Sudi Silalahi
|
Sudi Silalahi
|
|
![]() |
|
|
|
|
|---|---|
| Isih Mengku jabatan | |
| Miwiti Mengku jabatan 22 Oktober 2009 |
|
| Pejabat sadurungé | Hatta Rajasa |
|
|
|
| Mangsa jabatan 21 Oktober 2004 – 22 Oktober 2009 |
|
| Pengganti | Dipo Alam |
|
|
|
| Lair | 13 Juli 1949 (umur 63) |
| Agama | Islam |
Letjen TNI (Purn.) Sudi Silalahi (lair ing Pematangsiantar, Sumatra Lor, 13 Juli 1949; umur 63 taun).[1] Sudi Silalahi iku Mentri Sekretaris Negara wiwit 22 Oktober 2009.[1] Sadurungé, Sudi Silalahi tau njabat dadi Sekretaris Kabinet.[1] Sudi lulus saka Akabri nalika taun 1972 lan mungkasi karir militeré kanthi pangkat Lètnan Jèndral.[1] Sudi Silalahi iku sekretaris Susilo Bambang Yudhoyono nalika Yudhoyono lagi njabat dadi Menko Polkam ing pamarentahané Megawati Soekarnoputri.[1] Sudi Silalahi iku mantan Askomsos Kaster ABRI ing taun 1998.[1] Sudi uga dadi Tim Penilai Akhir (TPA) kang dipimpin langsung Presidhèn lan nduwéni tugas nemtokaké para direksi BUMN lan eselon siji ing saben departemen.[1]
Sudi Silalahi uga nerangaké program kerja 100 hari pertama Kabinet Indonesia Bersatu kang tujuwané mbangun kapercayaan saka masyarakat tumprap pamaréntahan.[1] Mulane shock teraphy bakal diprioritaské kanggo kasus-kasus hukum kang éntuk kawigatén kang gedhé saka masyarakat.[1] Ananging shock terapy iki uga tetep nggatékaké prinsip prinsip hukum, azas praduga tak bersalah, lan azas hukum universal liyané.[1] Ing buku kang judhulé Jenderal Batak dari Tanah Jawa kang isiné Biografi Sudi Silalahi, SBY nerangaké yèn Sudi Silalahi iku nduwéni kasetyan lan ora tie pembebek.[2]
Cathetan suku [sunting]
Artikel punika taksih tulisan rintisan (stub). Sinten kémawon ingkang kersa mbenakaken, sumangga kémawon.
