Menyang kontèn

Pèk Bung

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa
Péntas Pèk Bung.

Pèk Bung (Carakan: ꦥꦺꦏ꧀ꦧꦸꦁ; basa Indhonésia: Pek Bung) ya iku kagunan tradhisional kang diripta déning Suratmin lan Sumodele ing Désa Wijireja, Kapanéwon Pandhak, Kabupatèn Bantul, Propinsi Dhaérah Istiméwa Ngayogyakarta nalika taun 1942. Jeneng kagunan iki dijupuk saka pring kang dithuthuk uniné mak "pèk", sarta ban karèt kang kapasang ing klenthing uniné mak "bung". Kagunan iki wiwitané dianggo sarana dakwah agama Islam sarta kerep diwetokaké ing acara-acara tinamtu kaya ta pawiwahan, sunatan, merti dhusun, mangayubagya, lan pèngetan riyaya Islam.

Unsur kagunan iki dumadi saka panggung, tata swara, lan tata lampu. Juru main Pèk Bung lumrahé dumadi saka 12 wong instrumen musik lan siji juru nembang. Sandhangan kang dianggo juru main ya iku sandhangan Jawa arupa kathok dawa ireng, jarik, surjan, lan kebaya. Anadéné tembang-tembang kang ditembangaké ing kagunan iki ya iku langgam Jawa, campursari, lan slawatan utawa kasidahan kang isiné ngemu dakwah bab kauripan. Dhedhasar panalitèn kang ditindakaké Noor Sulistya Budi (setap panaliti Balé Palestarèn Nilai Budaya Ngayogyakarta), ancas kagunan iki dikategorikaké dadi pitung aspèk, ya iku panglipur, komunikasi, piwulang, pralambang, èstètik, agama, lan setabilitas budaya.

Asal-usul

[besut | besut sumber]

Pèk Bung diwiwiti déning Suratmin lan Sumodele ing Désa Wijireja, Kapanéwon Pandhak, Kabupatèn Bantul, Dhaérah Istiméwa Ngayogyakarta nalika taun 1942.[1][2][3] Kagunan iki ngrembaka nalika taun 1950–1960.[1][4][5] Miturut Budi, Pèk Bung wiwitané saka kagunan Tuklik kang sakabèhing piranti musiké asalé saka pring. Tuklik banjur diarani dadi Pèk Bung. Jeneng iku asalé saka pring kang dithuthuk uniné mak "pèk", sarta ban karèt kang kapasang ing klenthing uniné mak "bung".[5][6][7] Bareng karo pangrembakané, piranti kang dianggo ing kagunan iki uga tinambah, ya iku klenthing kanggo bas lan kendhangé; suling kanggo mèlodiné; sarta kenthongan, garpu tala, cak cuk, marakas, gambang pring, lan èthèk eser kanggo njangkepi gumathuking wirama.[1][8] Sapréné, kagunan iki dipasangaké karo piranti musik modhèren kaya ta gitar, ketipung, lan kibot.[1][9] Ngarujuk katrangané Wasis Suprapto lan Dodik Kariadi (panaliti saka Sekolah Tinggi Keguruan lan Ilmu Pendidikan Singkawang), Pèk Bung kerep ginelar bebarengan karo kagunan Gejog Lesung.[10]

Kagunan iki tau madheg nalika 1965 jalaran para anggotané dianggep nduwé gegayutan karo Parté Komunis Indhonésia (PKI), apa manèh nalika taun 1980-an TV wiwit mlebu ing Indhonésia, njalari kagunan iki saya ditinggalaké.[4][5][11] Kagunan iki wiwit diuripaké manèh nalika 2009 supaya bisa dipirsani masarakat umum. Sawenèh paguyuban didegaké kanggo nglestarèkaké Pèk Bung ya iku Paguyuban Laras Wijisèwu, Paguyuban Dhakon Marga Budaya, Paguyuban Sambung Tresna, lan Paguyuban Tri Manunggal Sari.[1][2][3] Y. Sumandiyo Hadi (Guru Ageng Fakultas Seni Pagelaran Institut Seni Indonesia Yogyakarta) nyruwé yèn kagunan iki wiwitané dianggo sarana dakwah agama Islam lan slawat nabi.[12] Bab iki kang njalari Agus Wijanarko (Ketua Paguyuban Tri Manunggal Sari) ing wawancarané karo Budi ngandharak​é yèn Pèk Bung saiki kerep diwetokaké ing acara-acara tinamtu kaya ta sunatan, merti dhusun, pawiwahan, mangayubagya, lan pèngetan riyaya Islam.[3][13]

Wujud pagelaran

[besut | besut sumber]

Budi ngendika salah siji unsur pokok ing pagelaran Pèk Bung ya iku panggung. Panggung kang dianggo lumrahé ora pati dhuwur, malah kadhangkala mung nganggo panggung binuka tanpa payon.[14] Bab iki dikarepaké amrih para juru main luwih bébas ngèksprèsiné lan ngundhakaké semangat pamiarsané nalika mriksani saka saubengé panggung.[15] Wijanarko muwuhi yèn let antarané pamiarsa lan juru nembang cedhak banget kanggo nduduhaké karukunan ing antarané warga.[14] Kuswarsantyo (Dhosèn Fakultas Bahasa dan Seni Universitas Negeri Yogyakarta) sabanjuré ngendika menawa paguyuban Pèk Bung biyasa nganggo tata swara akustik kanggo acara prasaja. Nanging, klumpukan-klumpukan iku ngganggo tata swara tambahan, kaya ta sound control, audio mixer, lan speaker kanggo acara gedhé.[16] Analisis kang ditindakaké Yanti Heriyawati (Dhosèn Pascasarjana Institut Seni Budaya Indonesia Bandung) nduduhaké yèn kagunan tradhisional kaya Pèk Bung lumrahé nganggo panyorotan arupa lampu bohlam lan lampu nèon, nanging kadhangkala ngetutaké panitya panyelenggara lan format acara.[17]

Juru main Pèk Bung lumrahé dumadi saka 12 wong instrumen musik lan siji juru nembang; kadhangkala ditambah karo telung juru nembang panjurung supaya luwih regeng.[14] Sandhangan kang dianggo juru musik ya iku surjan lan kathok dawa ireng kang dibebed karo jarik nganti tekan pupu. Anadéné juru nembang lanang nganggo sandhangan kang padha karo juru musik, nanging bebedan jariké nganti tekan ngisor dhengkul, ditambah karo blangkon, wondéné juru nembang wadoné nganggo kebaya, jarik, kain dawa, lan ing sirahé dianggoni sanggul utawa kudhung.[18]

Sadurungé pagelaran diwiwiti, para juru main ndonga dhisik kanthi dipimpin pangarep paguyuban.[19] Para juru main sabanjuré caturan karo para pamiarsa nganggo basa krama. Bab iki diwedharaké Budi kanggo nduduhaké andhap asoré masarakat Jawa.[14] Tembang-tembang kang kerep ditembangaké ing kagunan iki ya iku tembang piwulang, langgam Jawa, campursari, lan slawatan utawa kasidahan, kaya ta Angin Mamiri, Bunga Rampai, Genjèr-Genjèr, Janger, Jenang Gula, Kepiyé ta Awakku, Kupu-Kupu, Lumpang Sagu, Ongke-Ongke, lan Sinande-Nande,[9] wondéné wiramané rada alon supaya gampang dirungokaké.[20] Anadéné piweling kang diaturaké lumantar tembang-tembang mau, ya iku dakwah bab kauripan, kang diarep-arep bisa mangaribawani pandhangan agama para pamiarsané.[21]

Soedarsono (Guru Ageng Fakultas Ilmu Budaya Universitas Gajah Mada) ing bukuné kang asesirah Seni Pertunjukan Indonesia di Era Globalisasi mratélaké yèn seni pagelaran kaya Pèk Bung nduwèni sawetara ancas, ya iku sarana ritual, ungkapan panglipur masarakat, lan prèsentasi èstètik.[22] Sauntara iku, Heriyawati mratélaké ancas kagunan tradhisional iki ngrakup sarana pangungkapan émosional, panghayatan èstètik, panglipur, komunikasi, pralambang, réaksi jasmani, norma sosial, kasinambungan budaya, lan pangintegrasian masarakat.[23] Budi nuli ngringkes panemu saka kekaro ahli mau lan ngategorikaké ancasing Pèk Bung dadi pitung aspèk, ya iku panglipur, komunikasi, piwulang, pralambang, èstètik, agama, lan setabilitas budaya.[24]

Pèk Bung nduwé ancas kanggo sarana panglipur amerga wiramané marakaké swasana tenang. Pamiarsa kang ngrungokaké tembang-tembang mawi témpo alon saorané bakal merkolèh swasana santai lan kena nglalèkaké sadhéla masalah-masalah uripé.[25] Sapanemu karo Budi, Novena Ulita (Dhosèn Fakultas Desain dan Seni Kreatif Universitas Mercu Buana Jakarta) nyruwé yèn kagunan iki kababar minangka panglipur lan adoh saka bab sakral, senajan ta saiki kadhangkala diwetokaké ing acara merti dhusun lan pèngetan riyaya Islam.[15] Pèk Bung uga nduwèni ancas kanggo sarana komunikasi jalaran para juru main bisa caturan karo pamiarsa.[25]

Nyuplik pranyatané Wijanarko, Budi ngandharaké Pèk Bung nduwé ancas minangka média piwulang jalaran tembang kang dicawisaké kadhangkala isiné aruhan perilaku hidup bersih dan sehat (PHBS), umpamané pagelaran Pèk Bung kang diselenggarakaké Puskesmas Pandhak I lan Politeknik Kesehatan Kementerian Kesehatan Ngayogyakarta nalika 2007. Anadéné ancasing seni pagelaran iki kanthi cara simbolis ya iku minangka tetenger kagunan islami kang njunjung bab sosial lan moral masarakat lumantar tembang-tembang kang ditembangaké.[25] Soedarsono banjur mratélaké yèn Pèk Bung lan seni pagelaran liyané kang dicawisaké marang masarakat uga mitontonaké ancas èstètik lan artistik.[26] Ancas iki ing Pèk Bung dianggo déning para juru musik lan juru nembang minangka média èksprèsi lumantar sandhangan lan piranti musik tradhisional kang dianggo.[27]

Lumrahé, ancasing Pèk Bung ing aspèk agama bisa kadeleng ing kagiyatan merti dhusun, ya iku minangka ungkapan rasa sukur para tani marang asil panèné. Kajaba iku, kagunan iki uga didadèkaké média dakwah ing acara pèngetan riyaya Islam. Kang wekasan, Pèk Bung nduwé ancas tumrap setabilitas budaya. Kagunan tradhisional iki nduwèni ancas kang wigati kanggo ngundahakaké kasadharan nguri-nguri budaya Jawa.[27]

Uga delengen

[besut | besut sumber]

Rujukan

[besut | besut sumber]
  1. a b c d e Budi (2019), kc. 195
  2. a b Hadi & Utama (2017), kc. 133
  3. a b c Ulita (2013), kc. 59
  4. a b "Lahir pada Masa Penjajahan, Pek Bung Jadi Kesenian Kebanggaan Kampung Gedongsari". Ini Baru Indonesia. Dibukak ing 2023-02-11.
  5. a b c "Musik Pek Bung Mati Suri". Kompas. Dibukak ing 2023-02-11.
  6. Budi (2019), kc. 193
  7. Suratmin & Moertjipto (1990), kc. 90
  8. Nurlena, Taufiq & Musadad (2021), kc. 70
  9. a b "Pek Bung Wijirejo". Bantulpedia. Diarsip saka sing asli ing 2022-10-27. Dibukak ing 2023-02-11.
  10. Suprapto & Kariadi (2018), kc. 59–60
  11. Iswantoro & Bananjungua (2017), kc. 63
  12. Hadi (2015), kc. 14–15
  13. Budi (2019), kc. 194–195
  14. a b c d Budi (2019), kc. 197
  15. a b Ulita (2013), kc. 61
  16. Kuswarsantyo (2015), kc. 24–25
  17. Heriyawati (2016), kc. 33
  18. Budi (2019), kc. 198
  19. Budi (2019), kc. 194
  20. Budi (2019), kc. 196
  21. Budi (2019), kc. 193–194
  22. Soedarsono (2014), kc. 17
  23. Heriyawati (2016), kc. 33–34
  24. Budi (2019), kc. 200–201
  25. a b c Budi (2019), kc. 200
  26. Soedarsono (2014), kc. 17–18
  27. a b Budi (2019), kc. 201

Kapustakan

[besut | besut sumber]

Buku

  • Hadi, Dwi Winanto; Utama, Bakti (2017). Direktori Kekayaan dan Keragaman Budaya Provinsi Daerah Istimewa Yogyakarta (PDF). Jakarta: Pusat Data dan Statistik Pendidikan dan Kebudayaan Sekretariat Jenderal Kementerian Pendidikan dan Kebudayaan. Diarsip saka sing asli (PDF) ing 2020-10-14. Dibukak ing 2021-09-13.{{cite book}}: CS1 maint: ref duplicates default (link)
  • Hadi, Y. Sumandiyo (2015). Seni dalam Ritual Agama. Yogyakarta: Yayasan Untuk Indonesia.{{cite book}}: CS1 maint: ref duplicates default (link)
  • Heriyawati, Yanti (2016). Seni Pertunjukan dan Ritual. Yogyakarta: Ombak Tiga.{{cite book}}: CS1 maint: ref duplicates default (link)
  • Iswantoro, Nur; Bananjungua, Raudal T. (2017). Ragam Seni Pertunjukan Musik Tradisional di Daerah Istimewa Yogyakarta. Yogyakarta: UPTD Taman Budaya.{{cite book}}: CS1 maint: ref duplicates default (link)
  • Kuswarsantyo (2015). Pemetaan Kesenian Tradisional di Daerah Istimewa Yogyakarta Sebagai Penguatan Program Keistimewaan. Yogyakarta: Pusat Studi Budaya Lembaga Penelitian dan Pengabdian Masyarakat Universitas Negeri Yogyakarta.{{cite book}}: CS1 maint: ref duplicates default (link)
  • Soedarsono (2014). Seni Pertunjukan Indonesia di Era Globalisasi. Jakarta: Departemen Pendidikan dan Kebudayaan.{{cite book}}: CS1 maint: ref duplicates default (link)
  • Suratmin; Moertjipto (1990). Bentuk-Bentuk Peralatan Hiburan dan Kesenian Tradisional Daerah Istimewa Yogyakarta. Jakarta: Departemen Pendidikan dan Kebudayaan, Direktorat Jenderal Kebudayaan, Direktorat Sejarah dan Nilai Tradisional, Proyek Inventarisasi dan Pembinaan Nilai-Nilai Budaya.{{cite book}}: CS1 maint: ref duplicates default (link)

Jurnal

Pranala jaba

[besut | besut sumber]