Jodhangan

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa

Jodhangan ya iku tradhisi bebrayan tani ing Désa Sélapamiara, Kapanéwon Imagiri, Kabupatèn Bantul. Tradhisi jodhangan dileksanakaké saben taun nalika dina Ngahad Paing sasi Besar (Dzulhijah) manut pananggalan Jawa utawa Islam. Jodhangan iku tradhisi kanggo wujud sukur marang Allah kang sampun peparing rejeki lan asil bumi saha gemah ripah ing Sélapamiara. Tradhisi iki ginlear ing saubengé Guwa Cermé kang sakral utawa suci, papan patilasané Wali Sanga.

Asal-usul[besut | besut sumber]

Jodhangan wiwitané saka upacara merti dhusun kang dileksanakaké bebrayan ing Dhusun Srungga. Tradhisi iki katindakaké wis rada suwé utawa warisané para leluhur. Bebrayan lan pamaréntah saenggon sarujuk ngowahi tradhisi merti dhusun dadi jodhangan. Tradhisi jodhangan iki ditegesi bebrayan Dhusun Srungga minangka sedhekahan (slametan sawisé panèn). Ancasé iku, saliyané pocapan sukur marang Gusti Kang Maha Tunggal, uga dadi panjaluk supaya tansah pikantuk kaberkahan lan kawilujengan saka Gusti. Ancas kaselenggarakaké tradhisi jodhangan ing Guwa Cermé ya iku supaya saya ngrembaka tradhisiné lan dadi kawigatèné wong plesiran Indonésia saha manca, lan uga dadi objèk wisata réligius kang ing tembé bakal dadi telung dhomain pokok kang gegayutan, ya iku babagan agama, budaya, lan pariwisata.[1][2][3][4]

Tradhisi iki ingaran jodhangan sabab migunakaké jodhang-jodhang kanggo nggawa panganan utawa asil bumi ing upacara merti dhusun. Jodhang iku sajinising tandhu kang dipikul wong papat. Ing bagéan ndhuwur tandhu didèkèki sajinis kothak dawa saka kayu. Supaya katon apik, jodhang dipasangi rerenggan saéngga kaya omah cilik.[5]

Tradhisi jodhangan kawiwitan saka anané mitos ngenani Ratu Harnaya Rendra saka Karajan Giringlaya kang prihatin marang rakyaté kang kena lelara lan kaliren. Olèh pitutur saka punggawané, sang ratu njaluk tulung marang Resi Hadidari saka Désa Ngandhong Dhadhapan. Resi paring pramayoga supaya ing wiwitan taun (Sura) sakabèhing bebrayan padha ngresiki désa. Kanthi dianakaké merti désa mau, kadadéan lelara lan kaliren saya suda ing Désa Ngandhong Dhadhapan. Dhedhasar mitos iku, bebrayan banjur ngleksanakaké upacara merti dhusun/sedhekah bumi minangka pisungsung marang panguwasa kang ngyasa dhusun aran Kyai Srungga.[6]

Ing parembakané, upacarané digayutaké karo para Walisanga kang tindak menyang Guwa Cermé. Miturut carita kang sumebar, ing jero Guwa Cermé iki tau ditemoni serban wali kang ceblok, satemah dadi papan-papan tinamtu lan dipadhakaké karo papan-papan suci agama Islam sarta jeneng-jeneng papan kang gegayutan karo sawiji kraton. Papan iku antarané: Banyu Zam-zam, Watu kaji, Mustaka, Paséban Jero, lan Paséban Jaba. Kajaba iku, ana mitos kang sumebar yèn ing Guwa Cermé ditunggoni sawenèh dhanyang cacah sanga, antarané dhanyang Kyai Tawang Gantungan, Kyai Kedhung Mlathi, Kyai Gadhung Kawuk, Kyai Minang Sukma, lan Nyai Éndhang Rantam Sari.[7]

Prosèsi[besut | besut sumber]

Lumakuning upacara[besut | besut sumber]

Tradhisi jodhangan katindakaké nalika dina Ngahad Paing sasi Besar (Dulhijjah) manut pananggalan Islam Jawa. Kala semana wewengkon ing saubengé Guwa Cermé lumayan reja lan regeng jalaran bebrayan Dhusun Srungga I lan II ngleksanakaké acara kajat kang ageng, ya iku jodhangan (sedhekahan utawa slametan sawisé panèn). Kagunan campursari, kagunan jathilan, slawatan, pagelaran wayang kulit uga mèlu ngramèkaké acara iki, satemah nambahi regenging kagiyatan acara jodhangan. Reroncènging prosèsi jodhangan ing saben taun panced panggah tanpa ana pangowahan.[8]

Sadurungé dina paleksanan tradhisi, nalika dina Jumuwah Kliwon sabubaré Jumuwahan, kabèh wong lanang Dhusun Srungga I lan II bareng-bareng reresik kuburan utawa makam dhusun. Soréné (malem Setu Legi) dianakaké tahlilan lan pitung lésan ing omahé pak RT. Pitung lésan ya iku acara donga arupa dzikir lan maca Surat Yasin kang ditujokaké marang para leluhur. Ing dina Setu Legi, para warga padha gugur gunung ngresiki dalan dhusun, panggon-panggon umum kaya plataran Guwa Cermé kang bakal didadèkaké panggoné upacara. Sauntara iku, ibu-ibu nyiapaké sakabèhé kabutuhan kang diperloni. Dina Ngahad Paing kurang luwih jam 09.00 WIB panyarta upacara jodhangan padha siyap-siyap nggawa barang-barang kang dibutuhaké, ya iku jodhang ambi isiné (sajèn) kang didèkèkaké ing bèsèk tumuju plataran Guwa Cermé. Ing sajeroning kagiyatan upacara, saben RT ngetokaké siji jodhang kang wragadé ditanggung bareng-bareng déning sawetara kepala kulawarga kang ana ing saben RT.[9]

Jam 10.00 pas, iring-iringan upacara teka ing plataran guwa. Urutan paling ngarep yaiku rombongan kagunan, dituti para domas kang nggawa gedhang sanggan, lan paling wuri iku jodhang. Sawisé iring-iringan teka ing plataran Guwa Cermé, sabanjuré reroncèning acara bakal diwiwiti. Acara kapisan bebuka, dibacutaké karo slawatan, sambutan-sambutan saka kepala désa, camat, Dinas Pariwisata Bantul, dibacutaké karo Ijab Qobul (kanggo kang duwé nadar) lan dipungkasi mangan-mangan karo kabèh warga kang teka. Wenginé, acara tinutup karo pagelaran wayang kulit.[10]

Piranti lan sajèn[besut | besut sumber]

Piranti kang dianggo ing tradhisi jodhangan ya iku jodhang, kagawé saka kayu awujud limasan kang ancasé kanggo nggawa ubarampé utawa sajèn kanthi cara digotong utawa dipikul déning wong papat ing saben pojokané. Anadéné sajèn kang ana ing jaba jodhang ngemu akèh asil bumi kaya déné kacang lanjaran, jagung, paré, timun, térong, lombok, mlinjo, tomat, lan sapanunggalané. Asil bumi iku kanggo ngrias jodhang supaya katon apik lan éndah. Anadéné sajèn kang ana ing jero jodhang ya iku sega gurih, ayam ingkung, sega golong, tumpeng menggana, sega liwet, golong lulut, tumpeng robyong, jajan pasar, lan gedhang sanggan kanggo kenduri utawa slametan.[11]

Pangaji-aji[besut | besut sumber]

Aji agama[besut | besut sumber]

Aji agama kang katon ing tradhisi jodhangan ing Dhusun Srungga, Désa Sélapamiara ya iku anané acara tahlilan lan acara donga. Kajaba iku, ritual jodhangan diselenggarakaké kanggo wujud sukur marang Allah kang sampun peparing rejeki.[12]

Aji gugur gunung[besut | besut sumber]

Kagiyatan-kagiyatan gugur gunung ing tradhisi jodhangan katindakaké bebrayan ing Sélapamiara dumadi saka ngresiki makam dhusun, tahlilan, ngresiki dalan dhusun tur désa, lan ngresiki plataran Guwa Cermé minangka papan upacara.[13]

Aji solidaritas[besut | besut sumber]

Jodhangan iku salah sawijining upacara tradhisional kang lumayan akèh kang ngéloni ing Désa Sélapamiara. Kagiyatan iku nduwèni peranan kang lumayan gedhé anggoné nyawijikaké para warga. Bab iki tinengeran karo anané makarya bebarengan ing kagiyatan lingkungan, panggawéan gunungan lan ubarampé sajèné. Kabèh kuwi ora mbédaaké setatus sosialé pawongan, saben priyangga nduwèni peluang lan kalungguhan kang padha kanggo ngleksanakaké kagiyatan iki.[14]

Aji rembugan[besut | besut sumber]

Rembugan sadurungé upacara jodhangan lumayan akèh kang ngéloni. Sadurungé, para sesepuh nganakaké pasamuwan kanggo ngrembug babagan paleksanané upacara jodhangan. Nalika iku uga digawé sungsunan panityané.[15]

Aji pangendhali sosial[besut | besut sumber]

Upacara jodhangan ing Désa Selapamiara Imagiri, saliyané dadi upaya warga kanggo nggenepi sanggan-sesanggeman ya iku marang para leluhur lan Gusti Kang Maha Kuwasa kang sampun peparing rejeki. Upacara jodhangan uga diarep-arep bisa nguwataké kapitayaning para warga bab kaluhuran padatané, nduwé pangaribawa kang becik tumrap dhèwèké dhéwé, satemah para warga dadi ora mangu-mangu anggoné nguri-uri tradhisi iki.[15]

Uga delengen[besut | besut sumber]

Rujukan[besut | besut sumber]

  1. Tribun Jogja (8 November 2018). "Jodhangan Goa Cerme". Issuu. Dibukak ing 31 Mèi 2020.
  2. Dinas Pariwisata Kabupaten Sleman. "Jodhangan Gua Cerme". Kabupaten Bantul. Dibukak ing 31 Mèi 2020.
  3. Solo Pos (25 Januari 2013). "Objek Wisata Gua Di Bantul Butuh Perhatian". Solo Pos. Dibukak ing 31 Mèi 2020.
  4. Munawaroh, Siti (30 Mèi 2019). "Jodhangan: Tradisi Agraris di Desa Selopamioro Imogiri". Jantra. 14 (1): 96. Diarsip saka sing asli ing 2023-03-27. Dibukak ing 2023-02-11.
  5. Supanto (1991). Upacara Tradisional Sekaten Daerah Istimewa Yogyakarta. Yogyakarta: Departemen Pendidikan dan Kebudayaan, Direktorat Jenderal Kebudayaan, Direktorat Sejarah dan Nilai Tradisional, Proyek Inventarisasi dan Pembinaan Nilai-Nilai Budaya. kc. 86.{{cite book}}: CS1 maint: url-status (link)
  6. Munawaroh, Siti (30 Mèi 2019). "Jodhangan: Tradisi Agraris di Desa Selopamioro Imogiri". Jantra. 14 (1): 95. Diarsip saka sing asli ing 2023-03-27. Dibukak ing 2023-02-11.
  7. Getaway Tours (31 Oktober 2011). "Goa (Cave) Cerme, Yogyakarta, indonesia". Getaway Tours. Dibukak ing 31 Mèi 2020.
  8. Dinas Kebudayaan Provinsi DIY (4 Sèptèmber 2015). "Jodhangan Goa Cerme". Dinas Kebudayaan Provinsi DIY. Dibukak ing 31 Mèi 2020.[pranala mati permanèn]
  9. Antara Foto (25 Juli 2011). "Nyadran". Antara Foto. Dibukak ing 31 Mèi 2020.
  10. Dinas Kebudayaan Daerah Istimewa Yogyakarta (4 Sèptèmber 2015). "Jodhangan Goa Cerme". Dinas Kebudayaan. Dibukak ing 31 Mèi 2020.[pranala mati permanèn]
  11. Radar Jogja (31 Mèi 2016). "Nyadran Makam Sewu Bantul, Meriah". Radar Jogja. Diarsip saka sing asli ing 2019-09-05. Dibukak ing 31 Mèi 2020.
  12. Takdir Ilahi, Mohammad (2016). "Ziarah dan Cita Rasa Islam Nusantara: Wisata Religius Dalam Bingkai Kearifan Lokal (Local Widsom)". Akademika. 21 (1): 123.
  13. Dinas Pariwisata Bantul. "Bantul: Ragam Budaya" (PDF). Bantul: Ragam Budaya. Diarsip saka sing asli (PDF) ing 2020-06-19. Dibukak ing 18 Juni 2020.
  14. Visiting Jogja Istimewa (18 Sèptèmber 2017). "Jodhangan Goa Cerme (24 September 2017)". Visiting Jogja Istimewa. Diarsip saka sing asli ing 2020-06-28. Dibukak ing 29 Juni 2020.
  15. a b Munawaroh, Siti (2019). "Jodhangan: Tradisi Agraris di Desa Selopamioro Imogiri". Jurnal Jantra. 14 (1): 101. Diarsip saka sing asli ing 2023-03-27. Dibukak ing 2023-02-11.