Muhaimin Iskandar
|
Muhaimin Iskandar
|
|
![]() |
|
|
|
|
|---|---|
| Isih Mengku jabatan | |
| Miwiti Mengku jabatan 22 Oktober 2009 |
|
| Pejabat sadurungé | Erman Soeparno |
|
|
|
| Lair | 24 September 1966 (umur 46) |
| Kabangsan | Indonesia |
| Almamater | Universitas Gajah Mada Universitas Indonesia |
Muhaimin Iskandar biyasané diundang kanthi jeneng Gus Imin utawa Cak Imin (lair ing Jombang, Jawa Wetan, 24 September 1966; umur 46 taun). [1] Muhaimin Iskandar iku politikus Indonesia kang njabat dadi Menteri Tenaga Kerja dan Transmigrasi wiwit tanggal 22 Oktober 2009.[1] Muhaimin Iskandar uga njabat dadi Ketua Umum Partai Kebangkitan Bangsa.[1] Muhaimin Iskandar éntuk gelar sarjana politik saka Universitas Gadjah Mada.[1] Saliyane iku, Muhaimin Iskandar uga éntuk gelar magister komunikasi saka Universitas Indonesia.[1] Muhaimin Iskandar njabat dadi wakil ketua DPR ing periode 1999-2004.[1]
Muhaimin nikah karo wong wadon kang jenengé Rustini Murtadho.[2] Saka pernikahan iki, Mujaimin nduwé anak loro kang jenengé Mega Safira kang lair tanggal 4 Maret 1996 lan Rahma Arifa kang lair nalika tanggal 29 Februari 1999.[2] Muhaimin Iskandar uga tau sekolah ing Madrasah Tsanawiyah Negeri, Jombang nalika taun 1979-1982. [2]Muhaimin uga tau sekolah ing Madrasah Aliyah Negeri I, Yogyakarta nalika taun 1982-1985.[2] Muhaimin Iskandar iku anak saka Muhammad Iskandar kang nduwèni katurunan Jawa. Bapaké iku kerja dadi Guru Pesantren Manbaul Ma'arif ing Jombang.[2] Muhaimin Iskandar tau dadi wakil Ketua Fraksi Kebangkitan Bangsa DPR lan MPR RI Pusat nalika taun 2000-2004. [1]
Cathetan suku [sunting]
Artikel punika taksih tulisan rintisan (stub). Sinten kémawon ingkang kersa mbenakaken, sumangga kémawon.
