Menyang kontèn

Térong

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa
(Kaelih saka Terong)
Eggplant
Woh térong thukul ing wité
Klasifikasi ngèlmiah
Karajan: Plantae
Unranked: Angiosperms
Unranked: Eudicots
Unranked: Asterids
Ordho: Solanales
Famili: Solanaceae
Génus: Solanum
Spésies: S. melongena
Jeneng binomial
Solanum melongena
L.
Sinonim

Solanum ovigerum Dunal
Solanum trongum Poir.
and see text

Térong iku tetuwuhan kang kagolong sajeroning kulawarga Solanaceae lan génus Solanum. Térong wujud tetuwuhan asli India lan Sri Lanka, lan gegandhèngan rapet karo tomat lan kenthang. Wohé biyasa kanggo janganan kanggo masakan. Jeneng botaniné Solanum melongena.

Térong iku tetuwuhan ijo kang kerep ditandur kanthi taunan. Tuwuhan iki tuwuh tekan 40–150 cm (16-57 inci) dhuwuré. Godhongé gedhé, kanthi lobuslobus kang kasar. Ukurané 10–20 cm (4-8 inci) dawané lan 5–10 cm (2-4 inci) ambané. Jinis-jinis setengah alasan luwih gedhé lan tuwuh dhuwuré nganti tekan 225 cm (7 kaki), kanthi godhong kang nguwihi 30 cm (12 inci) lan 15 cm (6 inci) dawané. Batangé racaké ana eriné. Werna kembangé antara putihputih nganti ungu|ungu, kanthi makutha kang duwé limang lobus. Benang sariné warna kuningkuning. Woh terong ana isiné, kanthi dhiameter kang kurang saka 3 cm kanggo kang alasan, lan luwih gedhé manèh kanggo jinis kang dibudidayakaké.

Saka segi botani, woh kang dikelasaké minangka beri ngandhut akèh wiji kang cilik lan lembut. Wiji iku éntuk dipangan nanging rasané pait amarga ngandhut alkaloid nikotin. Iki ora ngéramaké amarga térong iku sadulur ceraké mbako.

Sajarah

[besut | besut sumber]

Térong iku tetuwuhan pangan kang ditandur kanggo dijupuk wohé. Ukuran woh térong béda-béda antara cilik tekan gedhé, gumantung marang budidayané. Woh mau ana manéka warna, mligi ungu, ijo, lan putih. Terong iku tetuwuhan asli India.[1][2] Térong ditandur ing pérangan kidul lan wétan Asia wiwit jaman prasajarah nanging ditepungi ing donya Kulon ora luwih awal saka watara taun 1500. Cathetan tinulis kang pisanan ngenani térong ditemoni sajeroning Qí mín yào shù, sawijining karya tetanèn Tiongkok kuna kang disiapaké ing taun 544.[3] Akèhé jeneng basa Arab lan Afrika Lor kanggo térong sarta kurangé jeneng Yunani lan Romawi nuduhaké yèn wit iki digawa lumebu menyang donya Kulon ngliwati kawasan Laut Tengah déning bangsa Arab nalika awal Abad Patengahan. Jeneng ngèlmiahé, Solanum melongena, asalé saka istilah Arab abad kaping 16 kanggo sajinis wit térong.

Amarga gegandhèngan térong marang kulawarga Solanaceae, woh térong tau dianggep ngandhut racun. Sanajan woh térong bisa dipangan tanpa akibat ala apa waé déning akèh wong, kanggo sapérangan wong liyané, mangan woh térong (sarupa karo mangan woh gumandhèng kaya ta tomat, kenthang, lan mrica ijo utawa lada) bisa ana pangaruhé marang kaséhatan. Sapérangan woh térong rada paitpait lan ngiritasi garis weteng sarta njalari gastritis. Mula, sapérangan sumber, mligi saka kalangan kaséhatan alami, nelakaké yèn térong lan génus gumandhèng bisa njalari utawa gawé tansaya ala lelara artritis kanthi ketara lan mula, kudu didohi déning wong-wong kang peka marang térong.[4]

Mupangat

[besut | besut sumber]

Oyodé térong kanggo obat gusi, lara untu, lan kagugurankaguguran.[5] Woh térong landa bisa kanggo obat beri-beri, udema.[5] Térong Ngor bisa kanggo obat tekanan getih dhuwur, kencing manis, nyegah rusaké sél kang nyebabake kanker, lan kukul.[5] Woh térong cepokan kanggo nambah nafsu mangan.[5]

Cathetan sikil

[besut | besut sumber]
  1. Tsao dan Lo dalam "Vegetables: Types and Biology". Handbook of Food Science, Technology, and Engineering olèh Yiu H. Hui (2006). CRC Press. ISBN 1-57444-551-0.
  2. Doijode, S. D. (2001). Seed storage of horticultural crops (m.s. 157). Haworth Press: ISBN 1-56022-901-2
  3. Fuchsia Dunlop (2006), Revolutionary Chinese Cookbook: Recipes from Hunan Province, Ebury Press, kc. 202
  4. Childers, N.F. (PhD) & Margoles, M.S. (MD). (1993). An apparent relation of nightshades (Solanaceae) to arthritis. Journal of Neurological and Orthopedic Medical Surgery. 12: 227-231. (Rencana disediakan dalam jogèd olèh Arthritis Nightshades Research Foundation | http://www.noarthritis.com/research.htm
  5. a b c d Wiyoto, Laksono. Macam-macam Ramuan Asli Obat Tradisional (Warisan Para Leluhur). Sala: AMIGO, Kaca: 95