Suharna Surapranata
|
Suharna Surapranata
|
|
![]() |
|
|
|
|
|---|---|
| Isih Mengku jabatan | |
| Miwiti Mengku jabatan 22 Oktober 2009 |
|
| Pejabat sadurungé | Kusmayanto Kadiman |
|
|
|
| Lair | 13 Desember 1955 (umur 57) |
| Kabangsan | Indonesia |
| Almamater | Universitas Indonesia Institut Teknologi Bandung |
Suharna Surapranata (lair ing Bandung, Jawa Barat, 13 Desember 1955; umur 57 taun). [1]Suharna Surapranata iku Menteri Negara Riset dan Teknologi Indonesia ing Kabinet Indonesia Bersatu II.[1]
Suharna Surapranata nampa gelar sarjana saka Departemen Fisika Universitas Indonesia.[1] Saliyané iku, Suharna Surapranata uga nampa gelar magister Teknik Fisika saka Institut Teknologi Bandung.[1] Suharna Surapranata iku salah sijiné perintis Partai Keadilan Sejahtera lan njabat dadi Ketua Majelis Pertimbangan Pusat (MPP) PKS.[1] Suharna uga melu ngrintis Masyarakat Ilmuwan dan Teknolog Indonesia (MITI).[1]Wiwit digawe taun 2004, MITI wis mbangun jaringan ing kabeh dhaerah ing Indonesia lan luar negeri kang nduwèni anggota luwih saka 300 ilmuwan doktor sadonya.[2]
Suharna Surapranata iku perintis Yayasan Pendidikan Nurul Fikri.[3]Suharna Surapranata tau kerja dadi peneliti ing Badan Tenaga Atom Nasional (Batan).[3] Saliyané iku, Suharna uga tau kerja dadi dhosen FMIPA UI, lan melu Pendidikan Kepemimpinan Nasional Lemhanas KSA X nalika taun 2002. [3]
Suharna iku dadi anggota DPR kanggo periode 2009-2014.[2] Suharna lolos ing Senayan saka Daerah Pemilihan Jabar I (Kutha Bandung lan Cimahi).[2] Suharna iku nduwé anak kang cacahé 10.[2] Suharno iku uga anggota saka kang ngrintis Partai Keadilan (PK) nalika taun 1998.[2] Partai iki banjur owah jenengé dadi Partai Keadilan Sejahtera (PKS).[2] Sadurunge ndueni karir dadi politisi, Suharna iku dadi salah sijine aktivis masjid kampus. [2]
Cathetan suku [sunting]
Artikel punika taksih tulisan rintisan (stub). Sinten kémawon ingkang kersa mbenakaken, sumangga kémawon.
