Zulkifli Hasan
|
Zulkifli Hasan
|
|
|
|
|
|---|---|
| Isih Mengku jabatan | |
| Miwiti Mengku jabatan 22 Oktober 2009 |
|
| Pejabat sadurungé | Malem Sambat Kaban |
|
|
|
| Lair | 17 Mei 1962 (umur 51) |
| Kabangsan | Indonesia |
H. Zulkifli Hasan SE. MM. (lair ing Penengahan, Lampung Kidul, 17 Mei 1962; umur 51 taun).[1] Zulkifli Hasan iku salah sijiné politikus kang njabat Menteri Kehutanan Indonésia wiwit taun 22 Oktober 2009.[1] Sadurungé dadi mentri Zulkifli Hasan tau njabat dadi Sekretaris Jenderal PAN periode 2005 - 2010.[1]
Zilkifli iku alumnus saka Fakultas Ekonomi Universitas Krisnadwipayana Jakarta.[2] Jeneng Didik J Rachbini utawa Farhan Hamid nalika iku luwih diunggulaké dadi sekjen PAN kang nggantekaké Hatta Radjasa.[2] Ananging formatur pungkasane netepake Didik dadi ketua DPP.[2] Dene jabatan sekjen ditampa karo Zulkifli Hasan.[2] Yén dibandingaké karo jeneng Ketua Umum Soetrisno Bachir, jeneng Zulkifli luwih misusur.[2] Zulkifli iku dhosen tamu ing Sekolah Tinggi Manajemen PPM Jakarta. [2]Nalika taun 2000-2005, Zulkifli dipercaya dadi ketua Departemen Logistik ing DPP PAN.[2] Posisi iku ndadekaké Zulkifli dadi Wakil Ketua Fraksi Partai Amanat Nasional ing Dewan Perwakilan Rakyat RI.[2] Saliyané iku, Zulkifli iku mantan aktivis lembaga buruh tani lan nelayan PW Muhammadiyah.[2] Nalika taun 1988 nganti saiki, Zulkifli nduwèni posisi presiden direktur utawa komisaris utama ing perusahaan-perusahaan, kayata PT Batin Eka Perkasa, PT Panamas Mitra Inti Lestari, lan PT Bina Insani.[2]
Cathetan suku [sunting]
Artikel punika taksih tulisan rintisan (stub). Sinten kémawon ingkang kersa mbenakaken, sumangga kémawon.