Florence Nightingale

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna bébas abasa Jawa
Florence Nightingale
Miyos (1820-05-12)12 Mèi 1820
Firenze, Italia
Tilar donya 13 Agustus 1910(1910-08-13) (umur 90)
Park Lane, London, Inggris
Profèsi Perawat lan Statistisi
Institusi Barak Selimiye, Scutari
Spesialisasi Kaséhatan lan karesikan griya sakit
Dipunkawruhi amargi Pelopor perawat modhèrn
Tapak asma

Florence Nightingale (12 Mei 1820-13 Agustus 1910) punika pelopor perawat modhèrn, panulis lan nimpuna statistik.[1] Panjenenganipun punika satunggiling univèrsalis Kristen.[2] Nalika tanggal 7 Fèbruari 1837 – boten lami sadèrèngipun ambal warsanipun ingkang kaping-17 – satunggaling kedadosan ingkang badhé ngéwahi gesangipun: panjenenganipun nyerat, "Gusti ngendika marang aku lan nimbali aku kanggé ngladosi-Panjenenganipun."[3] Panjenenganipun dipuntepangi kanthi nami Widodari kanthi lampu (basa Inggris The Lady With The Lamp) amargi jasanipun ingkang tanpa kenal ajrih ngempalaken kurban perang nalika Perang Krim, ing Tanjung Krim, Ruslan.

Florence Nightingale nggesangaken malih konsèp panjagèn karesikan griya sakit lan kiyat-kiyat juru rawat. Panjenenganipun maringaken panekanan dhumateng kawigatosan ingkang tliti dhumateng kabetahan pasièn lan panyusunan laporan ingkang rinci migunaaken statistik minangka argumentasi éwah-éwahan nuju arah ingkang langkung saé ing babagan kaperawatan ing sangajenging pamarèntahan Inggris.

Mangsa alit[besut | besut sumber]

Florence Nightingale miyos ing Firenze, Italia tanggal 12 Mei 1820 lan dipunagengaken ing salebeting kulawargi ingkang kacekapan. Naminipun dipunpundhut saking kitha papan piyambakipun dipunwiyosaken.[4] Nami ngajengipun, Florence ngrujuk dhumateng kitha wiyosanipun; Firenze ing basa Italia utawi Florence ing basa Inggris.

Nalika taksih alit piyambakipun mapan wonten ing Lea Hurst, satunggiling griya ageng lan miwah kagunganipun bapanipun, William Nightingale. Bapanipun punika satunggiling tuwan tanah sugih ing Derbyshire, London, Inggris. Sauntawis ibunipun punika katurunan ningrat lan kulawarga Nightingale punika kulawarga priyayi. Florence Nightingale kagungan sedhèrèk putri ingkang naminipun Parthenope.

Nalika remaja wiwit katon prilaku kekalihipun ingkang bènten sanget lan Parthenope gesang selaras kaliyan martabatipun minangka putri satunggiling tuwan tanah. Ing wekdal punika, wanita ningrat, sugih, lan kagungan pendhidhikan, aktifitas kathah-kathahipun namung seneng-seneng kémawon lan kesèt, sauntawis Florence langkung kathah medal griya lan mbiyantu warga ing kiwa-tengenipun ingkang mbetahaken.

Lelampahan dhumateng Jerman[besut | besut sumber]

Nalika taun 1846 panjenenganipun ndhatengi Kaiserswerth, Jerman, lan nepangi langkung lebet ngenani griya sakit modhèrn pionir ingkang dipunpelopori déning Pendeta Theodor Fliedner lan èstrinipun ingkang dipunkelola déning biarawati Lutheran (Katulik).

Ing mrika Florence Nightingale kesengsem dhumateng komitmen lan kapedulian ingkang dipunpraktèkaken déning para biarawati dhumateng pasièn.

Panjenenganipun kadhung tresna dhumateng pedamelan sosial kaperawatan, sarta kundur dhumateng Inggris kanthi mbeta pangangen-angen kasebat.

Sinau ngrawat[besut | besut sumber]

Florence Nightingale nalika tasih anèm.

Nalika yuswa diwasa Florence ingkang langkung ayu tinimbang mbakyunipun, lan minangka satunggiling putri tuan tanah ingkang sugih, pikantuk kathah lamaran kanggé palakrami. Nanging sadaya dipuntulak, amargi Florence rumaos "katimbalan" kanggé ngurus perkawis-perkawis ingkang magepokan kaliyan kamanungsan.

Nalika taun 1851, utawi yuswa 31 taun, panjenenganipun dipunlamar déning Richard Monckton Milnes satunggiling pujangga lan satunggiling ningrat (Baron of Houghton), lamaran punika ugi dipuntulak amargi ing taun punika panjenenganipun sampun kagungan niyat teguh kanggé ngabdikaken dhirinipun dhumateng donya kaperawatan.

Dipuntentang déning kulawarga[besut | besut sumber]

Gegayuhan punika sanget dipuntentang keras déning ibu lan mbakyunipun, amargi ing wekdal punika ing Inggris, perawat punika pedamelan nistha lan satunggiling griya sakit punika papan ingkang reged. Kathah tiyang nimbali dhokter kanggé dugi dhumateng griya lan dipunrawat ing griya.

Perawat kala rumiyin nistha amargi:

  • Perawat dipunsamèkaken kaliyan wanita tanpa susila utawi "buntut" (kulawarga tentara ingkang miskin) ingkang tumut dhumateng pundi kémawon tentara tindak.
  • Profèsi perawat kathah adu arep langsung kaliyan badan salebetipun kahanan kabuka, saéngga dipunanggep profèsi punika sanès profèsi sopan wanita saé lan kathah pasièn tumindak boten sopan kaliyan wanita tanpa pendidikan ingkang wonten ing griya sakit.
  • Perawat ing Inggris nalika wekdal punika langkung kathah ingkang priya tinimbang wanita amargi alasan-alasan kasebat.
  • Perawat wekdal punika langkung asring kagungan fungsi minangka tukang masak.

Argumèntasi Florence bilih ing Jerman perawatan saged dipunlampahaken kanthi saé tanpa ngasoraken profèsi perawat putung, amargi ing wekdal punika ing Jerman perawat ugi biarawati Katulik ingkang sapun dipunsumpah kanggé boten palakrami lan perkawis punika ugi sacara langsung ngreksa biarawati-biarawati saking tindakan ingkang boten urmat saking pasiènipun.

Senadyan bapanipun sarujuk menawi Florence mbektiaken dhiri kanggé kamanungsan, nanging panjenenganipun boten sarujuk menawi Florence dados perawat ing griya sakit. Panjenenganipun boten saged mbayangaken putrinipun nyambut damel ing papan ingkang njijiki. Panjenenganipun nganjuraken supados Florence tindak mlampah-mlampah dhumateng manca nagari kanggé ngeningaken pikir.

Nanging Florence kukuh lan tetep tindak dhumateng Kaiserswerth, Jerman kanggé pikantuk pelatihan sesarengan biarawati ing mrika. Salaminipun sekawan wulan panjenenganipun sinau ing Kaiserwerth, Jerman ing saandhaping tekanan saking kulawarganipun ingkang ajrih dhumateng implikasi sosial ingkang tuwuh saking satunggiling kenya ingkang dados perawat lan latar wingking griya sakit ingkang Katulik sauntara kulawarga Florence punika Kristen Protestan.

Sasanèsipun ing Jerman, Florence Nightingale ugi naté nyambut damel ing griya sakit kanggé tiyang miskin ing Prancis.

Kundur dhumateng Inggris[besut | besut sumber]

Nalika tanggal 12 Agustus 1853, Nightingale kundur dhumateng London lan pikantuk pedamelan minangka pengawas bagéyan kaperawatan ing Institute for the Care of Sick Gentlewomen, satunggiling griya sakit alit ingkang wonten ing Upper Harley Street, London, posisi ingkang panjenenganipun tekuni dumugi wulan Oktober 1854. Bapanipun maringi ₤500 per taun (sapunika sami kaliyan ₤ 25,000 utawi Rp. 425 yuta), saéngga Florence saged gesang kanthi nyaman lan niti kariripun.

Ing mriki panjenenganipun kagungan argumentasi sengit kaliyan Komite Griya Sakit amargi komite nulak pasièn ingkang agaminipun Katulik. Florence ngancam badhé ngunduraken dhiri, kejawi menawi komite punika ngéwahi angger-angger kasebat lan maringi ijin kaserat bilih;

   
Florence Nightingale
griya sakit badhé nampi boten namung pasièn ingkang agaminipun Katulik, nanging ugi Yahudi lan agami sanèsipun, sarta marengaken pasièn nampi kunjungan saking pandhita-pandhitaipun, kalebet rabi, lan ulama kanggé tiyang Islam
   
Florence Nightingale

Komite Griya Sakit lajeng ngéwahi angger-angger kasebat selaras kaliyan panyuwunan Florence.

Perang Krim[besut | besut sumber]

Satunggiling litograf warni karya William Simpson nggambaraken kahanan tiyang ingkang sakit lan tatu-tatu ing Balaklava
Satunggiling bangsal griya sakit ing Scutari papan Nightingale nyambut damel, saking litograf taun 1856

Nalika taun 1854 dumados paperangan ing Tanjung Krim. Tentara Inggris sesarengan tentara Prancis mengsah kaliyan tentara Ruslan. Kathah perjurit ingkang gugur salebetipun paperangan, nanging ingkang langkung nrenyuhaken malih inggih punika boten wontenipun perawatan kanggé para perjurit ingkang sakit lan tatu-tatu.

Kahanan ndadra nalika satunggiling wartawan kanthi nami William Russel tindak dhumateng Krim. Salebetipun seratanipun kanggé dintenan TIME, panjenenganipun nyerataken kados pundi perjurit-perjurit ingkang tatu glimpangan ing siti tanpa pikantuk perawatan lan takèn, "Punapa Inggris boten kagungan wanita ingkang purun ngabdèkaken piyambakipun salebetipun nglampahi pedamelan kamanungsan ingkang luhur punika?".

Manah rakyat Inggris lajeng kagugah déning seratan kasebat. Florence rumaos wekdalipun sampun dumugi, panjenenganipun lajeng nyerat layang dhumateng mentri penerangan wekdal punika, Sidney Herbert, kanggé dados sukarélawan.

Ing pepanggihan kaliyan Sidney Herbert kadungkap bilih Florence punika satunggal-satunggalipun wanita ingkang ndaftaraken dhiri. Ing Krim perjurit-perjurit kathah ingkang pejah boten amargi mimis lan bom, nanging amargi boten wontenipun perawatan, lan perawat priya gunggungipun boten nyekapi. Panjenenganipun nyuwun Florence kanggé mimpin kenya-kenya sukarelawan lan Florence sagah.

Nalika tanggal 21 Oktober 1854 sesarengan kaliyan 38 kenya sukarelawan ingkang dipunlatih déning Nightingale lan kalebet bibinipun Mai Smith,[5] tindak dhumateng Turki numpang satunggiling kapal.

Awal November 1854 kapal ndharat ing satunggiling griya sakit pinggir pesisir ing Scutari. Nalika dugi ing mrika kasunyatan ingkang dipunadhepi langkung nggegirisi saking punapa ingkang dipunbayangaken.

Sapérangan kenya sukarélawan kagoncang jiwanipun lan boten saged langsung nyambut damel amargi kuwatos, sadaya ruwangan kebak sesak kaliyan perjurit-perjurit ingkang tatu, lan maatus-atus perjurit glimpangan ing latar njawi tanpa papan ngayom lan boten wonten ingkang ngrawat.

Dhokter-dhokter nyambut damel kanthi cepet nalika pambedhahan, dhokter-dhokter punika ngethok tangan, suku, lan ngamputasi punapa kémawon ingkang mbebayani kagesangan pasièn, kethokan-kethokan badan kasebat dipuntumpuk mekaten kémawon ing njawi jendhéla lan boten wonten tenaga kanggé mbuwang tebih dhumateng papan sanès. Tilas tangan lan suku ingkang kebak getih nggunung dados setunggal lan ngedalaken ambu ingkang boten sedhep.

Florence dipunajak ngupengi nraka kasebat déning Mayor Prince, dhokter kepala griya sakit kasebat lan nyanggupi kanggé mbiyantu.

Florence nglampahaken èwah-èwahan wigatos. Panjenenganipun ngatur papan-papan saré para panandhang gerah ing salebeting griya sakit, lan nyusun papan para panandhang gerah ingkang glimpangan ing njawi griya sakit. Panjenenganipun ngopadi supados panandhang ingkang wonten ing njawi menawi saged ngayom ing saandhaping wit lan nugasaken pamadegan téndha.

Panjagiyan dipunlampahaken sacara tliti, perawatan dipunlampahaken kanthi cermat; perban dipungantos sacara rutin, obat dipunparingaken ing wekdalipun, jogan griya sakit dipunpèl saben dinten, méja kursi dipunresiki, klambi-klambi reged dipungirah kanthi ngerahaken tenaga bantuan saking pendhudhuk mriku.

Pungkasanipun gunungan kethokan badan, daging, lan balung-balung manungsa ugi rampung dipunresiki, sadaya dipunbuwang ing papan ingkang tebih utawi dipunkubur.

Ing wekdal setunggal wulan griya sakit sampun bènten kahananipun, senadyan ambunipun dèrèng ical sadaya nanging jerit lan rintihan perjurit ingkang tatu sampun kirang kathah. Para perawat sukarélawan nyambut damel tanpa kenal kesel, ngalèr-ngidul ngétan-ngilèn ing saandhaping pangawasan Florence Nightingale.

Panjenenganipun ugi nangani perawat-perawat sanès kanthi tangan wesi, malah ngunci para perawat saking njawi nalika wayah wengi. Pupunika dipunlampahi kanggé mbuktèkaken dhumateng tiyang sepuhipun ing tingkat ékonomi manengah, bilih kanthi disiplin ingkang awrat lan ing saandhaping kapamimpinan kiyat satunggiling wanita, putri-putrinipun saged dipunreksa saking kamungelan serangan sèksual.

Kaajrihan dhumateng perkawis punika ingkang damel ibu-ibu ing Inggris nentang putri-putrinipun dados perawat, lan nyebabaken griya sakit ing Inggris ketinggalan tinimbang ing bawana Éropah sanèsipun ing pundi profèsi kaperawatan dipunlampahaken déning biarawati lan biarawati-biarawati punika wonten ing saandhaping pangawasan Biarawati Kepala.

Nalika ndalu wekdal perawat sanès ngaso lan mulihaken dhiri, Florence nyerataken pengalamanipun lan cita-citanipun ngenani donya kaperawatan, lan obat-obatan ingkang piyambakipun mangertosi.

Nanging, kerja awrat Florence ngresiki griya sakit boten kagungan prabawa kathah dhumateng gunggung pejahing perjurit, malah sawalikipun, angka kapejahan malah ningkat dados ingkang paling kathah tinimbang griya sakit sanèsipun ing dhaérah kasebat. Nalika mangsa asrep sepindhah Florence wonten ing mriku, 4077 perjurit tilar donya ing griya sakit kasebat. Malah gunggungipun perjurit tikel kaping 10 ingkang tilar donya amargi sesakit kadosta; tipes, tifoid, kolera, lan disentri tinimbang kaliyan pejah amargi tatu-tatu nalika perang. Kahanan ing griya sakit kasebat dados fatal sanget amargi gunggung pasièn nglimpah langkung kathah saking ingkang mungel saged dipuntampung, perkawis punika nyebabaken sistem pambuwangan limbah lan vèntilasi udara saya ala.

Nalika wulan Maret 1855, mèh enem wulan sasampunipun Florence Nightingale dhateng, komisi karesikan Inggris dhateng lan ndandosi sistem pambuwangan limbah lan sirkulasi udara, wiwit wekdal punika tingkat kapejahan mandhap drastis.

Nanging Florence tetep pitados wekdal punika bilih tingkat kapejahan dipunsebabaken déning nutrisi ingkang kirang saking asupan panganan lan awratipun beban pedamelan tentara. Pamikiran punika nembé éwah nalika Florence kundur dhumateng Inggris lan ngempalaken bukti ing sangajengipun Komisi Krajan kanggé Kaséhatan Tentara Inggris (Royal Commission on the Health of the Army), pungkasanipun panjenenganipun dipunyakinaken bilih wekdal punika para perjurit ing griya sakit tilar donya amargi kahanan griya sakit ingkang reged lan mrihatinaken.

Perkawis punika kagungan prabawa dhumateng kariripun ing tembé wingking ing pundi panjenenganipun gigih kampanye karesikan lingkungan minangka babagan ingkang utami. Kampanye punika kasil dipunbiji saking mandhapipun angka kapejahan perjurit nalika tentrem (boten saweg perang) lan nedahaken wigatosipun disain sistem pambuwangan limbah lan ventilasi udara satunggiling griya sakit.

Widodari mawi lampu[besut | besut sumber]

"Nightingale nampi panandhang tatu ing Scutari", satunggiling potrèt karya Jerry Barrett

Ing sawijining dinten, nalika peperangan ageng ing njawi kitha sampun rampung, satunggiling bintara dhateng lan lapur dhumateng Florence bilih saking kalih pihak korban ingkang dhawah kathah sanget.

Florence nengga rombongan pisanan, nanging kasunyatanipun gunggungipun sekedhik, panjenenganipun tanglet dhumateng bintara kasebat punapa ingkang dumados kaliyan kurban sanèsipun. Bintara kasebat nélakaken bilih kurban salajengipun kedah nengga dumugi ngénjing amargi sampun kebacut peteng.

Florence meksa bintara kasebat kanggé ngenteraken dhumateng tilas medan peperangan kanggé ngempalaken kurban ingkang taksih saged dipunslametaken amargi menawi kedah nengga dumugi mbénjang kurban-kurban kasebat saged pejah katelasan rah.

Nalika bintara kasebat katon kawratan, Florence ngancam badhé nglapuraken dhumateng Mayor Prince.

Lanjeng enem tiyang tindak dhumateng tilas medan peperangan, sadaya priya, namung Florence ingkang wanita. Florence kanthi mbeta lentera malik lan mriksa badan-badan ingkang glimpangan, mbeta sinten kémawon ingkang taksih gesang lan taksih saged dipunslametaken, kalebet perjurit Ruslan.

Ndalu punika kaenem tiyang wau kundur kanthi mbeta gangsal welas perjurit, kalih welas perjurit Inggris lan tiga perjurit Ruslan.

Wiwit wektu punika saben dumados peperangan, ing ndalunipun Florence keliling mbeta lampu kanggé madosi perjurit-perjurit ingkang taksih gesang lan panjenenganipun wiwit misuwur minangka widodari mawi lampu ingkang nulung nalika peteng dhedhet. Kathah jiwa katulung ingkang kedahipun sampun pejah.

Salaminipun perang Krim, Florence Nightingale pikantuk nami "Widodari mawi lampu".[6] Nalika taun 1857 Henry Longfellow, satunggiling juru gurit AS, nyerat gurit ngenani Florence Nightingale asesirah "Santa Filomena", ingkang nglukisaken kepripun panjenenganipun njagi perjurit-perjurit ing griya sakit tentara nalika wayah ndalu, kiyambakan, kanthi mbeta lampu.

   
Florence Nightingale
Nalika jam-jam kebak kasangsaran punika, dhateng widodari mawi lampu kanggé kula.
   
Florence Nightingale

Tilar donya[besut | besut sumber]

Pasaréyan Florence Nightingale ing Gréja St. Margaret, East Wellow.

Florence Nightingale tilar donya ing yuswa 90 taun tanggal 13 Agustus 1910. Kulawarganipun nulak kanggé nyarèkaken ing Westminster Abbey, lan panjenenganipun dipunsarèkaken ing Greja St. Margaret ingkang papanipun ing East Wellow, Hampshire, Inggris.[1][7][8]

Cathetan suku[besut | besut sumber]

  1. ^ a b "Miss Nightingale Dies, Aged Ninety". The New York Times. 1910-08-15. Dijupuk 2007-07-21. Florence Nightingale, perawat misuwur nalika perang Krimea, lan satunggal-satunggalipun wanita ingkang nampi Order of Merit, tilar donya siang kala wingi ing griyanipun ing London. Senadyan panjenenganipun sampun dangu nandhang cacat, awis nilar ruanganipun, papan panjenenganipun nglampahi musim kanthi posisi setengah rabahan, lan salebeting parawatan teras saking satunggiling dhokter, sédanipun boten kakinten. Minggu sadèrèngipun, piyambakipun radi gerah, nanging lajeng saya tambah, lan ing dinten Jemuahipun piyambakipun sumringah. Salami dalu punika gejalanipun ngrembaka, lan piyambakipun saya dangu kaananipun mrosot dugi jam 2 dinten Setu siang, nalika akir gesangipun dumugi. 
  2. ^ Florence Nightengale ing Tentmaker.org. Diaksès tanggal 13 Juli 2007.
  3. ^ Rev. Ed Hird. "Thank God for Nurses!" (ing dalam basa Inggris). Dijupuk 2007-12-31. 
  4. ^ Mbakyunipun Florence, Parthenope ugi dipunparing asma adhedhasar nami papan wiyosanipun; Parthenope punika perumahan Yunani ingkang arupi bagéyan saking kitha Naples.
  5. ^ Gill, Christopher J.; Gillian C. Gill (2005). "Nightingale in Scutari: Her Legacy Reexamined". Clinical Infectious Diseases 40: 1799–1805. Dijupuk 2007-10-07.  Cite nganggo paramèter lawas |coauthors= (pitulung)
  6. ^ Cited in Cook, E. T. The Life of Florence Nightingale(1913) Vol 1, p 237.
  7. ^ http://www.countryjoe.com/nightingale/joe_grave.jpg
  8. ^ http://www.countryjoe.com/nightingale/wellow.htm

Réferènsi[besut | besut sumber]

  • (en) Baly, Monica E. and H. C. G. Matthew, "Nightingale, Florence (1820–1910)"; Oxford Dictionary of National Biography, Oxford University Press (2004); online edn, May 2005 accessed 28 Oct 2006
  • (en) Pugh, Martin; The march of the women: A revisionist analysis of the campaign for women's suffrage 1866-1914, Oxford (2000), at 55.
  • (id) Soeroto, A. Florence Nightingale, Bidadari Berlampu. Penerbit Djambatan. Seri "Kisah orang-orang yang telah berjasa". Cithakan pisanan 1974. ISBN 979-428-073-9.
  • (en) Sokoloff, Nancy Boyd.; Three Victorian women who changed their world, Macmillan, London (1982)
  • (en) Webb, Val; The Making of a Radical Theologician, Chalice Press (2002)
  • (en) Woodham Smith, Cecil; Florence Nightingale, Penguin (1951), rev. 1955

Pranala njawi[besut | besut sumber]