Sitologi

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa
Jump to navigation Jump to search

Biologi sel (uga karan sitologi, saka basa Yunani kytos, "wadhah") iku èlmu kang nyinaoni sèl. Bab kang disinaoni sajeroning biologi sèl nyakup sipat-sipat fisiologis sèl kaya ta struktur lan organel kang ana ing njeron sèl, lingkungan lan antaraksi sel, dhaur urip sèl, panyigaran sèl lan fungsi sel (fisiologi), nganti patining sel. Bab-bab mau disinaoni ing skala mikroskopik uga ing skala molekular, lan sel biologi nliti organisme mawa sèl tunggal kaya ta baktèri uga sèl-sèl kaspesialisasi ing organisme multisel kaya ta manungsa.

Kawruh ngenani komposisi lan cara tandang gawéné sèl arupa babagan paling dhasar kanggo kabèh babagan èlmu biologi. Kawruh ngenani pepadhan lan prabédan ing antarané manéka jinis sel iku babagan wigati mligi kanggo babagan biologi sèl lan biologi molekular. Pepadhan lan prabédan paling dhasar mau nuwuhaké téma pamanunggal, kang mungelaké prinsip-prinsip kang disinaoni saka sawijining sèl diekstrapolasikaké lan digeneralisasikaké ing jinis sèl liya. Panalitèn biologi sèl gegandhèngan raket karo génétika, biokimia, biologi molekular, lan biologi perkembangan.

Prosès-prosès sajeroning biologi sèl[besut | besut sumber]

Perobahan protéin[besut | besut sumber]

Protein disintesis déning ribosom ing sitoplasma. Prosès mau juga dikenal minangka translasi protéin utawa biosintesis protéin. Sawetara jinis protéin, upamané protéin kang bakal digabungaké menyang membran sèl (protéin membran), ditranspor menyang retikulum endoplasma (RE) sajeroning prosès sintesisé lan sabanjuré diprosès ing badan Golgi. Saka badan Golgi, protéin membran bisa ngalih menyang membran plasma (membran sèl), menyang kompartemen subselular liyané, utawa bisa uga disekresiaké metu saka sèl. Retikulum endoplasma bisa dianggep "kompartemen papan sintesis protéin membran", déné badan Golgi bisa dianggep "kompartemen papan pamrosesan protéin membran". Ana aliran protéin semi-konstan liwat kompartemen-kompartemen mau. Protein-protéin kang ana ing RE lan badan Golgi berasosiasi karo protéin-protéin liya nanging tetep ana ing kompartemené dhéwé-dhéwé. Protein-protéin liya "mili" liwat RE lan badan Golgi menyang membran plasma. Saka membran plasma, protéin wusanané diurai manèh ing sajeroning kompartemen intraselular lisosom dadi asam amino-asam amino panyusuné.

Teknik kang digunakna kanggo nyinaoni sèl[besut | besut sumber]

Isolasi sèl[besut | besut sumber]

Sing dimaksud isolasi sèl ya iku prosès panjupukan sawijining partikel sèl saka papan asalé kanggo diteliti luwih jero. Sèl bisa diisolasi saka suspensi jaringan.

Isolasi sèl bisa dilakoni nganggo 2 cara, ya iku:

1. Fluorescence-Activated Cell Sorter

Prinsip metode iki ya iku migunakaké antibodi kang berikatan karo dat fluoresen kanggo nglabel sèl spesifik. Suspensi sèl diliwataké ing sinar laser lan diwaca déning detektor. Suspensi kang ngandhut sèl diwènèhi sinyal positif utawa négatif gumantung marang selé, ngandhut dat fluoresen utawa ora. Suspensi banjur ngliwati aliran listrik lan dipisah menyang papan miturut muatané.

2. Laser Capture Microdissection

Prinsip metode iki migunakaké laser kanggo motong pérangan tinamtu lan mindahaké menyang papan liya, contoné misahaké sèl tumor saka jaringané.

Pambiakan sèl[besut | besut sumber]

Sawisé diisolasi, sèl dituwuhaké (diperbanyak) nganggo cara in vitro (migunakaké médhia) utawa in vivo (nglibataké sèl urip).

Ana 2 macam biakan utawa kultur, ya iku biakan primer lan biakan sekunder. Biakan primer ya iku biakan kang dijupuk langsung saka jaringan organisme tanpa proliferasi sèl kanthi in vitro. Sauntara iku, biakan sekunder ya iku biakan kang dikembangbiakaké saka biakan primer, racaké di-refresh sajeroning jangka wektu tinamtu.

Hibridisasi sèl[besut | besut sumber]

Sèl hibrid ya iku gabungan loro sèl béda kang dadi siji inti sèl. Tujuan digawé sèl hibrid ya iku kanggo mbentuk antibodi monoklonal.

Fraksinasi sèl[besut | besut sumber]

Fraksinasi sèl ya iku pamisahan sèl dadi organel lan molekul, biyasa dilakoni karnthi sentrifugasi. Sentifugasi minangka tahap pisanan sajeroning fraksinasi, misahaké organel dhedhasar ukuran lan densitasé. Prinsip sentrifugasi ya iku kanggo ngolèhaké organel kang gedhé, diperlokaké kacepetan sentrifugasi kang alon, lan suwaliké.

Uga delengen[besut | besut sumber]

Pranala njaba[besut | besut sumber]