Menyang kontèn

Cèkèr pitik

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa
(Kaelih saka Ceker Pithik)
Cèkèr pitik
Cèkèr pitik lan pérangan liyané kang didol sapinggiré dalan nganggo gerobak ing Haikou, Hainan, Cina.
Jeneng liyanéfeng zhao, ji jiao, ji zhao, cèkèr
Panggonan asalBrasil, Republik Afrika Tengah, Cina, India, Indonesia, Itali, Jamaika, Korea, Laos, Malaysia, Meksiko, Moldova, Pakistan, Peru, Pilipina, Rumeni, Ruslan, Singapura, Afrika Kidul, Thailand, Trinidad lan Tobago, Ukraina, Vietnam, Afrika Kulon
Woworan pokokCèkèr pitik
Ènergi panganan
(per ajangan)
0,073 kcal
Buku masakan: Cèkèr pitik  Médhia: Cèkèr pitik

Cèkèr pitik péranganing sikil pitik kang diolah ing Cina, Indonesia, Koréa, Thailand, Laos, Malaysia, Trinidad lan Tobago, Ukraina, Ruslan, Rumeni, Moldova, Italia, Jamaika, Afrika Kidul, Peru, Brasil, Mèksiko, Pilipina, Kamboja, lan Vietnam. Déné ing nagara liyané lumrahé ora digunakaké amarga dianggep pérangan kang reget lan ora disenengi. Nanging tumrap wong kang seneng, cèkèr dianggep pérangan pitik kang énak kanthi rasa kang ora ana tandhingé saka pérangan liya saka pitik. 

Cèkèr pitik ora ana dagingé, mung ana kulit lan urat kang kasusun saka gelatin.

Olahan cèkèr ing sawènèh negara

[besut | besut sumber]

Indonésia

[besut | besut sumber]
Soto cèkèr

Ing masakan Indonesia, cèkèr pitik umum diolah, mligi ing Jawa. Cara kang paling umum kanggo masak cèkèr pitik ing Indonesia kanthi diosèng, dibacem (tinemu ing angkringan utawa hik), kanggo campuran soto, lan uga digawé kripik. Soto ceker[1] diolah saka sikil pitik kanthi duduh kuning bening kanthi bumbu bumbon crakèn lan kunir kanggo awèh warna kuning.[2] Soto ceker iku salah siji  panganan kang misuwur ing Jakarta, Bali, Surabaya, Bandung, lan ing kutha-kutha gedhé ing Indonesia. Ing warung soto, lumrahé kanggo variasi saka soto ayam. Warung kang kondhang kaya ta Soto Ceker Pak Ali ing Jalan Gandaria, Jakarta Kidul. Ing warung mangan iki bisa nggunakaké nganti 40 kilogram cèkèr pitik saben dina. Sanadyan mung buka saka jam 4 soré nganti 11 wengi, warung iki kasil omsèt nganti 5 yuta saben dina.[3]

Racitura. Ing gambar iki, cèkèré pitik wis diilangi sawisé digodhog

Éropa Wètan

[besut | besut sumber]

Ing Ruslan, Ukraina, Romeni, lan Moldova, cèkèr pitik diolah kanthi diresiki, dibumboni, lan digodhog. Cèkèr kadhangkala diolah kanthi dicampur karo janganan, banjur diadhemaké kanggo nggawé aspik. Ing Ruslan lan Ukraina aspik karan Kholodets, lan ing Rumeni karan piftie utawa răcitură. Cèkèr kadhangkala ora dipangan, nanging dinggo bumbu masak amarga ngandhut gelatin kang dhuwur.

Jamaika

[besut | besut sumber]
 kripik ceker.

Ing masakan Jamaika, cèkèr pitik lumrahé dinggo gawé sop cèkèr pitik.[4] Isi sopé ya iku yam, kenthang, gedhang mentah utawa mateng, dumpling lan bumbu pedes kang mirunggan ing cèkèr pitik, lan masakan iku diolah saorané suwéné 2 jam. Cèkèr pitik uga dimasak karé utawa digodhog, lan diladi minangka panganan utama.

Dakbal-bokkeum (cèkèr pitik goreng)

Ing Koréa, cèkèr pitik diarani dakbal (닭발), diolah kanthi dipanggang utawa utawa digoreng, banjur dibumboni saos lombok kang pedes. Kadhangkala, masakan iki diladi karo alkohol, lan diarani anju.

Malaysia

[besut | besut sumber]

Cèkèr pitik ing negara iki uga diarani cèkèr, lan dadi panganan tradhisional kang kaloka dhéwé ing katurunan Jawa, Cina, lan Thailand kang urip ing Malaysia. Ing sawènèh restoran malayu kapernah ing praja Johor, cèkèr pitik dimasak bebarengan karo kari khas Malayu lan dipangan nganggo roti cané. Ing praja Selangor, cèkèr pitik digawé sup kanthi digodhog karo janganan lan bumbu-bumbu nganti balungé empuk utawa digoreng ing lenga panas. Cèkèr pitik diolah kanthi cara tradhisional Cina karo wong Cina-Malaysia

Pilipina

[besut | besut sumber]

Ing Pilipina, cèkèr pitik diolah kanthi dicampur jeruk kalamansi, lombok, lan gula aren, banjur dipanggang. Ing panganan dalan Pilipina, cèkèr pitik uga diarani "adidas". Cèkèr pitik minangka bahan kanggo nggawé adobong Pilipina.

Rujukan

[besut | besut sumber]
  1. "aneka resep soto" . resep soto ayam. Dibukak ing 3 Nov 2016.
  2. "Soto Ceker Kuta Is a Local Legend". éraved. January 21, 2015.[pranala mati permanèn]
  3. "Gandaria street food satisfies palates of all". The Jakarta Post. Jakarta. 7 November 2015.
  4. "Jamaican Soup Food Catalogue". jamaicandinners.com. Diarsip saka sing asli ing 19 December 2016. Dibukak ing 30 May 2017.