Dataran dhuwur Dieng

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna bébas abasa Jawa
Dieng Plateau Area

Dataran dhuwur Dieng utawa Gunung Dieng punika salah satunggaling panggènan wisata ingkang wonten ing Kabupatèn Banjarnegara lan Kabupatèn Wonosobo.[1] Dieng asalipun saking tembung sansekerta inggih punika "Di" ingkang gadhah teges panggènan ingkang inggil utawi gunung lan "Hyang" ingkang tegesipun kahyangan.[2] Kanthi nggabungaken tembung-tembung kalawau tembung "Dieng" gadhah teges laladan pagunungan kanggé para déwa semedi.[2] Masarakat wonten ing sakiteré Dieng ngandelaken kebutuhan ekonominipun saking babagan tetanèn.[3] Langkung saking 4000 hèktar kawasan Dieng didadosaken area budidaya kenthang.[3] Wonten ing dieng punika uga saged dipuntingali candhi corak Hindhu kanthi arsitèktur ingkang saé lan unik.[4]

Objek Wisata[besut | besut sumber]

Agro Wisata Tambi[besut | besut sumber]

Kebon Teh Tambi

Argo Wisata Tambi wonten léréng gunung Sindoro, ingkang inggilipunpun 1200 mèter dumugi 2000 mèter saknginggilipun lumah segara.[2] Suhu udara wonten ing kawasan punika antawis 15 drajat Célcius dumugi 24 drajat Célcius.[2] PT Tambi ngemunah tigang unit pakebonan teh ingkang manggèn wonten ing désa Bedakah, Tanjungsari lan désa Tambi ingkang wiyaripunpun dumugi 829 Ha ingkang wonten fasilitas pondhok wisata, pamancingan, lapangan tenis, taman dolanan lan pabrik teh.[2]

Arung Heram Kali Serayu[besut | besut sumber]

Artikel baku: Kali Serayu
kali serayu

Wisata kali serayu punika désa Tungguro ngantos dumugi désa Singomerto ingkang jarakipun watawis 12 kilomèter.[2]

Kawah si Kidang[besut | besut sumber]

Kawah Si Kidang Kabupatèn Banjarnegara

Kawasan punika manggén wonten ing sisih Tlaga Warna lan kawah punika saged medalaken swanten kados swanten kas Jawa ingkang sinebut "Kendang".[2] Sanésipun kawah si kidang punika inggih taksih kathah kawah-kawah ingkang sanèsipun.[2] Kawah Sikidang dados panggénan paling faforit kanggé para wisatawan ingkang sowan ing kabupatén Banjarnegara.[5] Kawah si kidang punika awujud kawah vulkanik kanthi lubang kepundan ingkang saged dipuntingali saking bibir kawah.[5] Uap toya lan lava warna kelabu ingkang asring bergolak lan medalipun boten satunggal panggènan kados kidang ingkang mlumpat.[5] Saking perkawis kala wau punika ingkang ndadosaken kawah punika dipunparingi nama Kawah Si Kidang.[5] Ngantos dumugi sapunika Kawah Sikidang taksih aktif.[5] Wonten ing kawah si kidang punika ambu saking belérang krasa sanget lan suhunipun anget.[5] Saking tebihan uga katingal sumur geothermal tuwa inkyang taksih beroperasi ngantos sapunika.[5] Energi panas bumi ingkang wonten dipunmanfaataken kanggé pembangkit listrik ing laladan Diéng.[5] Kawah si kidang punika kawah ingkang paling ageng wonten ing wewengkon dieng.[5]

Tlaga Menjer[besut | besut sumber]

Telaga Menjer

Tlaga mpunika awujud tlaga alam ingkang paling wiyar wonten ing kabupatén Wonosobo.[2] Mangenipun wonten ing 1300 mèter sakng inggil lumah segara.[2] Wiyaripun awetawis 70 hèktar saha gadhah jero dumugi 45 mèter.[2] Tlaga Menjer mapan wonten ing désa Maron kacamatan Garung, tebihipun awetawis 12 kilomèter sisih lèr kabupatén Wonosobo.[2] Rute tumuju objek plesiran punika cekap gampil, ananging informasi ingkang sakedhik ngengingi objek plesiran punika ndadosaken kathah wisatawan boten mangertos ngengingi panggènan objek plesiran punika.[2] Tlaga Menjer punika tlaga ingkang wonten amargi jeblugan vulkanik wonten Gunung Pakuwaja.[2]

Komplek Candhi Arjuna[besut | besut sumber]

Komplék Candhi Arjuna punika arup kumpulan candhi.[2] Candhi ingkang wonten ing komplék candhi punika kadostah candhi Arjuna, candhi Semar, candhi Srikandi, candhi Puntadéwa, saha candhi Sembadra.[2] Candhi-candhi punika jaman rumiyin kanggé panggĻnan ngibadah umat hindhu.[2] Kelompok Candhi Arjuna punika kasusun saking gangsal candhi ingkang dados kalih dhérét.[2] Dhérét pisanan wonten ing sisih wétan ingkang kasusun saking sekawan candhi ingkang sadaya madhep ngilèn.[2] Candhi ingkang sisih wétan wonten candhi Arjuna, candhi Srikandi, candhi Puntadewa saha candhi Sembadra.[2] Dhèrèt ingkang sisih kilèn inggih punika candhi-candhi Semar ingkang adhep-adhepan kaliyan candhi Arjuna.[2] Candhi-candhi ingkang wonten kompleks candhi Arjuna ngadhahi ciri piyambak-piyambank saha dipunyasa boten sesarengan.[2] Candhi-candhi punika dipunyasa kanggé meditasi utawa tapa.[2]

Ngruwat Rambut Gèmbèl[besut | besut sumber]

Gambar:Dien 5
Ruantan rambut gimbal

Ritual ruwat rambut gémbél punika awujud tradhisi ingkang taksih wonten ing kacamatan Kejajar, tebihipun 17 kilométer sisih lèr kitha Wonosobo.[2] Wonten ing sakupenging tlatah punika kathah laré ingkang gadhah rambut gémbél.[2] Miturut cariyos, rambut gémbél punika titipan saking Kyai Kolodété.[2] Laré gémbél punika dipunanggep "balak" ingkang kedah dipunruwat, nganggé acara upacara tradhisi "Ruwatan".[2] Upacara punika dipunadani manawi sampun wonten panyuwun saking laré marang tiyang sepuhipun.[2] Upacara tradhisi ruwatan rambut gembel dipunadani kanthi cara-cara ingkang mirunggan.Sadèrèngipun upacara dipunwiwiti dipunbetahaken persiapan-persiapan langkung rumiyin kados ta pepenginanipun laré ingkang badhé dipunruwat saha sesajen. Sesajen ingkang dipun-ginakaken kados ta tumpeng, ayam, toya ingkang dipuncampur kaliyan kembang setaman, beras, saha ali-ali.

Undha Usukipun Ruwatan Rambut Gèmbèl[besut | besut sumber]

Miturut legenda, ruwatan rambut gembel punika asalipun saking cariyos Kyai Kolodete, miturut kapitadosan para warga Wonosobo, Kyai Kolodete punika ingkang ngadegaken Kabupatèn Wonosobo, malah Kyai Kolodete punika dipunpitados panguwaos utawi merkayangan. wonten ing Gunung Kendhil punika dipunpitados minangka pekaringanipun Kyai Kolodete kaliyan Garwanipun. Pekaringan punika saking tembung "karing" utawi papan kanggé nggaringaken. Hawa asrep wonten ing Dieng punika, dadosaken pakulinan para warga kanggé karing, samanten ugi Kyai Kolodete punika ugi karing ngantos rambut punika dados gimbal malah ngantos moksa. versi sanès nyariosaken bilih Kyai Kolodete utawi Tumenggung Kolodete punika pimpinan utawi tiyang ingkang gadhah prabawa wonten ing kawedanan Kertek saha kiwa tengenipun. Panjenenganipun inggih punika kyai ingkang gadhah rambut gembel utawi gimbal, jabat dados kebayan wonten ing dhusun Tegalsari, Kertek, Wonosobo. Kyai Kolodete punika putra saking Kyai Badar ingkang gesang wonten ing Tegalsari. Kados déné pangajab saking warga sanès, Kyai Kolodete ugi gadhah maksud dadosaken Dhusun saha warganipun maju lan sejahtera. panjenenganipun dipunajeni dhateng para warga awit wibawa saha wicaksana anggènipun tumindak. wonten ing salah satunggaling dinten, Kyai Kolodete nyalon dados lurah dhateng Mataram. Ananging boten dipunijabahi tanpa nalar. Prastawa punika dadosaken para warga kuciwa, samanten ugi Kyai Kolodete, lajeng Kyai Kolodete badhé mingkur saking ramenipun kawontenan. sadèrèngipun tapa, Kyai Kolodete punika atur pangandikan, pangandikan punika makaten: "Mung semene waé anggonku nyuwita pamaréntah aku arep menyang Dieng" Lajeng panjenenganipun nyuwun dhateng dewata, bilih supados ingkang dados pangajab punika kelakon, inggih punika damel seneng saha damel mulya para warga. Tandha tresna Kyai Kolodete dhateng para warga kedahipun dewata sarujuk, minangka dados tandha tersna inggih punika supados keturunanipun kados Kyai Kolodete inggih punika rikmanipun gembel. ingkang dados pangajabipun Kyai Kolodete punika dados kasunyatan. para warga lajeng nyebat para bocah ingkang gembel punika bocah bajang utawi bocah gembel saha dipunpitados keturunanipun Kyai Kolodete ingkang wekdal tertamtu kedah dipunruwat.

Nyadran Suran Masarakat Désa Pagerejo lan Masarakat Dusun Gianti[besut | besut sumber]

Ritual punika dipunwontenaken kanggé méngeti dinten dadosipun désa Pagareja kacamatan Sélomerto lan dhusun giyanti ingkang limrahipun dibacutaken kaliyan Merdi Dusun sarta upacara Ténongan lajeng dibacutaken pagelaran seni tradisional sewengi muput.[2]

Papan Kangge pados Oléh-oléh[besut | besut sumber]

Wisatawan wonten ingkang nglencér wonten ing Diéng saged pados oléh-oléh wonten papan ingkang sampun dipunsiapakén.[2] Wonten ing punjer kerajinan keramik wisatawan saged nonton-nonton lan tumbas jinis keramik ingkang wonten.[2] Motif kas saking keramik klampok Banjarnegara dados daya tarik ingkang utama.[2] Kejaba saking punika ingkang dados kas saking diéng wonten Kacang Diéng, Carica, Kenthang, Asparagus, Jamur Diéng lan Ramuan purwaceng kang gunanipun kanggé ngangetken awak.[6]

Sarana Panyengkuyung[besut | besut sumber]

Kanggé nyengkuyung objék wisata diéng, Diéng Plateau Theatre (DPT) dipunyasa saking prakarsa gubernur Jawa Tengah H. Mardiyanto.[2] Alasanipun amarga léréng bukit Sikendil saged dados magnét ingkang kiat kanggé ngembangkén pariwisata wonten ing Provinsi Jawa Tengah.[2]

Cathetan suku[besut | besut sumber]

  1. ^ Copyright copy left 2010 Dieng Plateau Tourism - News And Articles About Tourism, Culture In Dieng Plateau (Dipuntingali tanggal 2 April 2011)
  2. ^ a b c d e f g h i j k l m n o p q r s t u v w x y z aa ab ac ad ae af ag ah Dieng (Dipuntingali tanggal 31 Maret 2011)
  3. ^ a b Pofil Dieng (Dipuntingali tanggal 2 April 2011)
  4. ^ Dieng, Tempat Para Dewa Bersemayam (Dipuntingali tanggal 4 April 2011)
  5. ^ a b c d e f g h i teamtouring.net (Dipuntingali tanggal 10 mei 2011)
  6. ^ Dataran Tinggi Dieng (Dieng Plateu)