Wijayakusuma (kembang)

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna bébas abasa Jawa
Wijayakusuma
Epiphyllum anguliger1Emma Lindahl.jpg
Photo: Emma Lindahl
Klasifikasi ngèlmiah
Karajan: Plantae
Unranked: Angiosperms
Unranked: Eudicots
Unranked: Core eudicots
Ordho: Caryophyllales
Famili: Cactaceae
Subfamili: Cactoideae
Tribe: Hylocereeae
Génus: Epiphyllum
Spésies: E. anguliger
Jeneng binomial
Epiphyllum anguliger
(Lem.) G.Don
Sinonim

Phyllocactus anguliger Lem.
Phyllocactus serratus Brongnart
Phyllocactus angularis Labouret
Phyllocactus darrahii K.Schumann
Epiphyllum darrahii (K.Schumann) Britton & Rose

Kembang Wijaya Kusuma (Epiphyllum Angulier) kelebu jinise kaktus, divisi anthophita, bangsa opuntiales lan kelas dicotiledoneae.[1] Jinise kaktus cacahé udakara 1.500 jinis.[1] Tandhuran kaktus bisa urip subur ing laladan sedeng nganti tropis.[1] Padha karo kembang wijaya kusuma.[1] Kembang iki mung mekar ing wayah bengi, iku ya mung sedela. Lan ora kabèh tanduran wijaya kusuma bisa gampang ngembang.[1]

Kembang iki duwé tandha kang cetha ing pérangan godhong lan pange yèn wis rada tuwa.[1] Pang wit wijaya kusuma asliné kabentuk saka godhong-godhong sing ndadi atos lan ndadi cilik.[1] Rikala isih enom warna godhonge kuning.[1] Godhonge gepeng, wernane ijo lan alus ora ana rine.[1] Ana ing saben pinggire godhong ana lekukan-lekukan sing ditukuli bakal godhong utawa kembang.[1]

Kembang sing urip ing dhuwur karang iki, saliyané ana ing Nusakambangan sing keramat iku, uga akèh ditemoni ing Pulo Karimunjawa, Kepulonan seribu, Bali lan Madura.[1] Kembang iki asliné saka Amérika Selatan, banjur mlebu ing Cina nembé tekan ing Indonésia rikala jaman Majapahit.[1] Wong-wong Jawa percaya sapa wonge sing bisa weruh mekare kembang wijaya kusuma, uripé ora bakal susah.[1]

Jinisi Wijaya Kusuma[besut | besut sumber]

Tadhuran Wijaya kusuma ana loro jinise, ya iku:

  • Pisona grandis var Silvestris

Wijaya kusuma sing iki ora patia dingerteni masarakat.[2] Sing paham racaké ahli botani lan paranormal.[2] Kembang jinis iki ana ing kepulonan Seribu, Karimunjawa, Pulo Puteran-Madura, Bali, Ambon lan Pulo Karang.[2]

Wijaya kusuma iki dikeramatake karo Kasunanan Surakarta. Kembang jinis iki jaréné jarene tau ditandhur ing Cendana.[2]

  • Epiphyllum oxypetalum

Jinis wijaya kusuma sing iki luwih diarani ratune bengi.[2] Ana mitos ngenani tanduran wijayakusuma lan tanduran sri rejeki ing sataman.[2] Kembang kaloron iki duwé ènergi sing ora gatuk, saéngga yèn kaloron mau didadekae ana ing sataman, mesthi ana salah siji sing mati.[2]

Bisa waé loro-lorone padha uripé nanging bakal nggawa dampak elek kanggo sing duwé omah.[2] Uripe bakal abot, lara-larana, akèh masalah lan adoh rejeki.[2] Yèn arep nandhur kembang-kembang iki kudu dipisahake, wijayakusuma ana ing ngarep omah lan srirejeki ing buri utawa sewalike.[2]

Akeh wong sing percaya, yèn bisa weruh mekare kembang wijayakusuma bakal olèh rejeki.[2] Amerga mekare kembang wijayakusuma rikala bengi lan mung sadela, yèn wis mekar sesuke wis alom lan ora bakal mekar manèh.[2]

Mitos[besut | besut sumber]

Kembang wijayakusuma uga ana mitos utawa takhayule, jaréné "sapa baé sing bisa ndeleng pas kembang iki mekar, rejekine bakal lancar", mulane akèh sing padha njajal.[2] Kembang Wijayakusuma ana pewayangan jawa dadi pusaka duwéne Prabu Bathara Kresna ratu nagara Dwarawati lan narendra tedaking wisnu lan dewi pretiwi.[2] Ing pewayangan gagrak Banyumas kembang WijayaKusuma kerep darani "Cangkok Wijaya Mulya".[2] Déné pigunane kembang iki bisa kanggo nguripake manungsa sing mati sadurungé tiba wancine.[2] Mula nganti saiki kanggone masarakat kang tesih ngandel, kembang wijayakusuma kerep kagunakake kanggo tamba.[2]

Carita Kembang Wijaya Kusuma ing Nusakambangan[besut | besut sumber]

Carita dumadine kembang wijayakusuma sing ana Nusakambangan kaya ngene: Jarene, gek jaman biyèn ana ing laladan Jawa Timur (Kediri) ana Raja sing nyandhang gelar Prabu Aji Pramosa.[1] Raja iku nduwé watek atos.[1] Dhèwèké wegah tunduk marang sapa waé.[1] Raja iku ora seneng angger ana wong ing nagarané sing ketok nonjol utawa duwé prabawa.[1] Petugas sandi (intel) kraton disebar ing kbeh penjuru kraton banjur ana ana lapuran yèn ing kraton iku pancen ana Resi sing wis moncer amarga sekti.[1]

Resi iku jenenge Resi Kano, gelare Kyai Jamur.[1] Kasekten Kyai Jamur akhire krungu ing kuping raja.[1] Raja Prabu Aji Pramosa kesuh banget naging yèn arep nyekel rakyat sing ora duwé salah iku kudu ana alesane.[1] Akhire raja ngundang patih, hulubalang, senapati karo pejabat utama kraton maksude kanggo nggolèk cara ngatasi kyai sekti iku.[1] Sawisé olih sara saka dhuwuran kraton, raja langsung mutusaké: Kanggo njaga keselametan kraton karo raja, Kaya Jamur kudu diusie saka kraton utawa dipateni sisa, mangkono titahe raja. Pawarta iku jebule rikat nyebar, akhire krungu ning Kyai Jamur uga.[1] Dhèwèké mutuske sadurungé utusan kraton teka, dheweje kudu ndisiki ninggal kraton iki.[1]

Krungu yèn Kyai Jamur wis ora ana ing omahé, Prabu Aji Pramosa tambah nesu.[1] Raja iku banjur mrentahake kabèh punggawa kraton ngoyak lan nyekel Resi Jamur lan kuduu dikunjara.[1] Kanggo nggawé alesan raja, resi dianggep salah amarga lunga ora njaluk pamit marang raja.[1] Resi mlaku terus sadawane pasisir laut kidul sing akhire tekan panggonan sing dijenengi Cilacap, Resi ngrasa yèn Cilacap kayane laladan sing aman kanggo ngumpet saka pengawasane Raja.[1]

Raja ora tau mandeg nggoleki lan mburoni resi pokoke kudu kecekel.[1] Sawisé digoleki ning ngendi waé akhire raja nemu panggonane resi.[1] Aji Pramosa karo punggawane teka pas resi nembé tapa, ngerti yèn resi nembé tapa dadi kesempatan sing ora disia-siakake, resi iku langsung dicekel banjur dipateni.[1] Nanging dhasaré wong sekti mandraguna mayite muksa.[1] Raja dadi gumun lan keweden.[1] Urung ilang wedine raja digawé kaget manèh swara sing kemrungsung karo angin ribut ing tengah laut.[1]

Banjur metu ujug-ujug pulo (nuswa) sing kamambang.[1] Saka pula iku ana ula naga geni sing arep mangsa raja.[1] Dilepasi panah sanalika wujudé ula mau malih dadi wanita ayu sing ngawé-awe Prabu saka Nuswa mau.[1] Sang Prabu nyedhaki nganggo gethek. Ing kana sang dewi matur manawa dhèwèké sejatine ula mau.[1] Sang Dewi matur panuwunn marang Sang Prabu awir wis ngluwati bebendune jawata sing sinandhang sang Dewi.[1] Sang Dewi ngewenehi kembang sing diarani kembang Wijaya Kusuma.[1] Sang Dewi matur manawa sarining kembang mau didahar marang Sang Prabu, bisa ndadèkaké langgenge dadi Ratu.[1] Sawisé matur mangkono sang dewi ilang.[1]

Ing kana sang prabu banjur balik menyang dharatan, ing satengahe samudra, dumadakan ana alun gedhé gawé njomplange gethek.[1] Kembang wijayakusuma mau tiba ing samudra.[1] Sang prabu dadi jedheg. Ing nuswakambangan dumadakan ana kembang thukul.[1] Kembang mau saemper kaya kembang wijaya kusuma.[1] Panggonan thukuling kembang mau diarani Majethi.[1] Ing kana sang prabu dhawuh menwa tedhak turune bisa langgeng anggoné dadi Ratu, yèn bisa Ngasta kembang mau.[1]

Khasiate Wijaya Kusuma[besut | besut sumber]

Kandutan kimia ing tanduran wijaya kusuma duwé daya sing ampuh kanggo ngelongi rasa lara lan bisa ngenetralake pembekuan dharah.[3] wijaya kusuma uga duwé daya kang bisa nambani lara abses.[3] Nanging nganti saiki durung ana panaliten ngenani kadutan kimia ing tanduran iki.[3]

Tamba Tatu Bahane, godhong wijaya kusuma siji, carane digejuk nganti alus banjur dilaburake ing panggonan sing tatu banjur diperban.[3]

Watuk lan Riak Getih Kembang Wijaya kusuma sing isih seger (3-5 kembang) digodhog karo telung gelas banyu nganti dadi segelas.[3] Ditambahi gula aren sacukupe.[3] Sawisé adem, disaring lan diombe banyune sadina ping loro, saben ngombe cukup setengah gelas waé.[3]

Perdarahan Rahim Kembang wijaya kusuma sing isih seger lan daging tanpa gajih diresiki banjur diketok cilik-cilik.[3] Lebokake ing mangkok, tambahi banyu ngasi kabèh kekum, banjur ditim.[3] Sawisé adem banyune diombe.[3] Isine dipangan.[3] Lakoni sadina ping loro.[3]

Ambegan Sesek Kembang wijaya kusuma sing isih seger dikumbah, banjur diketok-ketok saperlune.[3] Lebokake ing mangkok, tambahi gula batu lan bayu sacukupe nganti kekum kabèh banjur ditim.[3] Yèn wis adem, disaring lan di ombe banyune sadina ping loro.[3]

Cara Nandhur[besut | besut sumber]

Kembang Wijaya kusuma bisa urip ing panggonan sing ora patia panas.[3] Yèn arep ditandhur ing jero pot, bakal luwih apik yèn diwènèhi campuran lumut Sphagnum, remukan pang paku tiang, lan pasir resik sitik, kaya sing dianggo nandhur anggrek.[3]

Ing ngisor iki cara nandhur kembang wijaya kusuma:

  • Kembang Wijaya Kusuma ditandhur mawi sistim stek.[3] Pilihen pang sing apik kaya godhong sing kandhel lan ijo banjur diketok kira-kira 15 cm, lan perlu ditukulake tunas disik, nanging aja ing panggonan sing lembab.[3]
  • Godhong mau diangin-anginke ing panggonan sing adem supaya rada garing.[3]
  • Banjur ditancepake ngasi bongkote nancep 2–4 cm jerone, aja nganti jero-jero banget supaya ora bosok.[3]
  • Bakal luwih apik yèn diwènèhi obat sing ngandut belerang disik kanggo nyegah bakteri sing bisa nggawé bosok.[3]
  • Pang stek tukul oyote bisa didelok yèn tunase wis metu, banjur stek dipindah ana ing pot sing isiné médhia tanam anggrek.[3]
  • Pilihen pot sing ukurane cilik amarga kembang iki luwih seneng yèn oyote sek-sekan.[3]
  • Jarke supaya kahanan pot garing disik sadurungé disirami banyu, amarga oyot bakal gampang bosok.[3]

Gladri[besut | besut sumber]

Cathetan suku[besut | besut sumber]

  1. ^ a b c d e f g h i j k l m n o p q r s t u v w x y z aa ab ac ad ae af ag ah ai aj ak al am an ao ap aq ar as at au av Wijaya Kusuma tanaman pengundang rejeki (dipunundhuh tanggal 20 Agustus 2012)
  2. ^ a b c d e f g h i j k l m n o p q Wijaya Kusuma (dipunundhuh tanggal 20 Agustus 2012)
  3. ^ a b c d e f g h i j k l m n o p q r s t u v w x y bunga wijaya kusuma bunga misterius (dipunundhuh tanggal 20 Agustus 2012)