Marty Natalegawa
|
Marty Natalegawa
|
|
|
|
|
|---|---|
| Isih Mengku jabatan | |
| Miwiti Mengku jabatan 22 Oktober 2009 |
|
| Pejabat sadurungé | Hassan Wirajuda |
|
|
|
| Lair | 22 Maret 1963 (umur 50) |
| Kabangsan | Indonesia |
| Pasangan | Sranya Bamrungphong |
| Almamater | Universitas Nasional Australia Corpus Christi College London School of Economics Ellesmere College Concord College |
| Profèsi | Diplomat |
| Agama | Islam |
Dr. Raden Mohammad Marty Muliana Natalegawa, M.Phil, B.Sc (lair ing Bandung, Jawa Kulon, 22 Maret 1963; umur 50 taun).[1] Marty Natalegawa iku Menteri Luar Negeri Indonesia wiwit 22 Oktober 2009.[1] Marty wis kenal donya ning internasional wiwit umur sangang taun. [1]Marty Natalegawa sekolah ing Singapura sawisé lulus saka SD Kris ing Jakarta nalika taun 1974.[1] Ing Singapura, Marty sekolah ing Singapore International School nalika taun 1974.[1] Ananging Marty banjur pindah ing sekolah asrama setingkat SMP Ellesmere College dan Concord College ing Inggris nalika taun 1981.[1]
Marty Natalegawa banjur nerusaké sekolah ing tingkat SMP nganti master ing Inggris.[1] Marty ngrampungaké kuliyah lan éntuk gelar BSc, Honours, ing bidhang hubungan internasional ing London School of Economics and Political Science, University of London nalika taun 1984.[1] Marty banjur entuk gelar Master of Philosophy in International Relations, Corpus Christi College, Cambridge University taun 1985.[1]
Marty namapa gelar doktor sora saka Inggris. [1]Marty éntuk gelar Doctor on Philosophy in International Relations saka Australian National University, Australia nalika taun 1993.[1]
Marty miwiti karir ing departemen luar negeri (Kementrian Luar Negeri) nalika taun 1986.[1] Marty dadi Staf Badan Litbang Departemen Luar Negeri nalika taun 1986-1990.[1] Karir Marty terus munggah wiwitan taun 2000, nalika iku Marty dipilih dadi juru bicara Departemen Luar Negeri periode 2002-2005.[1] Ing periode sawisé iku tanggal (11 November 2005–5 September 2007), Marty dilantik dadi Duta Besar Luar Biasa lan nduwéni kuwasa kanggo Indonesia ing Inggris Raya lan Republik Irlandia.[1] Nalika iku Marty nggenteni Juwono Sudarsono kang menjabat dadi Mentri Pertahanan.[1] Marty Natalegawa iku dadi Duta Besar kang paling enom.[2]
Cathetan suku [sunting]
Artikel punika taksih tulisan rintisan (stub). Sinten kémawon ingkang kersa mbenakaken, sumangga kémawon.