Kenthongan

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna bébas abasa Jawa
Kenthongan kang dimupangatake kanggo thèték
Kenthongan

Kenthongan utawa ing basa kasebut jidor ya iku piranti kotèkan kang digawé saka wit, pring utawa bahan kayu jati kang diukir Mumpangat kenthongan bisa kanggo pertanda utawa ing basa Indonésia kasebut alarm, kodhe komunikasi jarak kang adoh, morse, piranti adzan, uga pertanda cilaka.[1] Wujud kenthongan kasebut kurang luwih 40 cm lan dhuwur 1,5M-2M. Kenthongan asring dipigunakake kanggo piranti komunikasi ing jaman biyèn kang ana ing penduduk kang ana ing laladan utawa pagunungan / Paredèn.[2]

Sajarah[besut | besut sumber]

Sajarah budaya kenthongan kang ana wiwit asal-usulé saka legenda Cheng Ho kang misuwur saka Cina nganakake panjebaran agama Islam.Ing Sajeroning panjebaran Cheng Ho nemu kenthongan lan didadèkaké piranti/piranti wicara ritual kaagamaan. Panemuan kenthongan kasebut digawa ing tlatah Cina, Koréa, lan Jepang. Kenthongan uga bisa tinemu wiwit awal Masehi.Ing Nusa Tenggara Kulon, kenthongan tinemu ing Raja Anak Agung Gede Ngurah kang kuwasa ing sakiteré kurang luwih abad XIX, uga migunakaké kenthongan kanggo ngumpulake rakyat. Ing Yogyakarta wiwit mangsa karajan Majapahit, kenthongann Kyai Gorobangsa asring dippigunakake kanggo ngumpulake utawa ngundang ing sajeroning masarakat.[1]

Kenthongan iku kagolong kesenian ing Banyumas. Sebenere kenthongan ora béda adoh karo calung, padha-padha digawé saka bahan dhasar pring. Kenthongan juga biyasa diarani "tek tek" laladan sing lagi anget-angeté majukna kesenian tek-tek ya iku Banyumas karo Purbalingga.Kegiatan kentongan awale cuma nggo kesenengane wong padha ronda, jumlahe 4-5 wong padha nganggo kentong muter keliling désa. siki kentongan wis dilombakna lan jumlah pemaine rata-rata 30an lan nganggo mayoret mbarang. dandanane wis ngejreng! racaké nganggo klambi sing mencereng supayane narik perhatian penonoton. mayorete ya uga kenya sing esih enom lan pinter joget. piranti-piranti sing digunakna antara lain kenthongan (piranti utama), bedug(cacahé 2), kecrek, calung, suling, angklung, teplak lan piranti-piranti liyané sing sengaja ditambahna supayane bisa gayeng. lagu sing sering dimaina ing grup-grup kentongan racaké lagu-lagu dangdut lan campur sari, sebenere kabèh lagu bisa diganti aransemene tapi tergantung pinter-pintere pemaine padha.

Kenthongan saka pring

grup-grup kentongan saiki wis madan profesional, saben tampil mesti njaluk bayaran sing lumayan. wis akèh grup sing tampil ning laladan-laladan liyané lan éntuk sambutan sing meriah. grup-grup kentongan sing ana ning banyumas cacahé akèh banget, meh saben désa duwé grup kentongan. kanggo contoh bae grup Gandrung Laras sekang désa ciberung Ajibarang, grup Paijo Ajibarang, Debita, Singo laras, lsp..

angger kepéngin lewih ngerti karo kentongan bisa ditakokna maring dinas pariwisata banyumas ben olih penjelasan sing lewih lengkap.

Cathetan suku[besut | besut sumber]

  1. ^ a b Moertjipto, dkk. 1990. Béntuk-béntuk Peralatan Hiburan dan Kesenian Tradisional Daerah Istimewa Yogyakarta. Jakarta: Departemen Wiyata dan Kebudayaan, Direktorat Jenderal Kebudayaan, Direktorat Sajarah dan Aji Tradisional, Proyek Inventarisasidan Pembinaan Aji-Aji Budaya.
  2. ^ Proyek Inventarisasi dan Dokumentasi Kebudayaan Laladan (Indonésia). 1985. Ensiklopedi Musik Indonésia Jilid 4. Jakarta: Departemen Wiyata dan Kebudayaan, Proyek Inventarisasi, dan Dokumentasi Kebudayaan Laladan.