Tingkeban

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa
Loncat ke navigasi Loncat ke pencarian

Tingkeban ya iku tradhisi sing dilakoni kanggo ibu sing ngandhut umur pitung wulan. Tingkeban uga bisa disebut mitoni ing tlatah Jawa.Tradhisi tingkeban iki ngrembaka kanthi turun-temurun. Tradhisi iki uwis ana wiwit jaman biyèn.

Sajarah[besut | besut sumber]

Nalika jaman Karajan Kedhiri sing dipérintah déning Raja Jayabaya, ana wanita sing jenengé Nikèn Satingkeb. Nikèn Satingkeb nduwé bojo punggawa karajan sing jenengé Sadiyo. Saka pawiwahan kuwi Nikèn Satingkeb lan Sadiyo, nduwé anak sing cacahé sanga. Ananging nasib èlèk nekani kulawargané Nikèn Satingkeb lan Sadiyo. Amarga saka anak cacah sanga mau ora ana sing bisa dirumat utawa ora dawa umuré.

Nikèn Satingkeb lan Sadiyo ora nglokro merga nasib kuwi mau. Dhèwèké saben dina ndonga lan usaha supaya diwènèhi anak menèh. Kabèh pituduh saka sapa waé mesti dilakoni. Ananging tetep waé ora ana tandha-tandha menawa Nikèn Satingkeb mau ngandhut menèh. Mula, Sadiyo lan Nikèn Satingkeb ngadhep Raja njaluk pituduh supaya dhèwèné diwènèhi anak menèh lan apa sing kudu dilakoni dhèwèké supaya anak-anaké ora kaya sing biyèn. Raja sing wicaksana mau banjur mènèhi pituduh marang Sadiyo lan Nikèn Satingkeb. Raja mau mènèhi pituduh supaya Nyai Satingkeb – saben dina Tumbak (Rabu) lan Budha (Sabtu) – kudu nglakoni adus kanthi banyu suci sing nggunakaké siwur bathok kanthi maca donga yaiku “Hong Hang Hanging Amarta, Martini Sarwa Huma, humaningsun ia wasesaningsun, ingsun pudyo sampurno dadyo manungso.”

Sarampungé adus mau banjur nganggo rasukan sing warnané putih. Banjur ditibakaké loro klapa gadhing saka weteng lan pangkalan. Klapa gadhing mau digambari Sang Hyang Wisnu lan Dèwi Sri utawa Arjuna lan Sumbadra. Kuwi mau nduwé ancas supaya anaké lair nduwéni paras ayu lan bagus. Sawisé kuwi banjur ibu sing ngandut mau kudu nggubetké godhong tebu wulung ing wetengé sing banjur dikethok nganggo keris. Kabèh pituduh saka Raja mau dilakoni dening Nikèn Satingkeb lan Sadiyo. Kanthi upacara mau apa kang dijaluk bakal dikabulké. Saka kadadéhan mau upacara tingkeban diwariské kanthi turun-temurun kang dilakoni déning ibu sing ngandut wis pitung sasi. Upacara mau ngrembaka ing tlatah Jawa.[1]

Ubarampé[besut | besut sumber]

Ubarampé sing digunakaé nalika upacara tingkeban yaiku:

  1. Klapa nom/klapa gadhing
  2. Klapa
  3. Kembang pitung warna
  4. Lampu
  5. Tajin rachok
  6. Sega rasol
  7. Pitik, lan
  8. Endog.

Rujukan[besut | besut sumber]

  1. Adriana, Iswah (Tahun 2011). [ejournal.stainpamekasan.ac.id/index.php/karsa/article/viewFile/69/65 "Neloni, Mitoni atau Tingkepan"] Priksa gandra |url= (pitulung). Karsa 19: 242–244.  Priksa gandra date ing: |date= (pitulung)