Kamentrian Hukum lan Hak Asasi Manungsa Republik Indonésia

Saka Wikipédia, Bauwarna Mardika abasa Jawa / Saking Wikipédia, Bauwarna Mardika abasa Jawi
Langsung menyang: pandhu arah, golèk
Lambang Departemen Hukum dan Hak Asasi Manusia RI

Kamentrian Hukum lan Hak Asasi Manungsa, dicekak Kemkumham, sadurungé aran "Departemen Kehakiman" (1945-1999), "Departemen Hukum lan Perundang-undangan" (1999-2001), lan "Departemen Kehakiman lan Hak Asasi Manungsa" (2001-2004),iku departemen ing Pamaréntah Indonesia sing mbidangi urusan hukum lan hak asasi manungsa. Kemkumham dipimpin déning Menteri Hukum lan Hak Asasi Manungsa (Menkumham) sing wiwit tanggal 9 Mei 2007 diwengku déning Mohammad Andi Mattalatta, S.H., M.H., lan wiwit 22 Oktober 2009 diwengku déning: Patrialis Akbar.

Bab lan Paragraf

[sunting] Fungsi

Kamentrian iki nduwèni fungsi:

  • Pelaksanaan urusan pamaréntahan ing bidang hukum lan hak asasi manungsa
  • Pembinaan lan koordinasi pelaksanaan tugas sarta pelayanan administrasi kamentrian
  • Pelaksanaan panelitèn lan pangembangan terapan, pendhidhikan lan pelatihan tinamtu sarta panyusunan peraturan perundang-undangan sing dadi kawenangané miturut ketentuan peraturan perundang-undangan sing lumaku kanggo ndhukung kawicaksanan ing bidang hukum dan hak asasi manungsa
  • Pelaksanaan pengawasan fungsional

[sunting] Struktur organisasi

  1. Sekretariat Jenderal
  2. Inspektorat Jenderal
  3. Direktorat Jenderal Imigrasi
  4. Direktorat Jenderal Pemasyarakatan
  5. Direktorat Jenderal Peraturan Perundang-undangan
  6. Direktorat Jenderal Hak Kekayaan Intelektual
  7. Direktorat Jenderal Perlindungan Hak Asasi Manungsa
  8. Direktorat Jenderal Administrasi Hukum Umum
  9. Badan Penelitian lan Pengembangan Hak Asasi Manungsa
  10. Badan Pembinaan Hukum Nasional

[sunting] Kantor Wilayah

Kantor Wilayah (Kanwil) Kemkumham RI minangka instansi vertikal Kemkumham RI sig dumunung ing saben provinsi, sing ana ing ngisor lan bertanggung jawab marang Mentri Hukum lan Hak Asasi Manungsa RI. Kanwil dumadi saka sawetara divisi sarta Unit Pelaksana Teknis (UPT), klebu Kantor Imigrasi, Lembaga Pemasyarakatan (Lapas), Lembaga Pemasyarakatan Terbuka, Lembaga Pemasyarakatan Narkotika, Rumah Tahanan Negara (Rutan), Cabang Rumah Tahanan Negara, Rumah Penyimpanan Benda Sitaan Negara (Rupbasan), Balai Pemasyarakatan (Bapas), Balai Harta Peninggalan (BHP), sarta Rumah Detensi Imigrasi (Rudenim).

[sunting] Deleng uga

[sunting] Pranala njaba

Piranti pribadi
Ruang jeneng

Varian
Tindakan
Pandhu Arah
kothak piranti
Basa sanès