Omah-omah ing agama Islam
Bagéyan saka sèri Islam
| |
Fiqih | |
Ahkam | |
Gelar cendekiawan | |
|
Omah-omah sajeroning agama Islam yaiku ikatan kang suci amarga wong loro kang béda jinis bakal urip bareng kanthi restu agama, sadulur, lan masarakat.[1]
Akad Nikah
[besut | besut sumber]Aqad nikah sajeroning Islam ana 2 ukara "ijab lan qabul". Kanthi 2 ukara iki bisa ngrubah reregedan dadi kesucian, maksiat dadi ngibadah, dosa dadi amal sholeh. Aqad nikah dudu mung perjanjen antarané wong loro, nanging uga perjanjen antarané makluk Allah karo Al-Khaliq. Saking sakrale aqad nikah, saéngga diarani "Mitsaqon gholizho" utawa perjanjen Allah kang abot. Uga kaya perjanjen Allah karo Bani Israil lan uga Perjanjen Allah karo para Nabi yaiku perjanjen kang abot(Q.S Al-Ahzab: 7).[1]
Hukum Pernikahan
[besut | besut sumber]Hukum punikah dhasaré yaiku Jaiz (éntuk), kabèh wong éntuk nikah nanging amarga pertimbangan kahanane wong, mula hukum dhasar mau bisa ganti:
- Wajib
Nikah dadi wajib kanggo wong kang mampu lair lan batin lan dikhawatirke ora bisa nahan lan gawé zina.
- Sunat
Manawa wong saguh nyukupi kebutuhan lair batin, bisa mènèhi maskawin kebutuhan liya sawatara dhèwèké isih saguh nahan godha nafsu kanggo nahan awak ing dalan kang bener tanpa kegoda ing dalan kang karam.
- Mubah
Manawa wong duwé niyat nanging durung saguh yasa rumah tangga.
- Makruh
Manawa wong durung duwé niyat lan durung saguh yasa rumah tangga utawa wis duwé niyat nanging ragu-ragu kanggo nglakoni.
- Karam
Manawa wong nikah kanthi niyat kanggo ora nglakoni kewajiban.[2]
Rukun Pernikahan
[besut | besut sumber]- Calon penganten lanang lan wadon
- Wali saka calon pengantin wadon
- Seksi jumlahe loro (lanang)
- Ijab yaiku ucapan nyerahake calon penganten wadon saka waline utawa wakile marang calon penganten lanang kanggo dinikahi
- Qabul yaiku ucapan nrima pernikahan saka calon penganten lanang/ waline.[3]
Syarat-Syarat Sah Perkawinan/Pernikahan
[besut | besut sumber]- Penganten Lanang
- Penganten Wadon
- Syarat Wali Penganten Wadon
- Syarat Bebas alangan Perkawinan Kanggo Penganten sakloron
- Ora ana gayutan nasab
- Ora ana gayutan persusuan (radla'ah)
- Ora ana gayutan persemendaan (mushaharah)
- Ora Li'an
- Sing lanang duwé bojo kurang saka 4 lan éntuk idin saka bojone
- Ora ing sajeroning ihram haji utawa umrah
- Ora béda agama
- Ora talak ba'in kubra
- Ora permaduan
- Sing wadon ora ing masa iddah
- Sing wadon ora duwé bojo
- Syarat-Syarat Syah Kanggo Saksi Pernikahan/Perkawinan
- Syarat-Syarat/Persyaratan Akad Nikah Kang Syah:
Hadist Pernikahan
[besut | besut sumber]- “Sing sapa nikah, mula dhèwèké wus nggenepi separo saka agamané. Lan kudu dhèwèké taqwa marang Gusti Allah sajeroning ngopeni kang separone manèh”. (Hadist Riwayat Thabrani lan Hakim).
- “Nikahana wong wadon kang akèh anaké lan penyayang. Amarga aku bakal bangga karo akèhé umatku ing sangarepe para Nabi besuk ing dino kiamat”. (Hadits Riwayat Ahmad lan di shahihke déning Ibnu Hibban).[5]
Cathetan suku
[besut | besut sumber]- ↑ a b www.suaramedia.com Archived 2011-08-07 at the Wayback Machine. Pernikahan sajeroning Islam (diaksés tanggal 5 Agustus 2011)
- ↑ www.masbied.com Pernikahan sajeroning Islam (diaksés tanggal 5 Agustus 2011)
- ↑ www.wonosari.com Archived 2011-08-14 at the Wayback Machine. Pernikahan sajeroning Islam (diaksés tanggal 5 Agustus 2011)
- ↑ organisasi.org[pranala mati permanèn] Pernikahan sajeroning Islam (diaksés tanggal 5 Agustus 2011)
- ↑ www.ekomarwanto.com Archived 2011-10-11 at the Wayback Machine. Pernikahan sajeroning Islam (diaksés tanggal 5 Agustus 2011)