Paramasastra basa Jawa

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna bébas abasa Jawa

Paramasastra basa Jawa iku ngèlmu wewaton bab panulis sarta tatananing tetembungan ing basa Jawa.[1] Wis akèh kitab kang nganggo irah-irahan "Paramasastra" kang dianggit déning sawetara pujangga. Tembung camboran iki dijupuk saka rong tembung parama lan sastra. Loro-loroné tembung iki kasilih saka basa Sangskreta. Tembung parama iku tegesé sing dhuwur dhéwé, kamangka śāstra iku tegesé ngèlmu, kitab suci, buku, kawruh utawa sembarang tulisan utawa aksara.[2]

Tata basa Jawa akèh njupuk istilah saka basa Sangskreta. Tata basa Sangskreta iki dikodifikasi lan digurit déning Pāṇini ing abad 6 SM. Ing jaman Jawa anyar, Ranggawarsita ngripta Serat Paramasastra Jawi kang umum digunakaké nganti saiki.

Artikel iki mratélakaké paramasastra basa Jawa sacara cekak.

Undha-usuk basa[besut | besut sumber]

Nalika cecaturan nganggo basa Jawa, ora mung kudu migatèkaké kaidah basa, nanging uga kudu nuhoni unggah-ungguhing basa, ya iku kudu ngetrapaké tataran basa sing cocog marang wong sing diajak wicara. Marang sepadha-padha utawa kanca saumuran, bisa dianggo tataran basa ngoko. Nanging marang wong sing luwih tuwa utawa kinurmatan, kudu nganggo tataran basa krama.

Tembung aran[besut | besut sumber]

Tembung aran iku ing cara gagrag Latin diarani nomèn utawa nomina. Tembung iki nuduhaké jeneng utawa aran sawijining barang lan apa waé sing dianggep barang.

Tembung panyilah[besut | besut sumber]

Tembung panyilah kang, sing utawa ing krama ingkang iku kanggo nyilahaké tembung aran karo tembung-tembung utawa ukara susulan sing dadi katranganing tembung aran mau.

Tembung sesulih[besut | besut sumber]

Tembung sesulih iku tembung dienggo ngganti dhiri utawa ing cara gagrag Latin diarani personal pronomen. Ing basa Jawa ana tembung sesulih purusa lan tembung sesulih pandarbé.

Tembung kriya[besut | besut sumber]

Ing basa Jawa tembung kriya bisa dipérang dadi loro: tembung kriya kahanan lan tembung kriya sing tanduk. Banjur tembung kriya tanduk iki bisa diwalik dadi tembung kriya tanggap.

Tembung kriya kahanan[besut | besut sumber]

Tembung kriya kahanan iku wujudé legena bisa langsung ditrapaké. Tembung iki nélakaké kahanan . Kajaba kahanan lugu sing diarani tembung kahanan, tembung iku uga bisa nélakaké tindak, tumandang in gawé, polah-paripolah lan sapanunggalané.[3]

Conto:[4]

  • Bapak saré
  • Omahmu becik
  • Bocah kaé gumedhé
  • Potlodé durung ketemu
  • Lintangé pating krelip
  • Mas Parta tangi
  • Ibu dandan

Topik liya-liyané[besut | besut sumber]

Konsèpsi dhasar[besut | besut sumber]

Tata pikir wong Jawa wiwit jaman biyèn wis meruhi anané "cipta-rasa-karsa". Dhèskripsi filsafat bab basa dumadi saka tataran "madubasa-madurasa-madubrata" sing nyakup "purwa-madya-wasana". Madubasa, iku kawruh bab sopan-santun lan adat-istiadat nalika migunakaké basa. Madurasa, iku ngenani tepasalira, tepa-tepi, unggah-ungguh, éguh-tangguh, tuju-panuju, empan-papan, kala-mangsa lan duga-prayoga. Déné madubrata, ngenani bab éling lan waspada, nawung kridha lan pangastuti.[5]

Struktur basa[besut | besut sumber]

Minangka srana komunikasi, struktur basa Jawa katata jroning aksara lan tembung sing karangké dadi ukara, kanthi migatèkaké paugeran kang gumathok miturut konsèpsi dhasar ing dhuwur. Kanggo milah struktur basa kanthi luwih jero dipigunakaké sawetara èlmu sing tansah dipatrapaké nalika nyinaoni basa, ya iku antara liya:

Réferènsi[besut | besut sumber]

  1. ^ s.v. Bausastra Poerwadarminta (1939)
  2. ^ s.v. Bausastra Zoetmulder (1982)
  3. ^ Poerwadarminta (1953:48)
  4. ^ Kajupuk saka Poerwadarminta (1953:49) lan Ras (1982:53)
  5. ^ Paramasastra Basa Jawa, Dr. Aryo Bimo Setiyanto, SH, Panji pustaka Yogyakarta ISBN 979-25-2732-X

Wacan[besut | besut sumber]

  • Sarining Paramasastra Djawa, W.J.S. Poerwadarminta, Noordhoff-Kolff Djakarta, 1953
  • Tata Basa Jawa, Dr. Poerwadi, M. Hum, et al, Media Abadi Yogyakarta, 2005, ISBN 979-3525-50-9
  • Paramasastra Basa Jawa, Dr. Aryo Bimo Setiyanto, SH, Panji pustaka Yogyakarta, 2007, ISBN 979-25-2732-X
  • Salah Kaprah Basa Jawa, Mulyana, et al, Narasi, Yogyakarta,2007, ISBN 979-168-004-3
  • Pepak lan wasis Basa Jawa, Febyardini Dian P.R., SS, et al, Indnesiatera, Yogyakarta, 2008, ISBN 978-775-052-0
  • Belajar Praktis Basa Jawa, Dr. Purwadi, LÉRes PRESS, Solo, 2007, ISBN 979-98471-0-7

Delengen uga[besut | besut sumber]

Pranala njaba[besut | besut sumber]