Seni rupa Islam

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna bébas abasa Jawa
Detail dhekorasi arab ing Alhambra, Spanyol.

Seni rupa Islam inggih punika seni rupa utawi seni visual ingkang dipunasilaken wiwit abad kaping 7 déning tiyang-tiyang ingkang manggén ing wewengkon ingkang dipundunungi déning (utawi) dipunparéntah pamaréntahan Islam. Awit saking punika kanggé nemtokaken seni punika kalebet babagan ingkang angèl amargi nglingkupi kathah wewengkon lan manéka warni bangsa sadangunipun 1400 taun, bab punika sanès mligi agama, utawi wekdal, utawi papan panggénan, utawi médhiya tunggal kados lukisan. Babagan seni rupa Islam punika kados seni arsitèktur, kaligrafi, kaca, kramik, lan tekstil.

Seni rupa Islam motif Arabesque ing Bèntèng Agra Kasultanan Mughal India.

Seni rupa Islam boten namung wewatesan kaliyan seni réligius kemawon, ananging ugi mlebet sadaya seni rupa ingkang kathah lan manéka warni ing masarakat Islam. Seni ingkang ngandhut agami sajatosipun kirang katingal ing seni Islam manawi dipunbandhingaken kaliyan seni abad parotengah ing wewengkon Éropah, kajawi jinis arsitèktur Islam ingkang wonten ing masjid-masjid. Lukisan figuratif saged arupi karya ingkang nggambaraken cariyos agami, ananging limrahipun karya lukisan punika adhedhasar modhél sekulel kados ingkang wonten ing témbok-témbok pura. Kaligrafi lan dhékorasi naskah al-Quran kalebet aspek ingkang wigati, ananging ugi seni keagamaan sanèsipun kados lampu masjid, kaca, lan piranti masjid kados ubin, kajeng, lan karpet ingkang limrahipun ngandhut gaya ingkang sami lan motif seni sekulèr kontémporèr, sanajan kanthi seratan-seratan agami. "Seni rupa Islam ingkang dipunkembangaken saking manéka sumber, kados ta: Cariyos roman, seni Kristen, lan gaya Bizantium dipunpendhet ing seni Islam lan arsitèktur; prabawa seni Sassania saking Pèrsi pra-Islam dados bab ingkang wigati; gaya Asia Tengah ugi paring prabawa dhateng seni rupa Islam; lan prabawa saking Cina ugi gadhah efek formatif dhateng karya lukisan Islam, tembikar, lan tekstil. Sanajan sadaya konsep "Seni rupa Islam" sampun dipunkritik déning sawatawis kathah sajarawan seni modhèren, nyebat kanthi nami "perangan saking imajinasi" utawi "fatamorgana", saminipun seni ingkang dipunasilaken ing wekdal lan panggènan ingkang bénten ing donya Islam sampun cekap kanggé njagi istilah seni rupa Islam déning para sarjana.

Jinis élemèn utawi motif ing seni rupa Islam awujud pangulangan élemèn motif, kados dhésain kembang utawi tetuwuhan geometris kanthi pangulangan ingkang dipunmangertosi kanthi tetembungan "arabesque". Motif arabesque ing seni rupa Islam asring dipun-ginakaken kanggé nggambaraken sipat transenden, boten kapisah lan wewatesan kaliyan Allah. Kalepatan ing salebetipun pangulangan motif kadosipun sengaja dipuntepangaken minangka nedahaken sipat andhap asor déning seniman ingkang pitados dhateng Gusti ingkang saged ngasilaken kasampurnan, sanajan téyori punika taksih pro lan kontra.

Babagan ingkang limrah, sanajan boten sadaya, seni rupa Islam sampun dipunfokusaken ing panggambaran pola lan kaligrafi Arab, sanès wujud manungsa, amargi dipunkhawatiraken déning mayoritas tiyang muslim bilih manawi nggambaraken wujud manungsa punika dados satunggaling wujud panyembahan dhateng reca lan bab punika saged ndadosaken dosa dhateng Allah, lan dipunlarang Kuran. Panggambaran wujud utawi motif manungsa saged kapanggih ing sadaya jaman seni rupa Islam, ing wujud motif miniatur ingkang jarang. Representasi wujud manungsa kanggé tujuan ngibadah dipunanggep panyembahan dhateng reca lan sampun limrah dipuntebihi ing ukum Islam utawi ukum Syariah. Wonten kathah panggambaran Muhammad, tetungguling nabi Islam, wonten ing sajarah seni rupa Islam.

Motif figur dhékoratif alit sato kéwan lan manungsa, mliginipun gegambaran wekdal manungsa taksih mburu kéwan, saged kapanggih ing periodhe wekdal tartamtu, ananging motif modhél punika kirang ngrembaka.

Kaligrafi[besut | besut sumber]

Pérangan saking panèl keramik abad kaping-15 saking Samarkand kanthi latar wingking arabesque.

Dhesain kaligrafi seni rupa Islam kados ingkang wonten ing Éropah wekdal abad parotengah saged kapanggih ing arta logam, ubin, lan kramik. Seni rupa Islam kaligrafi ingkang awujud prasasti kalebet ayat-ayat gurit, lan parekaman prasasti. Kalih jinis skrip ingkang kathah inggih punika jinis kaligrafi Kufi lan Naskh, kekalihipun mujudaken gambar visual lan limrahipun wonten ing tembok lan kubah wangunan masjid, lan sisih mimbar ingkang saged dados pamanis kanggé narik kawigatén. Wekdal abad 9 ngantos abad kaping 11 ing Pèrsi Wétan dipundamel tembikar ingkang dipunparingi seratan-seratan kaligrafi.[1] Prasasti ageng ingkang dipundamel saking ubin, kadhang namung wujud huruf ingkang timbul, utawi kanthi latar wuri ingkang dipunpotong, saged kapanggih ing interior lan eksterior ing kathah wangunan mirunggan (wigati). Kompleks wangunan ugi dipunparingi pamanis arupi kaligrafi. Wekdal periodhe pamaréntahan Islam sampun dipundamel koin récéh arupi huruf kemawon, lan wujudipun éndah sanajan ukuranipun alit. Tughra utawi monogram saking Kakaisaran Ottoman dipun-ginakaken kanthi wiyar kanggé damel dhokumén resmi, kanthi dhékorasi ingkang rumit sanget lan dipundamel kanggé tiyang tartamtu utawi tiyang wigati kemawon. Setunggal lembar sanésipun awujud kaligrafi, dipunripta kanggé album, ingkang isinipun geguritan utawi karya gurit, ayat al Quran, lan tèks-tèks sanèsipun. Basa utami ingkang dipun-ginakaken ing karya kaligrafi awujud basa Arab lan seratan Arab, ingkang tansah dipun-ginakaken kanggé nyerat tèks Al-Qur'an. Sanèsipun basa Arab, dipunanggé basa sanès kados basa Pèrsi ing wewengkon Pèrsi, mliginipun kanggé nyerat karya gurit/geguritan, lan basa Turki utawi basa Urdu ugi dipunanggé ing karya kaligrafi Islam. Karya seni rupa Islam awujud kaligrafi limrahipun dipunanggep gadhah status langkung inggil tinimbang jinis karya seni rupa sanésipun.

Lukisan[besut | besut sumber]

Seni rupa Islam ingkang awujud lukisan saged dipunpirsani awujud seni tradisi lukisan dinding, mliginipun ing wewengkon Pèrsi, seni rupa Islam ingkang awujud seni lukis dipunimplementasikaken ing wujud karya miniatur manuskrip, lukisan ing salembaring kertas ingkang salajengipun dipunlebetaken dhateng muraqqa utawi album. Tradisi miniatur Pèrsi naté tuwuh ngrembaka watawis abad kaping 13, miniatur Pèrsi ugi paring prabawa dhateng miniatur Turki Ottoman lan miniatur India Mughal.

Cathetan suku[besut | besut sumber]

  1. ^ Arts, p. 223. see nos. 278–290

Pranala njawi[besut | besut sumber]