Tifatul Sembiring

Saka Wikipédia, Bauwarna Mardika abasa Jawa / Saking Wikipédia, Bauwarna Mardika abasa Jawi
Langsung menyang: pandhu arah, golèk
Tifatul Sembiring
Tifatul Sembiring

Isih Mengku jabatan
Miwiti Mengku jabatan 
22 Oktober 2009
Pejabat sadurungé Mohammad Nuh

Lair 28 September 1961 (umur 50)
Flag of Indonésia Bukittinggi, Sumatra Kulon, Indonesia
Kabangsan Indonesia
Agama Islam

Tifatul Sembiring (lair ing Bukittinggi, Sumatra kulon, 28 September 1961; umur 50 taun).[1] Tifatul Sembiring yaiku politikus Indonesia kang njabat dadi Menteri Komunikasi dan Informatika wiwit 22 Oktober 2009.[1] Sadurungé dadi mentri, Tifatul Sembiring iku nggantekaké Hidayat Nur Wahid dadi Presiden Partai Keadilan Sejahtera (PKS).[1] Tifatul Sembiring iku insinyur komputer lulusan Sekolah Tinggi Ilmu Manajemen Informatika dan Komputer (STI&K) Jakarta. [1]Sadurungé ing donyaning politik, Tifatul Sembiring tau nduwèni karir ing PT PLN (persero.[1] Dheweké kerja ing bidhang telekomunikasi lan pemrosesan data. [1]Saliyané iku, Tifatul Sembiring uga tau dadi aktivis Pelajar Islam Indonesia (PII) nalika isih enom.[1] Saiki, Tifatul Sembirig tau dadi Dewan Pertimbangan Pusat Perhimpunan Keluarga Besar PII 2008-2011.[1] Tifatul Sembiring dipercaya njabat dadi Ketua Umum DPP PKS nggantekake lan nerusaké kepemimpinan Hidayat Nur Wahid kang mundur sawisé kepilih dadi Ketuwa MPR.[2]


[sunting] Kluwarga

Tifatul Sembiring lair saka pasangan kang asalé saka Karo lan Minangkabau.[1] Tifatul Sembiring iku pemimpin kepala kaum dari Suku Koto ing Guguak Tabek Sarojo, Agam, Sumatera Barat lan nduweni gelar Datuk Tumangguang.[1] Tifatul nikah karo Sri Rahayu lan nduwèni anak kang cacahé pitu yaiku Sabriana, Fathan, Ibrahim, Yusuf, Fatimah, Muhammad lan Abdurrahman.[1]

[sunting] Cathetan suku

  1. a b c d e f g h i j k (id)kepustakaan-presiden.pnri.go.id(dipunundhuh tanggal 22 Agustus 2011)
  2. (id)tokoh-indonesia.com(dipunundhuh tanggal 22 Agustus 2011)

Artikel punika taksih tulisan rintisan (stub). Sinten kémawon ingkang kersa mbenakaken, sumangga kémawon.

Sumber artikel punika saking kaca situs web: "http://jv.wikipedia.org/w/index.php?title=Tifatul_Sembiring&oldid=647181"
Piranti pribadi
Ruang jeneng

Varian
Tindakan
Pandhu Arah
kothak piranti
Basa sanès