Sampak
Sajeroning musikgamelan Jawa, sampak iku wangun gendhing kang dianggo ing iringan pagelaran wayang. Sampak kerep dianggo sawisé srepeg. Sampak iku irama paling rikat ing gamelan kang ngiringi pagelaran wayang.
Wangun sampak ya iku:
- NNNNNNNN NNNNNNNN
- TPTPTPTP TPTPTPTP
ing ngendi kaloro larikan iku dimainaké bebarengan, lan T nuduhaké thuthukan kethuk, P thuthukan kempul, lan N thuthukan kenong. Kenong lan kempul tansah ditabuh seleh. Ora nganggo kempyang.
Gongané duwé dawa kang béda-béda, racaké loro, telu, utawa patang gatra, dhedhasar tandha isarat saka kendhang. Suwuk bisa dipungkasi ing pérangan ngendi waéing siklus iki, miturut aba-aba saka kendhang utawa kepyak, lan dumadi saka siji gatra kang ditabuh sawisé gong. Wangun mélodhis saka siji sampak iku cetha, amarga gatra-gatra wujud not kang dibolan-balèni sajeroning pathet. Bab iki dimainaké ing irama lancar.
Tuladha
[besut | besut sumber]Sampak pélog barang:
- 2222 3333 7777
- 7777 2222 6666
- 6666 3333 2222
- Suwuk: xx22
Sampak duwé telung gongan. Tandha kanggo mungkasi bisa siji saka thuthukan gong, nalika nayaga mainané rong not sabanjuré minangka notasi normal, lan banjur 22 (kaya kacethakaké déninf tandha xx22).
Réferènsi
[besut | besut sumber]- Neil Sorrell. A Guide to the Gamelan. London: Faber and Faber, 1990. Page 70.
Gong | Kempyang | Kethuk | Kempul | Kenong | Saron | Demung | Slenthem | Slentho | Bonang | Gendér | Gambang | Angklung | Kecapi | Siter | Celempung | Suling | Rebab | Kendhang | Bedhug | Kecer | Kepyak | Kemanak |