Jakat pitrah

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa
(Kaelih saka Zakat fitrah)
Menyang navigasi Menyang panggolèkan
Artikel iki bagéyan saka sèri
Islam
اللہ کا نام.jpg
Rukun Islam
Sahadat · Salat · Pasa
Jakat · Kaji
Rukun Iman
Allah · Kuran · Malaékat
Nabi · Dina Akhir
Qada & Qadar
Tokoh Islam
Mukamad
Nabi & Rasul · Sakabat
Ahlul Bait
Kutha suci
Mekkah ·Madinah · Yérusalem
Najaf · Karbala · Kufah
Kazimain · Mashhad ·Istanbul
Riyaya
Éjrah · Idul Fitri · Idul Adha
· Asyura · Ghadir Khum
Arsitèktur
Mesjid ·Menara ·Mihrab
Ka'bah · Arsitèktur Islam
Jabatan Fungsional
Khalifah ·Ulama ·
Imam·Mullah·Ayatullah · Mufti
Tèks & Ukum
Kuran ·Kadis · Sunah
Fiqih · Fatwa · Saréngat
Madahab
Sunni
Kanapi ·Kambali
Maliki ·Sapingi
Singah
Rolas Imam
Ismailiyah·Zaidiyah
Liyané
Ibadi · Khawarij
Murji'ah·Mu'taziliyah
Delengen uga
Portal Islam
Indeks perkara Islam

Jakat pitrah iku jakat dhiri kang diwajibaké marang dhiri pribadi saben individu lanang lan wadon muslim kang duwé kamampuan kanthi sarat-sarat kang wis dikukuhaké. Tembung pitrah tegesé kaanan manungsa wektu lagi diciptakaké saéngga kanthi ngetokaké jakat iki manungsa kanthi idin Allah bakal bali dadi pitrah.

Sing wajib mbayar[besut | besut sumber]

Saben muslim diwajibaké mbayar jakat pitrah kanggo awaké dhéwé kulawarga lan wong liya kang dadi tanggungané kalebu kang wis diwasa, bocah cilik, lanang lan wadon. Ing ngisor iki sarat kang njalari individu wajib mbayar jakat pitrah:

  • Individu kang duwé kaluwihan panganan utawa banda tinimbang kaperluan tanggungané ing wengi lan ésuk-ésuk dina riyaya.
  • Bocah kang lair sadurungé srengéngé gingsir ing pungkasan wulan Ramelan lan urip sawisé angsluping srengéngé.
  • Nganut agama Islam sadurugé srengéngé angslup ing pungkasanwulan Ramelan lan tetep sajeroning agama Islam.
  • Sadéngah wong kang tilar donya sawisé angslup srengéngé ing pungkasan wulan Ramelan.

Gedhéné jakat[besut | besut sumber]

Gedhéné jakat kang kudu diwetokaké miturut para ulama yaiku sarujuk karo penafsiran marang kadis iku gedhéné siji sha' utawa kira-kira padha karo 3,5 liter utawa 2.7 kg panganan utama (glepung, kurma, gandum, aqith) utawa siyang biyasa dikonsumsi ing tlatah mau (Madahab syafi'i lan Maliki)[1]

Wektu[besut | besut sumber]

Jakat pitrah diwetokaké ing wulan Ramelan, paling ora sadurungé wong-wong rampung salat id. Yèn wektu masrahaké ngliwati wates wektu mau, apa kang dipasrahaké mau banjur ora kalebu kategori jakat nanging dadi wujud sedekah biyasa.

Kang nampa jakat[besut | besut sumber]

Panampa jakat kanthi umum dikukuhaké sajeroning 8 golongan/asnaf (fakir, miskin, amil, muallaf, hamba sahaya, gharimin, fisabilillah, ibnu sabil) nanging miturut sawatara ulama mirunggan kanggo jakat pitrah mesthi didhisikké marang rong golongan pisanan yaiku fakir lan miskin. Panemu iki lelandhesan marang alesan gunggung/ajiné jakat kang cilik banget kamangka angkahé supaya para fakir lan miskin bisa mèlu mangayubagya dina riyaya.

Deleng uga[besut | besut sumber]

Rujukan[besut | besut sumber]

  1. Pos keadilan peduli ummat [1].

Pranala njaba[besut | besut sumber]

Cithakan:Jakat