total lemak (g) | 11,09 |
Karbohidrat (g) | 0,41 |
Kalsium/Ca (mg) | 64 |
Bes/Fe (mg) | 3,65 |
Magnesium/Mg (mg) | 13 |
Fosfor/P (mg) | 226 |
Kalium/K (mg) | 132 |
Natrium/Na (mg) | 141 |
Seng/Zn (mg) | 1,47 |
Tembaga/Cu (mg) | 0,062 |
Mangan/Mn (mg) | 0,038 |
Selenium/Se (mkg) | 32,0 |
Thiamin (mg) | 0,069 |
Riboflavin (mg) | 0,478 |
Niasin (mg) | 0,070 |
Asam Panthothenat (mg) | 1,438 |
Vitamin B6 (mg) | 0,143 |
Kolin (mg) | 263,4 |
Vitamin B12 (mkg) | 1,58 |
Vitamin A (IU) | 543 |
Vitamin E (mg) | 1,08 |
Vitamin K (mkg) | 0,3 |
Kolesterol (mg) | 844 |
Lutein+zeaksantin (mkg) | 369 |
Sumber: USDA (2007)
Cathetan sikil
[besut | besut sumber]- ↑ a b Soeseno, Ari. 1993. Burung Hias Aneka Jinis dan Perawatannya. Jakarta: PT. Penebar Swadaya. Hal 197
- ↑ a b c d e Klub Burung Archived 2018-12-14 at the Wayback Machine.(dipunundhuh tanggal 06 Maret 2011)
- ↑ a b c d e f g Telur Puyuh Baik Bagi Semua Archived 2016-03-04 at the Wayback Machine.(dipunundhuh tanggal 07 Mèi 2011)
- ↑ a b c d Sentrapuyuh(dipunundhuh tanggal 7 Mèi 2011)
- ↑ Telur Burung Puyuh[pranala mati permanèn](dipunundhuh tanggal 7 Mèi 2011)