Menyang kontèn

Jathilan

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa

Jathilan iku jogèdan tradhisional saka Jawa sing dipentasaké déning para panari sing migunakaké jaran kepang (jaran anyaman). Jogèd iki duwé unsur magis amarga para panariné bisa ngalami kahanan kesurupan. Jogèd jathilan biasané digelar kanthi iringan piranti musik gamelan kayata: kendhang, saron, demung, kempul, gong, lan drum.

Jeneng lan wujud jathilan beda-beda miturut panggonan. Ing Banyumas dikenal kanthi jeneng **ebeg**, déné ing sawetara panggonan liya, utamané Jawa Tengah, diarani **jaran kepang**. Jogèd iki bisa ditampilaké sacara mandhiri utawa digabung karo jogèd tradhisional liya kaya reyog lan barongan.

Sadurungé pentas dimulai, biasané ana bukaan musik gamelan lan pagelaran komedi rakyat, kalebu paraga **Penthul** lan **Tembem** (uga dikenal minangka Bancak lan Doyok). Ing sesi pungkasan, para penari kerep mlebu ing kahanan trance utawa kesurupan, lan nindakake tumindak sing ora lumrah kaya mangan beling utawa nglangkah ing geni.

Jathilan ora mung pagelaran seni nanging uga nduwèni makna budaya lan spiritual. Ing wewengkon kaya ing lereng Gunung Merapi, jathilan kerap dipentasaké minangka bagian saka upacara ritual kanggo tolak bala utawa upaya njaga keseimbangan alam.

Para panari jathilan nganggo busana warna-warni sing makili karakter tartamtu, kayata:

  • **Raja** lan **prajurit**: nganggo jaran kepang lan busana kerajaan.
  • **Buta**, **anoman**, **barongan**, lan **penthul**: nggambaraké karakter mitologis utawa jenaka.

Anoman biasané digambarké nganggo topeng utawa dandanan kethèk putih, senadyan ana uga sing nganggo warna ijo utawa abang. Sakliyane kuwi, ana uga panari sing nggawa piranti tambahan kaya **pecut** utawa **cethèn**.

Kesenian jathilan iku salah siji bentuk **beksan rakyat** kang nggambarake **filosofi strata kauripan**, saka lapisan dhuwur tekan lapisan ngisor. Gegambaran iki bisa didelok saka lakon lan peran-peran sing ditampilaké.

Rujukan

[besut | besut sumber]

Masalah sitiran: Tenger <ref> sing diwedharaké ing <references> ora duwé atribut jeneng.

Kategori

[besut | besut sumber]