Wong Kerinci

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa
Loncat ke navigasi Loncat ke pencarian
Wong Kerinci
Gunggung cacah jiwa
(kurang luwih 300.000 (1996))
Tlatah mawa cacah jiwa akèh
Kabupatèn Kerinci,Jambi, Indonésia
Basa
basa Kerinci, basa Indonésia, basa Minangkabau.
Agama
Islam.
Golongan ètnik magepokan
Melayu, Minangkabau.

Wong Kerinci iku bebrayan kang manggon ing wewengkon Kabupatèn Kerinci, Jambi.

Basa lan Budaya Kerinci[besut | besut sumber]

Tembung Kerinci asalé saka basa Tamil Kurinji ya iku jeneng kembang kurinji (Strobilanthes kunthiana) kang tuwuh ing India Kidul ing èlevasi sakdhuwuré 1800m. Awit saka iku Kurinji uga tegesé kawasan pagunungan.

Wong Kerinci kaya déné wong-wong saka bebrayan liya ing Sumatra kalebu ras Mongoloid Kidul kang wicara nganggo basa Austronesia.

Adhedhasar basa lan adat-istiadat wong Kerinci kalebu kategori Melayu, lan paling cedhak karo Minangkabau lan Melayu Jambi. Sapérangan gedhé wong Kerinci migunakaké basa Kerinci, kang duwé warna-warna dhialèk, kang bisa béda banget saka tlatah siji lan sijiné ing wewengkon Kabupatèn Kerinci. Kanggo komunikasi karo wong jaba racaké migunakakébasa Minangkabau utawa basa Indonésia (kang isih dikenal kanthi istilah Melayu Tinggi).

Wong Kerinci duwé aksara kang karan surat incung kang wujud salah siji variasi surat ulu.

Sapérangan panulis kaya Van Vollenhoven nglebokaké Kerinci sajeroning wewengkon adat (adatrechtskring) Sumatera Kidul, déné liyané nganggep Kerinci minangka wewengkon rantau Minangkabau.

Wong Kerinci minangka masarakat matrilineal.

Miturut Naskah Tanjung Tanah, naskah Melayu tuwa dhéwé kang tinemu ing Kerinci, ing abad kaping 14 Kerinci dadi péranganing karajan Malayu lan Dharmasraya minangka kutha krajan. Sawisé Adityawarman dadi maharaja, kutha krajan banjur dialihaké menyang Saruaso, cedhak Pagaruyung ing Tanah Datar.

Pranala njaba[besut | besut sumber]