Kéblat

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna bébas abasa Jawa
(Dilih saka Kiblat)
Artikel iki bagéyan saka sèri
Islam
Allah1.png
Rukun Islam
Syahadat · Shalat · Pasa
Zakat · Kaji
Rukun Iman
Allah · Al-Qur'an · Malaikat
Nabi · Dina Akhir
Qada & Qadar
Tokoh Islam
Muhammad SAW
Nabi & Rasul · Sahabat
Ahlul Bait
Kota Suci
Mekkah ·Madinah · Yerusalem
Najaf · Karbala · Kufah
Kazimain · Mashhad ·Istanbul
Riyaya
Hijrah · Idul Fitri · Idul Adha
· Asyura · Ghadir Khum
Arsitektur
Mesjid ·Menara ·Mihrab
Ka'bah · Arsitektur Islam
Jabatan Fungsional
Khalifah ·Ulama ·
Imam·Mullah·Ayatullah · Mufti
Teks & Hukum
Al-Qur'an ·Hadist · Sunnah
Fiqih · Fatwa · Syariat
Mazhab
Sunni
Hanafi ·Hambali
Maliki ·Syafi'i
Syi'ah
Rolas Imam
Ismailiyah·Zaidiyah
Liyané
Ibadi · Khawarij
Murji'ah·Mu'taziliyah
Delengen uga
Portal Islam
Indeks perkara Islam

Kéblat iku tembung Arab kang maknané arah kang dituju wektu umat Islam / Muslim ngayahi ibadat salat.

Sajarah[besut | besut sumber]

Wiwitané, kéblat iku tumuju menyang Yerusalem. Miturut Ibnu Katsir,[1] Rasulullah SAW lan para sahabat salat madhep arah Mesjid Al Aqsa. Nanging, Rasulullah luwih seneng salat ngadhep kéblaté Nabi Ibrahim, ya iku Ka'bah. Mulané beliau asring salat ing antara 2 pojok Ka'bah saéngga Ka'bah dumunung ana ing antara panjenengané lan Mesjid Al-Aqsa. Kanthi tumindak mangkono beliau salat sekaligus ngadhep Ka'bah lan Mesjid Al Aqsa.

Sawisé hijrah menyang Madinah, cara mangkono mau ora bisa mmanèh. Beliau salat kanthi madhep Baitul Maqdis. Beliau asring ndhangak ngentèni wahyu tumurun supaya Ka'bah didadèkaké kéblat shalat. Gusti Allah marengaké panyuwuné beliau lan mudhunaké ayat 144 Surat al-Baqarah:

Bener Aku (asring) ndeleng raimu ndhangak, mula bener Aku bakal mléngakaké kowé menyang kéblat kang mbok senengi. Pléngakna raimu menyang Masjidil Haram. Lan ing ngendi waé kowé dumunung, pléngakna raimu mrana. Lan sayektiné wong-wong (Yahudi lan Nasrani) kang diwènèhi Al Kitab (Torèt lan Injil) pancen weruh, yèn mléngak menyang Masjid Al Haram iku bener saka Tuhan-é; lan Allah babar pisan ora lengah (Maksudé ya iku Nabi Muhammad SAW asring ndeleng ka langit ndonga lan nunggu-nunggu tumuruné wahyu kang mrintahaké beliau madhep menyang Baitullah).[2]

Uga dicritakaké jroning sawijiné hadits riwayat Imam Bukhari:[3]

Saka al-Bara bin Azib, yèn Nabi SAW pisanan tekan ing Madinah beliau mudhun ing dalemé kakek-kakek utawa paman-paman saka Anshar. Lan yèn beliau salat ngadhep Mesjid Al-Aqsa nembelas utawa pitulas sasi. Lan beliau seneng kéblaté diowahi dadi ngadhep Baitullah. Lan salat pisanan beliau kanthi ngadhep Baitullah ya iku salat Ashar bebarengan karo wong-wong kang mèlu makmum. Sawisé salat, sawijining wong lanang kang mèlu salat bareng beliau lunga nuli ngliwati wong-wong ing sawijining mesjid kang lagi rukuk. Banjur dhèwèké celathu: "Aku bersaksi marang Allah, bener aku wis salat bareng Rasulullah SAW kanthi ngadhep Mekkah." Wong-wong mau terus ngowahi arah shalaté madhep Baitullah. Lan wong-wong Yahudi lan Ahli Kitab seneng beliau salat ngadhep Mesjid Al-Aqsa. Sawisé beliau mléngakaké rainé menyang Baitullah, wong-wong mau ngingkari bab iku. Sakbeneré sawetara wong mati lan kaperjaya sakdurungé pindhahé arah kéblat, saéngga kita ora ngerti apa kang bakal kita kandhakké bab wong-wong mau. Banjur Allah kang Maha Tinggi mudhunaké ayat "lan Allah ora bakal nyia-nyiakaké imanmu" (al-Baqarah, 2:143).[2]

Bab iku kadadéyan ing taun 624. Kanthi tumuruné ayat mau, kéblat diganti dadi madhep menyang Ka'bah ing Mekkah. Saliyané arah shalat, kéblat uga minangka arah endhas kéwan kang disembelih, uga arah sirah jenazah kang disarèkaké.

Nemtokaké arah kéblat[besut | besut sumber]

Perhitungan geometris arah kéblat

Jroning 1000 taun pungkasan, sawetara matematikawan lan astronom Muslim kayata Biruni wis ngétung kanthi pener kanggo nemtokaké arah kéblat saka werna-werna panggonan ing jagad. Kabèh setuju yèn saben taun ana rong dina nalika srengéngé persis ing ndhuwuré Ka'bah, lan arah ayang-ayangan srengéngé ing ngendi waé ing donya mesthi ngarah menyang Kéblat. Prastawa mau dumadi saben tanggal 28 Mei pukul 9.18 GMT (16.18 WIB) lan 26 Juli jam 9.27 GMT (16.27 WIB).

Mesthi waé jroning wektu mau mung separo bumi kang éntuk cahya srengéngé. Saliyané iku ana rong dina liya nalika srengéngé persis ing waliking Ka'bah (antipoda), ya iku nalika ayang-ayang srengéngé uga ngarah menyang Ka'bah. Prastawa mau dumadi ing tanggal 28 November 21.09 GMT (4.09 WIB) lan 16 Januari jam 21.29 GMT (4.29 WIB)

Delengen uga[besut | besut sumber]

Pranala jaba[besut | besut sumber]

Cathetan[besut | besut sumber]

  1. ^ (ar)Ibnu Katsir. Tafsir Ibnu Katsir, Tafsir Surat al-Baqarah.
  2. ^ a b (ar)Al-Qur'an Al-Karim.
  3. ^ (ar)Al-Bukhari. Shahih Bukhari, hadits no. 41 ing Fath al-Bari.


Sumber artikel punika saking kaca situs web: "https://jv.wikipedia.org/w/index.php?title=Kéblat&oldid=1083326"