Ula anang

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna bébas abasa Jawa
Ular Anang
KINGCOBRA.jpg
Klasifikasi ngèlmiah
Karajan: Animalia
Filum: Chordata
Klas: Reptilia
Ordho: Squamata
Subordho: Serpentes
Famili: Elapidae
Génus: Ophiophagus
Spésies: O. hannah
Jeneng binomial
Ophiophagus hannah
Cantor, 1836
Distribution O. hannah.png
Wewengkon sebaran (warna merah)

Ula anang utawa lanang (Ophiophagus hannah) ya iku ula kang duwé upas lan ula paling dawa kang ana ing dunya, kanti dawa awaké nganti sakiwa-tengené 5,7 m.[1][2] Ananging dawa kéwan diwasa ing lumrahé amung sakiwa-tengené 3 – 4,5 m waé.[3] Ula iki diwedèni déning wong amarga upasé kang bisa matèni lan sipat-sipaté kang kaloka agresif.

Ula anang uga dikenal kanti pira-pira jeneng lokal kaya ta oray totog (Sd.), ula tedung abu, tedung selor (Kal.) lan liya-lyané. Sajeroning basa Inggris disebut king cobra (raja kobra) utawa hamadryad.

Pengenalan[besut | besut sumber]

Ula kang awaké dawa lan ramping. Salah sijiné laporan saka Singapura nyathet salah sijiné ula anang dawané nganti 4,8 m duwé bobot awak nganti 12 kg.[4] Ula lanang cenderung luwih dawa lan gedhé yèn dibandingaké karo kang wédok.

Susunan perisai (sisik-sisik gedhé) ing ndas ula anang

Coklat kekuningan, coklat zaitun, nganti keklawuan ing pérangan nduwur (dorsal) awak, kanti pérangan ndas kang cenderung wérnané luwih terang. Sisik-sisik pojoké peteng utawa keirengan, kétok jelas ing pérangan ndas. Sisik-sisik ngisor awak (ventral) wernané rodok klawu utawa rodok coklat, kajaba dhadha lan gulu wernané kuning cerah utawa krèm kanti pola belang ireng ora teratur, kang kétok jelas yèn ula iki ngangkat lan ngambakaké guluné. Ula kang isih cilik wernané luwih peteng utawa rodok, kanti bintik-bintik putih utawa kuning kang wujud belang (garis) melintang, belang iki isih kétok samar-samar ing sapérangan individu diwasa. Anak ula iki ndasé ireng kanti papat garis putih melintang ing nduwuré.[3][5]

Jinis kang serupa[besut | besut sumber]

Ula-sapi (Zaocys carinatus) nduwè wujud awak lan warna kang mèh padha ula anang. Ing lapangan, kaloro ula iki racaké gampang kliru anggoné nyebut, kajaba ula anang ngedegaké guluné.

Penyebaran, habitat lan pakulinan[besut | besut sumber]

Ula anang nyebar wiwit saka India ing wewengkon sisih kulon, Bhutan, Bangladesh, Burma, Kamboja, Cina kidul, Laos, Thailand, Vietnam, Ujung Malaya, Kepuloan Andaman, Indonesia lan Filipina. Ing Indonesia ula iki tinemu ing Sumatra, Kepuloan Mentawai, Kepuloan Riau, Bangka, Borneo, Jawa, Bali, lan Sulawesi.[6]

Ula anang bisa tinemu wiwit saka cepaking pasisir nganti kaduwuran sekurang-kurangé 1.800 m dpl. Ula iki manggoni ing warna-warna habitat, wiwit saka alas dataran endèk, rawa, wewengkon semak belukar, alas pagunungan, lahan pertanian, ladang tuwa, perkebunan, persawahan, lan lingkungan pemukiman. Ula kang lincah lan gesit kang racaké umpetan ing ngisor semak kang padet, bolongan ing oyot-oyot utawa wit-witan, ing ngisor tumpukan watu, utawa ing bongkahan karang.[2]

Upas ula anang[besut | besut sumber]

Upas ula anang kang utama kasusun saka protein lan polipeptida, kang dikasélaké saka kelenjar idu kang wis berubah fungsi, kang manggon ana ing sakmburiné mata. Nalika nyokot mangsané, upas iki nyalur léwat siyung kang dawané sakiwa-tengené 8–10 mm kang nancep ing daging mangsané. Sanajan racun iki dianggep ora sekuat upas pira-pira ula kang liyané, ula anang bisa ngetokaké jumlah upas kang luwih gedhé ketimbang ula-ula liyané.[7] Percobaan ing laboratorium nuduhaké yèn sak cokotan ula iki bisa ngetokaké upas kang cukup kanggo matèni 10 wong.[8] Untungé akèh-akèhé wong kecokot ula iki namung nglebokaké upas sajeroning jumlah kang ora fatal.[9][10]

Upas ula iki sipaté neurotoksin, ya iku nyerang sistem saraf kurbané, sarta kanti rikat ngakibataké rasa rasa lara kang banget, pandangan kang blawur, vertigo, lan lumpuhan otot. Saterusé, kurban bakal mengalami kegagalan sistem kardiovaskular, lan bisa ngakibataké mati amarga gagalé sisitem pernapasan.[7] Wondéné upas wis mlebu kanti jumlah kang cukup, kematian amung bisa dicegah kanti penanganan sarta mènèhi antivenin (antiupas) kang trep lan rikat.[11]

Mangsa[besut | besut sumber]

Kayadéné jenengé (Ophiophagus artiné tukang mangan ula), mangsa mligi ya iku jinis-jinis ula kang ukurané rélatif gedhé, kaya ta Ula sanca kembang (Python) utawa ula jali (Ptyas).[2] Uga mangsa ula-ula kang duwé upas liyané lan kadal ukuran gedhé kaya ta mencawak. Ula anang kang dikurung gelem uga mangan daging utawa tikus mati kang diwènèhaké ing kandang ula utawa digosokaké marang awaké ula supaya mambu kaya ta ula.[8] Sawisé ngelek mangsané kang gedhé, ula anang bisa urip nganti pirang-pirang wulan suwiné tanpa mangan manèh. Iki diakibataké laju metabolismené kang suwi (lambat).[1]

Ula anang mburu mangsané kanti ngandalaké pandelengané lan ambu mangsané. Kayadéné ula-ula ing lumrahé, ula anang ngamburi hawa kanti nggunakaké ilaté kang ngepang, kang nangkep partikel-partikel ambu ing udara lan nggawa maring resèptor mirunggan ing telaké. Resèptor kang sènsitif tumprapé ambu iki disebut organ Jacobson.[1] Yèn mambu ambuné mangsané, ula iki bakal ngobahaké ilaté uga nglebokaké lan ngetokaké kanggo ngira-ira arah lan panggonan mangsané iku. Mata kang tajem (ula anang bisa ndeleng mangsané kanti jarak kira-kira 100 m), indera perasa getaran ing awaké kang ngrayap ing lemah, lan naluri sarta kecerdasané mbantu banget kango nemu mangsané.[12] Ula iki bisa obah kanti rikat ing sak nduwuré lemah lan mènèk wit kanti rikat uga. Mangsané, yèn perlu, diuyak nganti ing nduwur wit.[11]

Ula anang mburu mangsa racaké ing wayah awan utawa wayah wengi, ananging langka kétok aktif ing wayah mbengi. Akèh-akèhé herpetologis nganggepé minangka kéwan diurnal.[1] Kayadéné ula kobra kang liyané, wondéné ngrasa kaancem lan kepojok ula anang bakal ngedegaké guluné sarta megaraké balung rusuké sahéngga kurang luwih sepertelu pérangan rai awaké ngadeg lan nggèpèng kaya spatula.[8] Lan uga, posisi iki bakal ngetokaké warna kuning lan corèt ireng ing dadané, minangka peringatan kanggo musuhé.

Akèh-akèhé ula anang, kaya déné kéwan ing lumrahé, wedi tumprapé manungsa lan ngupadaya ngindari marang manungsa. Ula iki uga ora saknalika nyerang manungsa kang ditemoni, tanpa ana provokasi sedurungé. Kasunyatan yèn ula iki lumayan akèh bisa ditemoni ing kiwa-tengené permukiman warga, sawetara longko wong kang dicokot déning ula iki, kabèh nunjukaké yèn ula anang ora seagrèsif kaya kang disangka.[3][8][11] Sanajan mangkono, mawas diri tetep diperlokaké nalika ngadepi ula iki. Ula anang dikenal minangka ula kang duwé upas medèni, kang cokotané bisa matèni manugsa. Uga kaya ula-ula liané, temperamèn ula iki angèl ditebak. Pira-pira individu bisa dadi luwih agrèsif ketimbang kang liyané.[3] Mengkono uga, ing wektu-wektu katentu kaya ta nalika njaga endhog-endogé, ula iki bisa berubah dadi luwih sènsitif lan agrsif.[8]

Perbiakan[besut | besut sumber]

Ula anang ngendog sakiwa-tengené 20 nganti 50 iji, kang dipanggonaké ing salah sijiné susuh panetasan digawé saka tumpukan res-resan godong kang wis garing.[2][3][8] Susuh iki kapérang saka rong ruangan, ing ngendi ruangan kang ngisor minangka ndèlèhaké endhog lan ruwang kang nduwur dienggoni déning baboné kang njaga endhog-endogé nganti netes.[3][8][11] Ing India, ula iki ngendog sakiwa-tengené wulan April nganti Juli. Endog-endogé ukurané sakiwa-tengené 59 x 34 mm. Endog-endhog iki netes sawisé 71–80 dina, lan anak-anak ula kang metu duwé dawa awak antarané 50 nganti 52 cm.[8]

Ula anang lan manungsa[besut | besut sumber]

Sanajan ula anang duwé upas kang bisa matèni lan lan diwedèni déning manungsa, dèwèké sakbeneré ya iku kéwan kang isinan lan sak bisa-isané ngindar saka ketemu marang manungsa.[3][13]

Ing wewengkon sakbarané, isih ana pira-pira jinis ula kang duwé upas liané kang cokotané luwih fatal lan luwih akèh nyilakani kurbané, ing antarané ya iku ula séndok (Naja kaouthia), bandotan puspa (Vipera russelli), lan ula welang (Bungarus fasciatus).[14]

Ing Burma, ula anang kerep digunakaké sajeroning pagelaran pawang ula wédok. Pawang ula iku racaké duwé tato kang digawé nggunakaké mangsi campur upas ula, kang diyakini bakal nglindungi awaké déwéné saka ula iku. Ing akir pagelaran, kanti rikat banget si pawang bakal ngambung mbun-mbunané ula mau kang ngadegaké guluné lan tudungé.[13]

Saiki populasi ula anang akèhé wis nyusut jumlahé amarga habitaté wis keganggu kaya ta ilangé alas-alas kang racaké dipanggoni. Sanajan ula iki déning IUCN durung dilebokaké sajeroning kéwan kang kaancam kepunahané, CITES wis mandang perlu kanggo ngawasi perdagangané lan nglebokaké sajeroning Apendiks II.[15]

Gladri[besut | besut sumber]

Cathetan sikil[besut | besut sumber]

  1. ^ a b c d Mehrtens, John (1987). Living Snakes of the World. New York: Sterling. ISBN 0806964618. 
  2. ^ a b c d David, P and G. Vogel. 1996. The Snakes of Sumatra. An annotated checklist and key with natural history. Edition Chimaira. Frankfurt. p.148-149. ISBN 3-930612-08-9
  3. ^ a b c d e f g Tweedie, M.W.F. 1983. The Snakes of Malaya. The Singapore National Printers. Singapore. p.38.
  4. ^ Burton, R.W. 1950. The record Hamadryad or King Cobra (Naja hannah Cantor) and length and weights of large specimens. J. Bombay Nat. Hist. Soc. 49:561-562.
  5. ^ Stuebing, R.B. & R.F. Inger. 1999. A Field Guide to The Snakes of Borneo. Natural History Publications (Borneo). Kota Kinabalu. p. 199-201. ISBN 983-812-031-6
  6. ^ Ophiophagus hannah padha The Reptile Database
  7. ^ a b Freiberg, Dr. Marcos; Walls (1984). The World of Venomous Animals. New Jersey: TFH. ISBN 0876665679.  Cite nganggo paramèter lawas |coauthors= (pitulung)
  8. ^ a b c d e f g h Daniel, J.C. 1992. The Book of Indian Reptiles. Bombay Nat. Hist. Soc. and Oxford Univ. Press. Bombay. pp. 115-117. ISBN 0-19-562168-9
  9. ^ "Ophitoxaemia (venomous snake bite)". (Kaunduh 16/11/12)
  10. ^ Sean Thomas. "Most Dangerous Snakes in the World". (Kaunduh 16/11/12)
  11. ^ a b c d Capula, Massimo; Behler (1989). Simon & Schuster's Guide to Reptiles and Amphibians of the World. New York: Simon & Schuster. ISBN 0671690981.  Cite nganggo paramèter lawas |coauthors= (pitulung)
  12. ^ Taylor, David (1997), King Cobra  (Kaunduh 16/11/12)
  13. ^ a b Coborn, John (October 1991). The Atlas of Snakes of the World. New Jersey: TFH Publications. kk. 30,452. ISBN 978-0866227490. 
  14. ^ Miller, Harry (September 1970), "The Cobra, India’s ‘Good Snake", National Geographic 20: 393–409 
  15. ^ "CITES List of animal species used in traditional medicine". (Kaunduh 16/11/12)