Mentri departemen
| Wikisource gadhah naskah sumber ingkang magepokan kaliyan Republik Indonesia Nomer 39 Taun 2008 Undhang-Undhang Republik Indonesia Nomer 39 Taun 2008 |
Mentri departemen iku mentri jroning kabinet pamaréntah Indonesia sing mimpin kamentrian kanthi nomenklatur "departemen".
Bab lan Paragraf |
Bidang [sunting]
Miturut Undhang-Undhang Nomer 39 Taun 2008 ngenani Kementrian Negara, mentri departemen kuwi mbidangi:
- Urusan pemerintahan sing nomenklatur kementriané sacara tegas disebutaké jroning UUD 1945 lan kudu diwangun jroning sawijining departemen mandhiri, yaiku:
- Urusan jaban rangkah (luar negeri)
- Urusan dalam negeri
- Urusan pertahanan
- Urusan pemerintahan sing ruang lingkupé disebutaké ing UUD 1945 lan ora kudu diwangun minangka departemen mandhiri, yaiku:
- Urusan agama
- Urusan hukum
- Urusan keuangan
- Urusan keamanan
- Urusan hak asasi manungsa
- Urusan pendidikan
- Urusan kebudayaan
- Urusan kesehatan
- Urusan sosial
- Urusan ketenagakerjaan
- Urusan industri
- Urusan perdagangan
- Urusan pertambangan
- Urusan energi
- Urusan pekerjaan umum
- Urusan transmigrasi
- Urusan transportasi
- Urusan informasi
- Urusan komunikasi
- Urusan pertanian
- Urusan perkebunan
- Urusan kehutanan
- Urusan peternakan
- Urusan kelautan
- Urusan perikanan
Jroning Kabinet Indonesia Bersatu, ana 20 posisi mentri departemen.
Owah-owahan [sunting]
Ana 3 departemen sing disebutaké ing UUD 1945 lan ora bisa diowahi utawa dibubaraké déning presidhèn, yaiku:
Saliyané departemen-departemen iki, departemen liyané bisa diowahi déning presidhèn. Pamisahan, panggabungan, lan pembubaran departemen liyané bisa diayahi kanthi pertimbangan Dewan Perwakilan Rakyat, kajaba kanggo pembubaran Departemen Agama, Departemen Hukum lan Hak Asasi Manungsa, lan Departemen Keuangan kudu nganggo pasetujon DPR.
Susunan organisasi [sunting]
Susunan organisasi departemen yakuwi:
- Pemimpin: Mentri
- Pembantu pemimpin: Sekretariat Jenderal
- Pelaksana tugas pokok: Direktorat Jenderal
- Pengawas: Inspektorat Jenderal
- Pendukung: Badan utawa Pusat
- Pelaksana tugas pokok ing dhaérah (kanggo Depdagri, Dephan, Depag, Depkumham, Depkeu) utawa perwakilan luar negeri (kanggo Deplu).