Mohamad Suleman Hidayat
|
Mohamad Suleman Hidayat
|
|
![]() |
|
|
|
|
|---|---|
| Isih Mengku jabatan | |
| Miwiti Mengku jabatan 22 Oktober 2009 |
|
| Pejabat sadurungé | Fahmi Idris |
|
|
|
| Lair | 2 Desember 1944 (umur 68) |
| Kabangsan | Indonesia |
| Agama | Islam |
Mohamad Suleman Hidayat (lair ing Jombang, Jawa Wetan, 2 Desember 1944; umur 68 taun).[1] Mohamad Suleman Hidayat iku Menteri Perindustrian Indonesia wiwit tanggal 22 Oktober 2009.[2] Sadurungé dadi mentri Mohamad Suleman iku njabat dadi ketuwa KADIN wiwit taun 2004.[2] Mohamad Suleman Hidayat uga tau njabat dadi ketuwa Real Estate Indonesia nalika taun (1989 nganti taun 1992) lan wakil ketuwa Federasi Real Estate Asia Pasifik (Asia Pacific Real Estate Federation/APREF).[2] Saliyané iku, Mohamad Suleman Hidayat uga tau njabat dadi anggota komisi keuangan lan perbankan DPR nalika periode 2004-2009.[2] Mohamad Suleman Hidayat nduweni anak kang jenengé Erik Hidayat.[3] Erik Hidayat dikenal dadi salah sijiné pengusaha kang isih nom ananging wis sukses.[3] Anake Mohamad Suleman iki nduwèni cita-cita dadi rockstar.[3] Ananging Mohamad Suleman Hidayat kang rumangsa dadi bapak ora ngalang-alangi kepenginan anaké.[3] Sawisé njajal dadi musikus Erik Hidayat banjur dadi bisnisman.[3]
Menteri Perindustrian Muhammad Sulaiman Hidayat nerangaké yèn pamarentah nawakaké industri lan bisnis pertanian ing pengusaha Amérika Serikat (AS) ing forum kang temané Overseas Private Investment Corporation (OPIC).[4] Saliyané industri pertanian, pengusaha AS uga seneng ing bidhang infrastruktur, minyak lan gas, energi, lan énérgi kang bisa diperbaharui.[4] OPIC uga ménéhi kasepakatan ngenani bab invéstasi gedhé kang dilakoni ing wayah kang cedhak.[4]
Presiden lan CEO OPIC Elisabeth Littlefield nerangaké yèn Indonésia nduwèni potensi kang apik sajroné ngrembakaké perusahaan AS.[4] Indonesia nduwèni sumber daya alam kang akéh, potensi tenaga kerja kang cukup, lan ngrembakané ékonomi kang apik.[4]
Cathetan suku [sunting]
Artikel punika taksih tulisan rintisan (stub). Sinten kémawon ingkang kersa mbenakaken, sumangga kémawon.
| Jabatan pulitik | ||
|---|---|---|
| Sing mengku sadurungé: Fahmi Idris |
Menteri Perindustrian 22 Oktober 2009 – saiki |
Isih njabat |
