Semar
Semar utawi Kyahi Semar Badranaya inggih menika salah satunggalipun panakawan Pandhawa ingkang asring paring pituduh lan kebak kawicaksanan.[1] Semar menika taksih sadhèrèk kaliyan Batara Manikmaya lan Antogo.[2]
Semar tansah ngabdi dhateng para ksatria ingkang nggadhahi pakarti ingkang luhur.[2] Kosok wangsulipun, Antogo tansah ngabdi dhateng ksatria ingkang pakartinipun awon.[2]
Semar, Manikmaya, lan Togog dipunripta Sang Hyang Wisesa saking tigan.[2] Wonten ing satunggalipun prastawa “adu pepatén”, Semar ngeleg gunung saéngga wujudipun dados boten karuwan.[2] Sasampunipun menika, Semar dados pangayom utawi pamongipun anak-putunipun Bathara Guru saking sedaya anceman lan serangan angkara murka.[2] Sacara premati dipunwedharaken tegesipun Semar miturut tiyang Jawi, Semar menika sumbering cahya, déwa kasuburan, misteri (samar), Sang Hyang Maya, cahya buwana.[2]
Bab lan Paragraf |
[sunting] Asal-usulipun Semar
Miturut Hazeu, Semar menika satunggalipun paraga ingkang asalipun asli saking Indonesia sanés saking India malah dados “nenek moyang” Jawa Asli.[2] Miturut Dr. F. Magnis Suseno, Semar nggadhahi pangaribawa minangka “nenek moyang” raja-raja Jawa, lan dados pamong lan danyang Pulo Jawa. [1]
Wonten maneka warni pamanggih (versi) malih babagan asal-usulipun Semar. Ananging sedaya nyebataken bilih Semar menika panjilmaan déwa.
Naskah Serat Kanda nyariyosaken, panguwaos kahyangan ingkang asma Sanghyang Nurrasa kagungan kalih putra ingkang naminipun Sanghyang Tunggal lan Sanghyang Wenang.[3] Saking Sanghyang Wenang salajengipun dipunwarisaken dhateng putranipun ingkang asma Bathara Guru.[3] Sanghyang Tunggal lajeng ngrumat para ksatria trahipun Bathara Guru, kanthi asma Semar (Sanghyang Tunggal gantos asma dados Semar).[3]
[sunting] Pagesanganipun Semar
Sanajan Semar dados “pamong” (pamomong ingkang wicaksana), dereng kathah ingkang mangertos bilih Semar menika taksih sadhèrèk kandhung Bathara Guru (rajanipun para dewa).[2]
Semar kagungan garwa ingkang asmanipun Déwi Kanistri.[2] Garwanipun dipuntilaraken amargi Semar ngabdi dhateng para ksatriya ingkang mbela kabecikan.[2] Garwanipun menika wicaksana sipatipun pramila paring idin dhumateng Semar.[2] Pagesanganipun Semar menika prasaja sanget.[2] Panjenenganipun boten mentingaken lahiriah, ananging ingkang dipunwigatosaken menika pengalaman bathin lan kawasisanipun.[2] Babagan menika ingkang ndadosaken Semar tansah kagungan pikiran saé (“positive thinking”), tansah mendhet pamundhutan kanthi partimbangan ingkang mateng.[2]
Ing pewayangan gagrag Jawa Tengah lan sawetara Jawa Wetan, Semar menika kagungan putra:
Ing Cirebon lan Kuningan, Jawa Kulon, Semar kagungan putra:
Ing sapérangan Jawa Wétan, putranipun Semar menika Besut.
Ing gagrag Banyumasan, putranipun Semar inggih menika:
- Bawor
- Garéng
- Petruk
Semar menika titisanipun Sanghyang Ismaya. Ing sarasilah Parisawuli karangan Rangga Warsita, Semar utawi Smara menika keturunan Sanghyang Ismaya. Janggan (penulis) Smara iku dhaup klawan Dewi Kanistri, putri Bathara Hira.
[sunting] Pranala Njawi
- (id) Semar ing bausastra Javanese Dictionary (bausastra.com)
[sunting] Cathetan Suku
|
|||||||||||||