Kragujevac

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna bébas abasa Jawa
Kutha Kragujevac
Град Крагујевац
Kragujevac architecture.jpg
Coat of arms of Kutha Kragujevac
Coat of arms
Location of Kutha Kragujevac
Koordhinat: 43°59′N 20°53′E / 43.983°N 20.883°E / 43.983; 20.883
Nagara Serbia
Distrik Šumadija
Munisipalitas 5
Diadegaké 1476
Pamaréntahan
 • Walikutha Veroljub Stevanović
 • Parté sing kuwasa G17+-Together for Kragujevac/FES/SPS-PUPS-US
Tlatah
 • Gunggung 835 km2 (322 sq mi)
Cacah jiwa (2002)[1][2]
 • Gunggung 180,252
 • Kapadhetan 215,87/km2 (559,10/sq mi)
CET (UTC+1)
 • Mangsa Panas (DST) CEST (UTC0)
Kodhe pos 34000
Kodhe laladan (+381) 34
Car plates KG
Sana jaringan City of Kragujevac

Kragujevac (basa Serbia Abjad Sirilik Serbia: Крагујевац, Ngenani wuni iki rungokaké ) iku kutha ing Serbia, kutha paling gedhé ing region Šumadija lan minangka punjer administratif saka Distrik Šumadija. Kutha iki minangka kutha paling gedhé nomer papat ing Serbia sawisé Beograd, Novi Sad lan Niš. Karagujevac dumunung ing pinggir Kali Lepenica. Kragujevac misuwur kanthi anané pabrik gaman, amunisi lan montor Zastava, kang mrodhuksi montor mèrek Yugo, Florida, Zastava 10 (Punto, kanthi lisènsi saka Fiat) lan mèrek Skala.

Kutha Kragujevac diadegaké ing taun 1476. Universitas pisanan ing nagara Serbia nalika nembé mardika saliyané Great Academy ing kutha Beograd) wis ana ing Kragujevac taun 1838, samana uga sekolah lanjutan grammar school pisanan (Gimnazija), Printworks (kaloroné ing taun1833), téater nasiona (1835) lan Akademi Militer (1837). Universitas Kragujevac diadegaké ing taun 1976 uga dumunung ing kutha iki. Sajeroning kalamangsa taun 1818 nganti taun 1839, Kragujevac dadi kutha krajan Principality Serbia, sajeroning kakuwasan Pangèran Serbia Miloš Obrenović.

Jeneng[besut | besut sumber]

Jeneng kutha iki asalé saka tembung basa Serbia "kraguj", kang tegesé jeneng sawijining manuk élang pamburu, dadi maknané "panggonané kragujs". Ing basa Turki, kutha iki diarani Alacahisar.

Sajarah[besut | besut sumber]

Kragujevac wiwitan ingaran ing jaman tengahan kang magepokan karo anané taman umum kang diyasa ing pamukiman, lan katulis pisanan ana ing Tapu-Defter Turki ing taun 1476. Luwih saka 200 situs arkéologi ing Šumadija mbuktèkaké yèn pamukiman manungsa pisanan wis ana wiwit 40,000 taun kapungkur, nalika jaman Paleolithic. Sajarah Kragujevac luwih tuwa tinimbang kutha krajan Serbia, Beograd. Kragujevac ngalami akèh prastawa sajarah kang ngandhut kurban. Prastawa pisanan kasebut ing sawijining dokumen Turki saka abad ka-15 minangka désa Kragujevda (village of Kragujevdza) (jenengé asal saka jeneng manuk griffin - "kraguj" ing basa Serbia); Kutha iki dumunung ing simpangan dalan. Awit saka dunungé, kutha iki wis rusak makaping-kaping lan akèh kurban jiwa sajeroning paperangan kang ana ing sajarah. Tlatah iki wiwit makmur sawisé pambébasan saka Turki déning Serbia ing taun1818, nalika Pangèran Miloš Obrenović mroklamasèkaké Kragujevac minangka kutha krajan nagara Serbia. Konstitusi Serbia kang pisanan dikumandhangaké ing papan iki ing taun1835 lan gagasana pisanan bab sistem dhémokrasi kanthi calon indhepèndhen. Hukum pisanan bab cithakan médhia/press dilolosaké ing Kragujevac ing taun 1870. Kragujevac, minangka kutha krajan, tuwuh lan dadi kutha modhèren, progresif, bébas wicara niru kutha-kutha kutha krajan ing Éropah liyané wektu iku.

Munisipalitas[besut | besut sumber]

Kutha Kragujevac dipérang dadi sawetara munisipalitas ya iku:

  • Aerodrom
  • Pivara
  • Stanovo
  • Stari Grad
  • Stragari

Pamukiman[besut | besut sumber]

Pratélan pamukiman ing munisipalitas Kragujevac:

  • Kragujevac
  • Adžine Livade
  • Baljkovac
  • Botunje
  • Bukorovac
  • Velika Sugubina
  • Velike Pčelice
  • Veliki Šenj
  • Vinjište
  • Vlakča
  • Goločelo
  • Gornja Sabanta
  • Gornje Grbice
  • Gornje Jarušice
  • Gornje Komarice
  • Grošnica
  • Desimirovac
  • Divostin
  • Dobrača
  • Donja Sabanta
  • Donje Grbice
  • Donje Komarice
  • Dragobraća
  • Drača
  • Drenovac
  • Dulene
  • Đuriselo
  • Erdeč
  • Jabučje
  • Jovanovac
  • Kamenica
  • Korman
  • Kotraža
  • Kutlovo
  • Lužnice
  • Ljubičevac
  • Mala Vrbica
  • Mali Šenj
  • Maršić
  • Masloševo
  • Mironić
  • Novi Milanovac
  • Opornica
  • Pajazitovo
  • Poskurice
  • Prekopeča
  • Ramaća
  • Resnik
  • Rogojevac
  • Trešnjevak
  • Trmbas
  • Ugljarevac
  • Cvetojevac
  • Cerovac
  • Čumić
  • Šljivovac

Dhémografi[besut | besut sumber]

Klompok ètnik ing Kragujevac miturut sensus taun 2002 :

Klompok Ètnik (Sensus taun 2002)
Klompok Ètnik Populasi
Serbs 168,916
Montenegrins 1,231
Roma 1,154
Yugoslavs 401
Makedonia (golongan ètnik) 326
Croats 204
Muslims by nationality 151
Others 3,197
TOTAL 180.252

Pulitik[besut | besut sumber]

Kursi ing parlemèn munisipalitas ing pamilihan lokal taun 2004:[3]

  • Bebarengan kanggo Krahujevac (Together for Kragujevac) (28)
  • Parté Dhémokrat (Democratic Party) (18)
  • Parté Radikal Serbia (Serbian Radical Party) (13)
  • Parté Sosialis Serbi (Socialist Party of Serbia) (8)
  • Parté Dhémokratik Serbia (Democratic Party of Serbia) (6)
  • Kanggo kuthaku (For our city) (5)
  • Gerakan kakuwatan Serbia (Serbian Strength Movement) (5)
  • Serbia anayar (New Serbia) (4)

Wangunan wigati lan monumen[besut | besut sumber]

Museum Genosida ing Kragujevac

Arsitèktur Kragujevac nuduhaké campuran saka loro kaya kang béda-béda—Turki tradisional (saiki wis mèh ilang) lan gaya ''Vienna Secession'' abad ka-19. Konsèp modèren uga katon ing saindhenging kutha, ya iku wangun beton paska perang (biyasané arupa apartemen kang diyasa kanggo nampung para kurban Perang Donya II ), lan kantor-kantor kang dibungkus kaca, nandhakaké aspèk bisnis kang ambisius saka arsitèktur modèren. Sawetara yasan wigati lan institusi ing Kragujevac antarané:

  • Gréja tuwa Descent of the Holy Spirit diyasa taun 1818, minangka péranganing lapangan Prince Miloš. Interioré didhékorasi saka taun 1818 nganti 1822. Sawijining menara loncèng anyar diyasa ing taun 1907.
  • Gedhung Parlemèn tuwa diyasa ing taman sawijining gréja kanggo patemon parlemèn kang pisanan ing taun 1859. Akèh prastawa sajarah wigati kang kadadéan ing papan iki, antarané verifikasi kaputusan Berlin Congress bab kamardikan Serbia. Sawisé dirékonstruksi ing taun 1992, yasan iki didadèkaké musiyum.
  • The Amidža Konak kang diyasa déning Pangèran Miloš ing taun 1820 minangka papan pomahan. Yasan iki minangka salah siji conto arsitèktur regional ing Serbia. Saiki dadi musiyum nasional.
  • Pangèran Mihailo Konak, diyasa ing taun 1860. Arsitèktur campuran anatarané tradisi lokal lan konsè arsitèktur Éropah. Saiki dai musiyum nasional.
  • Sekolah Menengah(Gimnazija) diyasa antara taun 1885 nganti taun 1887 miturut disain saka Kementrèn Ènjiniring Sipil.
  • Para turis uga kasengsem marang sesawangan ing saubengé, kalebu Aranđelovac, Vrnjačka Banja, lan Mataruška Banja, bètèng Karađorđe, Greja Saint George ing Topola, watara 40 km saka kragujevac, monastri tuwa Kalenić, 55 km saka kana, resort Rogot (28 km) lan Stragari (34 km) kanthi monastri tuwa Blagoveštenje lan Voljavca.

Kutha kembar[besut | besut sumber]

Suresnes sister cities agreement, as seen in Kragujevac city hall first floor

Wangun kerjasama liya lan paseduluran kutha kang mèmper program kutha kembar:

Media lokal[besut | besut sumber]

Stasiun Radio[besut | besut sumber]

  • Bravo radhio (103.9)
  • Bis Plus radhio (97.9)
  • Bis radhio
  • Radio 9 (95.9)
  • Radio Hit
  • Radio Boom
  • Radio IN
  • Radio 34 radhio (91.6)

Stasiun TV[besut | besut sumber]

Koran[besut | besut sumber]

  • Svetlost

Uga delengen[besut | besut sumber]

Cathetan[besut | besut sumber]

  1. ^ Popis stanovništva, domaćinstava i Stanova 2002. Knjiga 1: Nacionalna ili etnička pripadnost po naseljima. Républika Srbija, Republički zavod za statistiku Beograd 2003. ISBN 86-84443-00-09
  2. ^ About Kragujevac
  3. ^ Kragujevac election results (2004)

Gladri[besut | besut sumber]

Pranala njaba[besut | besut sumber]

Cithakan:Munisipalitas Serbia