Sang Hyang Wenang

Saka Wikipédia, Bauwarna Mardika abasa Jawa / Saking Wikipédia, Bauwarna Mardika abasa Jawi
Langsung menyang: pandhu arah, pados

Broom icon.svg

Artikel iki prelu dirapèkaké supaya miturut marang standhar Wikipédia
Ngrapèkaké artikel bisa arupa mérang artikel ing paragraf utawa wikifikasi artikel.
Sawisé dirapèkaké, tulung busaken pesen iki.

Sang Hyang Wenang utawa Sang Hyang Tunggal iku garwa saka Déwi Wiranti putri saka Sang Hyang Rekatatama, lan bapak saka Batara Ismaya (Semar), Batara Antaga (Togog) lan Batara Manikmaya (Bathara Guru).

Ing lakon Dewa Ruci, Sang Hyang wenang dadi Dewa Ruci lan ketemu Bratasena ing Segara Kidul. Wujude ing wayang kulit iku ukurane cilik, saukuran karo wayng kulit sing wadon. Sang Hyang Wenag ing cerita wayang kulit arang-arang dimainake, amarga lakon-lakon sing mbutuhake dheweke uga sithik. Kahyangane Sang Hyang Wenang ing Ondar – andir Bawana utawa Alang Alang Kumitir

Silsilahe Sang Hyang Wenang[sunting | sunting sumber]

Silsilahe Sang Hyang Wenang manut crita pedhalangan: Kangjeng Nabi Adam nggarwa Siti Hawa, peputra Kangjeng Nabi Sis. Kangjeng Nabi Sis nggarwa Dewi Mulat (widadari saka swarga), peputra loro, yaiku:

  1. Sayid Anwas, banjur nurunake para nabi sapiturute, sinebut sejarah panengen.
  2. Sayid Anwar, sawise jinurung sasedyane, bisa dadi manungsa digdaya, bebisik Sang Hyang Nurcahya, kang nurunake para dewa.

Sang Hyang Nurcahya nggarwa Dewi Rini, putrane Prabu Nuradi, ratuning jim ing pulo Maldewa, peputra siji, bebisik Sang Hyang Nurrasa. Sang Hyang Nurrasa nggarwa Dewi Sarwati, putrane Prabu Warangin, ratuning jim ing pulo Darma, peputra telu, yaiku: 1). Sang Hyang Darmajaka (Sang Hyang Purba), 2). Sang Hyang Wenang (Sang Hyang Wisesa). 3). Sang Hyang Taya (Sang Hyang Wasesa). Dewa telu iku kang mencarake para dewa, para nata, para satriya sepepadhane, kang sabanjure kanggo carita lakon ringgit purwa.

Sawijining dina, Sang Hyang Wenang menggalih surasane Pustakadarya, njalari kepencut marang lelakone ingkang eyang Sang Hyang Nurcahya, satemah banjur sengsem ulah tapa brata. Awit saka iku, Sang Hyang Wenang banjur nganglang jagad, saenggon –enggon tarak brata matiraga, ora beda karo ingkang eyang Sang Hyang Nurcahya. Wasanane Sang Hyang Wenang akaghyangan ing puncake Gunung Tunggal ing Pulo Dewa, nyipta kahyangan kang luwih dening endah, sinebut Ondar –andir Bawana. Bareng olehe akahyangan ana ing puncake Gunung Tunggal wis 300 taun lawase, para ratuning jim sakawulane akeh kang padha ngidhep marang Sang Hyang Wenang. Sawijining dina, Sang Hyang Wenang dilurugi Prabu Ari ratu ing Keling, sabaline. Nganti sawatara suwene Prabu Ari ngadu guna kasantikan lumawan Sang Hyang Wenang. Nanging wasanane Prabu Ari kasoran, banjur nungkul sarta ngidhep marang Sang Hyang Wenang. Putrane putri Prabu Ari kang sesilih Dewi Saoti kagarwa Sang Hyang Wenang, peputra telu, yaiku:

  1. Sang Hyang Tunggal.
  2. Sang Hyang Ening.
  3. Dewi Yati (Suyati).
Sumber artikel punika saking kaca situs web: "http://jv.wikipedia.org/w/index.php?title=Sang_Hyang_Wenang&oldid=864834"