Urang
Urang Kalamangsa: Lower Jurassic–Recent | |
---|---|
Urang | |
Klasifikasi ngèlmiah | |
Karajan: | Animalia |
Filum: | Arthropoda |
Subfilum: | Crustacea |
Klas: | Malacostraca |
Ordho: | Decapoda |
Subordho: | Pleocyemata |
Infraordho: | Caridea Dana, 1852 |
Superfamilies | |
Urang ya iku kéwan kang urip ana ing banyunan, ora duwé balung, kulité atos, duwé sikil sepuluh, buntut cendhèk lan japit loro ing sikil ngarep.[1] Urang bisa uga tinemu ana ing saubengé kobakan banyu ing genengan kaya ta banyu tawar, banyu payau lan banyu asin ing sakjroné kang béda-béda [1]. Urang bisa uga dimumpangataké kanggo panganan laut seafood. Ing basa Banjar mau hundang[2]
Taksonomi
[besut | besut sumber]Kulawarga crustaceae sok diarani uga urang ana ing saubengé masarakat ing tlatah Jawa[2].Tuladha mantis shrimp lan mysid shrimp, lára-làrané asalé saka kelas Malacostraca Urang kang tulen saka kulawarga suku kang bedha, yaiku Stomatopoda lan Mysidaceae.[2] Triops longicaudatus lan Triops cancriformis uga dadi salah sijiné kéwan kang misuwur ing banyu tawar lan sok diarani urang, lan asalé saka Notostraca.[2]
Cara Urip
[besut | besut sumber]Urang dadi diwasa lan ngendhog ana ing kali, kolam lan sagara (ing habitaté). Wadon bisa ngendhog paling akèh 50.000 nganti 1 juta, kang nètès sajeroning 24 jam lan dadi larva (nauplius). Nauplius banjur ngalami métamorfosis kalebu fasé kala yaiku zoea (jamak zoeae). Zoea (anak urang) mangan ganggang. Sawisé papat dina banjur ngalami metamorfosis pungkasan lan ngalami babagan pascalarva yaiku urang enom kang duwé tandha-tandha dadi urang diwasa. Ing sajeroning ngalami mértamorfosis ing 4 babagan lan suweni 12 dina saka nétésé endhog, urang kang biyasa di pangan banjur dipanen lan didol kang sok diarani ing tlatah jawa benur. Urang diwasa kagolong kulawarga kéwan bentik kang utama tinggal ana ing sagara.
Jinising Panganan
[besut | besut sumber]Ing Indonésia aneka warna resep basakan kang bahas babagan masakan urang ing kabudayan liyané tuladha:
Urang duwé kandhutan kaya panganan sagara liyané, urang uga ngandut kalsium lan protéin, ènergi. Pakanan kang bahan mligi urang akèh ngandut kolesterol.
Jinising
[besut | besut sumber]- Urang Jerbung (Penaeus merguiensis)
Urang jerbung mau uga urang putih utawa sok diarani ing basa latiné White Shrimp Ciri-ciriné kaya ta: kulité tipis lan lunyu, warna putih campur kuning lan trotol-trotol ijo sarta ana warna kuning semu abang. Urang iki duwé babagan liyané, kaya ta:
- Urang Peci, warna kulité luwih peteng lan trotol ireng sok diarani ing pasar White Shrimp.
- Urang Pring, warna kulité kuning semburat abang, kaya pring lan wisuwur karan jeneng Bamboo Shrimp.
- Urang Gedhang, warna kulité kuning kaya kulit gedhang misuwur karan jeneng Banana Shrimp.
- Urang Flower (Penaeus sp)
Urang iki duwé warna ijo semburat ireng lan dhuweni garis malang wena soklat. Werna kulit sikil rada abang.Wernané kaya kembang, ing pasar karan Flower Shrimp.
- Urang Windu / Pacet / Tiger (Penaeus monodon)
- Urang Cokong / Tokal / Galah / Fresh Water (Macrobrachium sp)
- Urang Dogol (Metapenaeus monoceros)
- Urang Kucing Cat Prawn
- Urang Sédeng
- Urang Sikat / Kipas (Panulirus sp)
- Urang Karang / Barongan (Panulirus sp)
Wikimedia Commons duwé médhia ngenani Shrimp. |
Cathetan suku
[besut | besut sumber]- ↑ a b http://bisnisukm.com/jinis-jinis-udang-potensial-budidaya.html.diunduh[pranala mati permanèn] ing tanggal 11/04/2011.
- ↑ a b c d http://www.worldwildlife.org/what/globalmarkets/aquaculture/WWFBinaryitem14886.pdf.diunduh ing tanggal 11/04/2011.