Andi Mallarangeng
|
Andi Mallarangeng
|
|
|
|
|
|---|---|
| Isih Mengku jabatan | |
| Miwiti Mengku jabatan 22 Oktober 2009 |
|
| Pejabat sadurungé | Adhyaksa Dault |
|
|
|
| Mangsa jabatan 21 Oktober 2004 – 22 Oktober 2009 |
|
| Pengganti | Julian Aldrin Pasha |
|
|
|
| Lair | 14 Maret 1963 (umur 50) |
| Pasangan | Vitri Cahyaningsih |
| Anak | Gemilang Mallarangeng Gemintang Kejora Mallarangeng Mentari Bunga Rantiga Mallarangeng |
| Almamater | Universitas Gajah Mada Northern Illinois University |
| Agama | Islam |
Andi Alifian Mallarangeng (lair ing Makassar, Sulawesi Kidul, 14 Maret 1963; umur 50 taun).[1] Andi Mallarangeng iku salah sijiné pengamat politik Indonésia kang njabat dadi Menteri Pemuda lan Olah Raga ing Kabinet Indonesia Bersatu II.[2] Andi Mallarangeng uga njabat dadi juru bicara kepresidenan kanggo Presiden Susilo Bambang Yudhoyono.[2] Saliyané iku, Andi uga njabat kanthi mimpin redaksi situs web presiden Susilo Bambang Yudhoyono.[2]
Andi Alifian Mallarangeng éntuk gelar Doctor of Philisophy ing bidhang ilmu politik saka Northern Illinois University (NIU) Dekalb, Illinois, Amerika Serikat nalika taun 1997.[2] Ing universitas kang padha iki, Andi uga éntuk gelar Master of Science ing bidhang sosiologi.[2] Dené gelar Drs Sosiologi ditampa saka Fisipol Universitas Gajah Mada, Yogyakarta nalika taun 1986.[2]
Wiwit dadi mahasiswa Fisipol UGM, Andi nduwèni cita-cita kepengin dadi dhosén.[2] Pungkasané pangimpen iki kaleksanan, Andi dadi dhosen ing Universitas Hasanuddin nalika taun 1988-1999 lan ing Institut Ilmu Pemerintahan nalika taun 1999-2002.[2] Andi mandheg dadi dhosen amarga Andi dipilih dadi Juru Bicara Kepresidenan karo Presiden Susilo Bambang Yudhoyono.[2] Wiwit iku, mantan aktivis mahasiswa ing Himpunan Mahasiswa Islam lan Senat Mahasiswa iki mandheg saka gaweyané dadi pengamat lan komentator politik.[2] Miturut Andi, tugas dadi Juru Bicara Kepresidenan iki salah sijiné kehormatan tumprap Andi.[2]
Cathetan suku [sunting]
Artikel punika taksih tulisan rintisan (stub). Sinten kémawon ingkang kersa mbenakaken, sumangga kémawon.