Cithakan:Pendhapa Wikipédia

Kuburan kéwan ya kuwi kuburan kanggo kéwan. Senadyan pamumulé lan ngubur kéwan klangenan wis dipraktèkaké wiwit jaman kuna, kuburan sing kusus kanggo kéwan ora lumrah nganti pungkasan abad kaping-19. Akèh kabudayan manungsa ngubur jisiming kéwan. Contoné wong Mesir Kuna mumifikasi lan ngubur kucing, sing dianggep déwata; salah sijiné kuburan kéwan lawas dhéwé iku kuburan kéwan Berenice, sing mliginé dienggo ngubur kucing, lan ditemokaké nalika èkskavasi plabuhan Berenice Troglodytica ing taun 2011 lan dienggo antara abad kapisan lan kapindho Masèhi. Para arkéolog nemokaké menawa asu dikubur ing sandhingé manungsa ing Sibéria nganti sakiwa tengené 8.000 taun kapungkur. Kuburan asu Ashkelon, iku kuburan kéwan klangenan sing dikawruhi lan gedhé dhéwé. Kuburan iki ditemokaké ing Taman Nasional Ashkelon, Ashkelon, Israèl.
Maca sabanjuré ...- 1564 - Galileo Galilei, astronom Italia, miyos wonten ing Pisa.
- 1942 - Perang Donya II: Singapura nyerah dateng Jepang. Udakara 130.000 tentara India, Australia, lan Inggris dados tahanan perang.
- 2003 - Protès global dumateng Perang Irak dumados wonten ing 600 kutha sa-donya. Udakara 10–15 yuta tiyang tumut, saéngga dados demonstrasi paling ageng ingkang naté wonten.
- 2010 - Sakbotenipun 25 tiyang tiwas amargi tabrakan kalih sepur komuter ing Halle, 15 kilomèter ing kidul-kilèn Brussels, Belgia. (Kompas)
- 2013 - Gelombang kejut akibat meteor dhawah ing caket Chelyabinsk, Rusia Tengah, ngrisak bangunan lan natoni langkung saking 1.000 tiyang. (sumber)