Upacara tingkeban

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa
Loncat ke navigasi Loncat ke pencarian
Siraman wektu upacara mitoni

Upacara Tingkeban ugi dipunwastani mitoni. Mitoni saking tembung pitu ingkang ateges angka pitu (7). Upacara tingkeban dipuntindakaken manawi kandhutanipun priyantun èstri, yuswanipun sampun pitung sasi saha nembé ngandhut sapisan. Upacara tingkeban punika salah satunggaling tradisi masarakat Jawa. Ancasipun kanggé nepangaken bilih pendhidhikan punika dipuntindakaken wiwit wontenipun jalmi ing kandhutan dumugi diwasa. Sadangunipun ngandhut kathah sanget perkawis ingkang asipat saé ingkang kedah dipunlampahaken déning biyungipun saha kedah nebihaken saking perkawis ingkang boten saé. Punika mengku teges supados putra ingkang badhé dipunlairaken dados putra ingkang saé.[1]
Wonten ing upacara kasebat, biyung ingkang nembé ngandhut pitung sasi dipunsiram nganggé toya sekar setaman ingkang dipunparingi dedonga ingkang mligi kanggé biyung saha jabang bayinipun. Donga kasebat gadhah ancas nyuwun dhumateng Gusti supados tansah paring rohmatipun saéngga bayi ingkang badhé dipunlairaken slamet tanpa wonten alangan satunggal punapa.[2]

Tata cara upacara siraman tingkeban[besut | besut sumber]

  1. Siraman dipunlaksanaken déning para sesepuh (priyantun ingkang dipunsepuhaken) ingkang cacahipun pitu, kalebet rama kaliyan ibu saking ibu ingkang nembé ngandhut. Saénipun ingkang nyirami inggih punika tiyang sepuh ingkang sampun gadhah wayah.
  2. Sasampunipun upacara siraman, dipunlajengaken upacara nglebetaken tigan ayam kampung wonten ing kain (sarung) calon sang ibu déning sang garwa saking padharanipun ngantos pecah. Punika minangka simbol saha nyuwun supados bayi ingkang badhé dipunlairaken saged lair kanthi gampil tanpa alangan satunggal punapa. Padatanipun, bilih priyantun èstri ingkang nembé ngandhut sapisanan nglairaken kathah godhanipun. Awit saking punika, prelu ndedonga kaslametan, mliginipun ing wekdal pitung sasi.
  3. Salajengipun inggih punika gantos busana kaping pitu dipunrangkepi kain pethak. Kain pethak kala wau dados dhasaring busana ingkang kaping pisan minangka pralambang bilih bayi ingkang badhé dipunlairaken inggih suci saha badhé pikantuk rahamat saking Allah.
  4. Sasampunipun ingkang calon ibu ngagem kain pethak kaping pitu gantos-gantosan, lajeng dipunadani adicara medhot lawè ingkang dipunubengaken ing padharanipun calon ibu. Dènè ingkang medhot benang lawè punika inggih calon bapanipun kanthi ancas supados bayi ing kandhutan samangkè saged lair kanthi gampil.
  5. Manawi lawè sampun dipunpedhot, mila calon simbah putri saking pihak calon ibu, nggèndhong klapa gadhing dipunkancani déning ibu bèsan. Nanging sadéréngipun, klapa gadhing kala wau dipunlebataken wonten ing kain ingkang dipunagem calon ibu saking nginggil liwat padharan dumugi ngandhap, lajeng dipuntampani déning calon simbah putrinipun. Ancas saking upacara punika inggih supados samangkè bayi ingkang dipunkandhut saged lair kanthi gampil tanpa rubèda satunggal punapa.
  6. Rerangkéning adicara ingkang salajengipun inggih calon bapa mecah klapa gadhing kasebat kanthi sadéréngipun milih satunggal saking kalih klapa ingkang sampun dipugambari Kamajaya saha Dewi Ratih utawi Arjuna kaliyan Wara Sumbadra utawi Srikandhi. Klapa kalih kala wau dipunwalik supados ingkang bapa boten saged ningali gambaripun kala wau. Manawi klapa ingkang dipungepuk kaliyan ingkang bapa ingkang gambaripun Kamajaya mila bayinipun badhé lair kakung, saha kosok walikipun bilih ingkang dipungepuk gambar Dewi Ratih, mila bayinipun éstri. (Punika namung ingkang dipunkaremaken kemawon, déréng mesti dados kasunyatan). Nanging, bilih kita nyuwun kanthi saéstu dhumateng Gusti Ingkang Maha Kuwaos, mila punapa ingkang dipungayuhaken saged kabul.
  7. Sabibaripun upacara siraman punika kalajengaken upacara milih sekul jènè ingkang mapan wonten ing takiripun ingkang garwa. Lajeng dipunlajengaken upacara dodol dhawet saha rujak. Anggénipun bayar dodolan nganggè logam ingkang kadamel saking remukan gendhéng (kréwéng) ingkang dipunbentuk bunder, wujud yatra logam punika. Asilipun dodolan dipunkempalaken lajeng dipunlebetaken kwali ingkang dipundamel saking lempung. Kwali ingkang sampun dipunisi kaliyan kréwéng kala wau lajeng dipungepuk wonten ing ngajeng lawang. Upacara punika minangka simbol supados bayi ingkang dipunlairaken samangkè pikantuk kathah rejeki, saged kanggé nyekapi gesangipun kulawarganipun saéngga saged ngamal ingkang kathah.

Ubarampè Upacara Tingkeban[besut | besut sumber]

Ubarampè ingkang dipun-ginakaken ing upacara tingkeban inggih awujud manèka warna dhedharan. Dènè ancasipun wonten dhedharan punika minangka tandha sukur dhumateng Gusti Ingkang Maha Kuawaos awit sedaya sih nugrahanipun.

  1. Tumpeng Kuat. Tumpeng kuwat minangka simbol supados bayi ingkang badhé dipunlairaken samangkè séhat saha kuwat. Bahan ingkang dipun-ginakaken inggih punika wos. Tumpeng ugi dipunhias ngginakaken tigan ayam godhog 35 iji, tahu, tèmpè, iwak asin goreng, lombok mentah ingkang dipundamel rerenggan saha tèrong mentah ingkang dipunoncéki nanging kulitipun tetep taksih nèmplèk, saha dipunsukani urab-uraban.
  2. Jajan Pasar. Jajan pasar punika boten kedah dipundamel piyambak nanging tumbas kèmawon wonten ing pasar. Jajan pasar ingkang dipuntumbas antawisipun kuè apem, kuè cucur, kuè bolu, kuè lapis, saha woh-wohan kados ta, nangka, jeruk, bengkowang, timun, pisang, kacang godhog, lan sapanunggalanipun. Sedaya jajan pasar kala wau dipuntata kanthi rapi nembè dipunsajikaken.
  3. Keleman. Keleman inggih punika kados ubi-ubi nan. Keleman ingkang dipunbetahaken dados ubarampè upacara tingkeban wujud pitung jinis, kados ta: ubi jalar, tèla, gembili, kenthang, wortel, ganyong, saha erut. Manèka warna keleman dipunsajikaken wonten ing satunggal wadhah kados ta nyiru.
  4. Rujakan. Rujakan punika kadamel saking manèka warna woh-wohan kados ta: jeruk, timun, blimbing, pisang watu, lan sapanunggalanipun. Sedaya bahan rujak dipuncampur dados satunggal saha dipunsajikaken kanthi saé ngantos raosipun rujak èco. Ancasipun inggih supados bayi ingkang badhé dipunlairaken samangkè saged ngremenaken kulawarganipun.
  5. Dawet. Kangge nggampilaken anggènipun damel, dawetipun saged dipuntumbas wonten ing pasar saha ing griya namung kantun mangsak dawetipun kanthi dipuncampur santen supados raosipun èco. Manawi kepéngin seger saged dipuntambahi ugi és batu.
  6. Sajén Medikingan. Sajén punika dipundamel kanggé lairanipun putra ing sangandhaping putra bajeng piyambak. Dènè ubarampènipun inggih kados makaten.
  • sekul jenè ingkang bentukipun kerucut.
  • sekul loyang, inggih punika sekul jenè ingkang dipunkum wonten ing toya, lajeng dipundang malih saha dipunsukani klapa parut.
  • entén-entén, inggih punika campuran klapa parut kaliyan gendhis klapa ingkang dipunmangsak ngantos garing.
  • bubur procot, dipundamel saking glepung wos, santen sacekapipun, gendhis klapa, ingkang dipunmangsak kanthi wetah, lajeng dipunlebetaken periuk ingkang salajengipun dipunmangsak sesarengan.


Wonten ing upacara tingkeban kedah wonten ugi pitung jinis bubur, kalebet bubur procot punika.

Wekdal Upacara Tingkeban[besut | besut sumber]

Upacara tingkeban limrahipun dipunadani ing dinten ingkang pinilih, inggih dinten rebo utawi setu ing tanggal 14 saha 15 miterat tanggal sasi Jawa. Priyantun Jawi pitados bilih manawi upacara tingkeban dipunadani ing tanggal punika, bayi ingkang badhé dipunlairaken gadhah cahya ingkang sumunar saéngga saged dados larè ingkang pinter. Wekdal kanggé ngadani upacara tingkeban ingkang saé ing wanci 09.00-11.00. Calon ibu kedah siram saha kramas ingkang resik rumiyin. Punika minangka simbol wontenipun kekareman ingkang suci saha resik saking pribadinipun calon ibu. Upacara tingkeban saged dipunwiwiti ing pukul 15.00-16.00, amargi priyantun Jawa pitados bilih ing wekdal punika bidadari saweg mandhap ing bumi kanggé siram.

Pirantos Upacara Tingkeban[besut | besut sumber]

Sapèranganing pirantos ingkang kedah dipunsamektakaken kanggé upacara tingkeban ing antawisipun 1 mèja ingkang dipuntutup kain pethak ingkang resik. Sanginggilipun dipuntutup malih kaliyan bangun tulak, kain sindur, kain lurik, yuyu sekandhang, mayang sekar utawi lentrek, ron dhadhap serep, ron kluwih, saha ron alang-alang. Sedaya bahan kala wau kanggé lambaran manawi saweg nyirami.[3]

Pirantos sanèsipun ingkang dipunbetahaken inggih punika:

  1. Bokor. Bokor dipunisi toya sekar setaman kanggé upacara siraman.
  2. Bathok. Dipunginakaken kanggé cidhuk ing upacara siraman.
  3. Boreh, dipun-ginakaken kanggé gantosipun sabun ing upacara siraman.
  4. Kendhi, dipun-ginakaken kanggé nyirami ingkang kaping pungkasan.
  5. Lap andhuk.
  6. Kalih setengah méter kain pethak.
  7. Tigan ayam kampung satunggal dipunwungkus plastik, cengkir klapa gadhing.

Busana Upacara Tingkeban[besut | besut sumber]

Busana ingkang dipunagem calon ibu inggih punika, kalih méter lawè, rasukan dalam, kebaya 7 potong, kain batik 7 lembar salah satunggalipun motif truntum, saha stagéén. Dènè busana ingkang dipunagem calon bapa inggih punika kain batik motif truntum, beskap, saha udeng (blangkon). Kanggè calon ibu boten pareng nganggè perhiasan.

Sesajén Tingkeban[besut | besut sumber]

  1. Tumpeng robyong mawi kuluban, tigan ayam godhog, iwak asin dipungoréng.
  2. Ayam bekakah 1 pasang (ayam ingkung)
  3. Bubur pethak 1 piring
  4. Bubur sengkala 1 piring
  5. Bubur abrit 1 piring
  6. Pényon utawi plérét 1 piring
  7. Ketupat lepet (namung kanggé sarat kemawon)
  8. Manèka warna woh-wohan
  9. Jajan pasar saha pala kependhem
  10. Arang-arang kembang 1 gelas
  11. Dhawet ayu

Rujukan[besut | besut sumber]

  1. Bratawidjaja, Thomas Wiyasa."Upacara Tradisional Masarakat Jawa".Pustaka Sinar Harapan.Jakarta:2000.
  2. Jandra, Mifedwil, dkk."Perangkat/Piranti-piranti dan Pakaian sarta Makna Simbolis Upacara Keagamaan di Lingkungan Karaton Yogyakarta ". Departemen Pendidikan dan Kebudayaan.Yogyakarta:1991
  3. Upacara Tingkeban 1(diaksès tanggal 6 Juni 2012)